Asil Laut Amis-Amis Sumber Protein sing bisa dadi Repis

Yen ditakoki apa wae zat-zat sing dibutuhakekanggo badan, “protein” mesthi kepikir dadi salah sawijining wangsulan. Protein iku salah siji senyawa organik sing nduwe bobot molekul sing dhuwur. Molekul-molekul iki isine atusan nganti ewon asam amino, sing njalari protein dadi bahan pokok kanggone badan nggawe sel lan inti sel.

Kabeh bageyan ing badane manungsa: balung, otot, nganti rambut, mesthi ngandhung protein, nanging kadhare beda-beda. Protein iki sing sabanjure nduwe fungsi ndandani sel, nggawe sel anyar, nyengkuyung tuwuhe badan, dan ngukuhi fungsi organ-organ. Kajaba saka iku, kaya ta karbohidrat, protein uga bisa dadi sumber tenaga kanggo awak.

Mulane, awake dewe mesthi ati-ati yen uwis kerep kena pilek, rumangsa awak lesu, rambut kerep mbrodhol, lan bobot awake mudhun. Bisa wae iku tandhane kadhar protein ing awak lagi kurang. Yen dijarake wae, kahanan kasarasane awak bisa dadi tambah mlorod. Sing paling nemen, awak bisa ngalami cidhera ing balung jalaran kurange regenerasi sel sing bener.

Maneka panganan asli laut bisa kanggo nyuda lelera flu

Sumbre protein bisa saka tetuwuhan lan uga sato iwen. Protein saka sato iwen, utawa protein hewani, ana daging sapi, wedhus, lan maneka abur-aburan sarta endhoge, uga iwak banyu lan maneka sil laut. Dene protein saka tetuwuhan, utawa protein nabati, sumbere saka kacangkacangan kaya ta dhele, lan gandhum.

Kaya sing dirembug ing ndhuwur, mula wektu kena lara flu utawa pilek, jinis panganan sing aman dikonsumsi salah sijine yaiku iwak laut utawa lelawuh olahan saka segara. Sebab, lelawuhan sing adate diarani seafood iki nduwe zinc utawa zat besi, sing bisa ngendhani badan saka virus influenza. Yen uwis kadhung kena flu, lelawuhan saka segara bisa nyuda gejala lelarane.

Ing Surabaya, ana papan sing kondhang panganan laute, arane Omah Seafood. Mapan ing dalan Tenggilis Mejoyo, persis ing ngarepe kampus Ubaya, warung makan iki nyawisake maneka olahan seafood kaya ta kerang bathik, kerang ijo, urang, cumi, kepithing, iwak, lan lobster.

Carane mangsak ing Omah Seafood

Mike Cornelia, wanodya umur 36 taun, sing ada-ada nggawe Omah Seafood iki. Nduweni hobi mangsak kawit isih enom, Mike wiwitane adol mangsakan rajungan kare ing taun 2013. Nanging olehe dodol amung adhedhasar pesenan, lan anggone mangsak uga ana ing omahe dhewe. “Yen pas lega, aku nawakake marang kanca-kanca sing arep pesen. Banjur lagi blanja lan mangsak,” kandhane.

Suwening-suwe, saka senengane ngicipi maneka olahan asil alut ing sakehing warung makan, Key, celukane, banjur kepengin nggawe warung makan sing mligi adol seafood. Angen-angene iku diwujudake taun 2016, kanthi nyewa papan kanggo dodolan. Nganti seprene, warung makan iki kerepe rame ing wayah sore nganti bengi. Dene sing mara akeh-akehe rombongan kulawarga, jalaran porsi menu ing papan kasebut pancen kapetung gedhe.

Mike ngracik dhewe bumbu-bumbu sing njalari menu Omah Seafood nduwe cita rasa sing khas. Ana asem manis, lada hitam, mentega, uga kare. Mike pisan sing muruki karyawane 3 nganti bisa ngolah seafood kanggo ngrewangi ngladeni pelanggan saben dinane. Kajaba bukak saka Senin nganti Setu, Omah Seafood uga ngeladeni pesen-kirim, jalaran akeh-akehe pelanggane ngerti omah mangan iki saka akun medhia sosiale Instagram: @omah_seafood.

Panulis: Anette
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *