Budhal Sekolah Cangklongan Ban Truk

Ing SMPN 1 Dander, Bojonegoro ana swasana kang ora sabaene, nalika sakabehe siswane nyengkuyung kegiyatan karan No Backpack Day nalika Rebo, 12 November 2025.

Para siswa kang nggawa grobag-grobagan, besek buwuhan, lan ban truk

Rikala kuwi, para siswane kapurih ora nggawa tas menyang sekolah lan cukup nggawa piranti tulis sarta samubarang minangka gantine tas kang kaanggep cocok. Aturan kuwi kepara agawe pasinaon dina kuwi rinasa mirunggan.

Nalika manjing titiwancine mlebu kelas, plataran sekolahan owah dadi papan kreativitase siswa. Sagunggunge siswa katon dhampyak-dhampyak nggawa barang-barang kaya galon kosong isi piranti tulis lan bontot, dene sing liyane ana kang nggawa kranjang, ban serep, lan kerdhus.

Ana uga sing nggawa koper gedhe, kurungan manuk, besek buwuhan, nganti grobag-grobagan es krim. Nah ana salah siji siswa kang narik kawigaten yaiku kang nggawa ban truk. Maneka werna idhe lan gagasane siswa iki ngundang geguyu, gumun, lan keplok saka sapadha kancane lan para guru.

Wondene ing sawalike kegiyatan iki, ana gagasan wigati kang diupayakake dening para warga SMPN 1 Dander. No Backpack Day minangka bageyane program kokurikuler kang apepunjer gizi seimbang.

Saben siswa kapurih nggawa bontot kang nyukupi sarat nutrisi saka sumber karbohidrat nganti sayuran lan woh-wohan. Banjur gurune nuntun para siswane amrih mahami apa wae kang diarani sehat tur layak mungguh panganan kang dikonsumsi saben dinane.

Anas Sugianto minangka koordhinator kokurikuler kelas 7 lan 8 nandhesake lamun kreativitas wadhah gegantine tas kuwi mono mung saderma kori mlebune rasa sengseme siswa olehe nindakake kegiyatan iki. Fokus utamane kegiyatan iki tetep edhukasi.

No Backpack Day mujudake salah siji kegiyatan kanggo njurung krentege siswa nyengkuyung program gizi seimbang

Dheweke ngajab amrih siswane bisa kanthi gampang mahami wigatine milih panganan kang becik kanggo kasarasan badan sinambi tetep nenikmati proses pasinaone. “Tantangan milih wadhah unik pancen dirancang minangka cara amrih siswa bisa kapencut kanthi aktif marang pasinaon, dadi wis ora mung nuruti instruksi wae,” tambahe Anas.

Wondene Kepala SMPN 1 Dander Abdul Ghofur uga asung apresiasi marang para siswa lan guru kang sengkud gumregut nyengkuyung program iki. Mungguhe Ghofur, kegiyatan iki minangka upaya mujudake pakulinan positif ing lingkungan sekolahan.

“Pakulinan nggawa bontot sehat kang diwungkus kalawan kegiyatan kreatif bisa njurung siswa tuwuh dadi pribadi kang mandhiri, perduli kasarasan, lan wani ngeksplorasi samubarang anyar,” imbuhe Ghofur.

Program kuwi nabeti banget mungguh para siswane. Para siswa kasebut ora mung saderma seneng-seneng wae, nanging uga bisa oleh kawruh kang cukup babagan komposisi panganan kang imbang. No Backpack Day kinarya kegiyatan kang bisa nuladhani kita kabeh lamun pendhidhikan bab gizi ora mung kudu lumantar ceramah utawa oratoria kang sipate formal. Sebab klakone kuwi bisa lumantar kegiyatan prasaja kang bisa nyawijekake pasinaon lan suka-parisuka.

***

Panulis: Silvya Ayu Kezya
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *