Awas! Kruma Bisa Nyusuh ing Sikat Untu

Senajan katon resik tur garing, pranyata sikat untu bisa dadi petarangane kruma (bakteri) kanthi cacah luwih saka sayuta kang asipat patogen. Tumangkare kruma ing sikat untuk bisa dadi bibit kawite tuwuhe lara untu lan gusi.

Kruma ing sikat untu ngrembaka awit pepindhahan kang dumadi ing growongane tutuk, tur bisa luwih nemen maneh yen kahanane sikat untu teles (lembab).  Kruma kang ana ing sikat untu bisa wae pindhah menyang growongane tutuk nalika sikatan, semono uga kosok baline.

Anane kruma ing sikat untu yen dienggo terus-terusan bisa njalari tuwuhe maneka rupa lelara. Sebut wae kaya rusake untu (karies), gomên (sariawan), radhang gusi, rusake jaringan panyangga untu, engga tutuk ngganda. 

Saperangan tuladhane jinise kruma kang kerep pindha-pindhah lan tumemplek ing sikat untu kaya dene jamur, kolera, baksil tifus, Staphylococcus aureus, lan Enterophemorrhagie-coli. Kruma-kruma kuwi bisa cepet ngrembaka ing sikat untu kang diseleh ing papan kang kebak banyu kaya dene jedhing.

Mula kita perlu aweh kawigaten kang mligi tumrap kahanane sikat untu kuwi mau. Utamane nalika sabubare dienggo sikatan. Salah siji carane yaiku kanthi ngresiki sisa-sisane banyu ing wulu-wulune kalawan dikipat-kipatake utawa nggunakake tisu/lap khusus murih cepet garing.

Ewasemono, kita kala-kala ora nduwe wektu kanggo nggaringake sikat untu, ditambah maneh iklim tropis ing Indonesia kalawan kelembaban kang dhuwur sajak ngangel-angeli ndadekake sikat untu dadi garing.

Milih Sikat Untu kang Becik

Milih sikat untu kanthi kuwalitas becik ora cukup lumantar nggolek sikat untu kanthi rega kang larang wae. Ning wujude sikat untu kudu digatekake kanthi slaras karo wujude tutuk. Yen kita nduweni susunan untu lan growongan kang ciyut, prayoga sikat untune uga cilik. Semono uga wewalikane.

Kegedhen ukuran njalari sikat untu rupak ing untu lan ora bisa ngranggeh bageyan-bageyan kang mligi. Dene endhas sikat cilik bisa digunakake  kanthi becik ing growongane tutuk. Tumrape wong diwasa, dawane endhas sikat prayoga kanthi ukuran 2.5 cm, lan bocah 1.5 cm.

Dawane wulune sikat uga ora kena nganti dilirwakake. Sikat untu kanthi wulu kang dawane ora padha njalari ora bisa ngresiki papan sing rata kanthi patitis. Semono uga, wulune sikat ora kena kelemesen utawa kekakon. Wulune sikat sing kelemesen njalari ora bisa ngresiki plak untu kanthi sampurna. Yen kekakon, nyebabake jaringan untu rusak kanthi sithik mbaka sithik.

Mbokmenawa kepengin tuku sikat untu kang ana tutupe, becike milih kang ana bolongane. Bolongane tutupe sikat untu kanggo mepalangi tuwuhe kruma awit kahanan teles. Tur yen bisa, milih sikat kang gagange dirancang ora gampang selip saengga ora mletha-mletho nyogrok gusi nalika dienggo. (ARW)

Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *