Andharan
Share your love
Andharan
Rubrik “Andharan” minangka wadhahe maneka warna pamawas, gagasan, lan tintingan ngenani sawijining rembug. Sajrone rubrik iki, Panjenengan bakal disuguhake tulisan-tulisan inspiratif kang pinepakan data, fakta, lan panemu kritis. Tulisan-tulisan kang dimaksud kaya dene “Kasusastran”, “Kembang Setaman”, “Wawasan”, lan “Pangudarasa”.

Geni Mureng ing Kraton Kasunanan
Suksesi Kraton Solo ora mulus merga ana krabat sing padha-padha ngangkat calon raja. Bisa ngambali pasulayan raja kembar taun 2004-2012 kepungkur. PAREPATAN sebageyan kulawarga ageng Kraton Surakarta Hadiningrat kang diadani ana Kagungan Dalem Sasana Handrawina kompleks kedhaton, netepake Gusti Kanjeng…

Kontradiksi Gelar Pahlawan Soeharto lan Marsinah
Anugrah gelar pahlawan marang Pak Harto lan Marsinah mbingungake sacara logika awam, awit sikepe lelawanan. Yen samengko Marsinah diakoni minangka pahlawan, kudune wong-wong sing kembet karo tiwase digoleki lan dijaluki tanggung jawab. MBOKMENAWA lagi taun iki panetepan sapa-sapa sing antuk…

Kraton Solo Sawise Pakubuwono XIII Murud
Sri Susuhunan Pakubuwono XIII wis nyiapake calon pengganti wiwit 2022. Diajab suksesi sabanjure lumaku rancag tanpa nimbulake konflik internal kaya sing kedadeyan wiwit 2004 nganti 2023. KANGGO ngurmati sedane raja Kraton Surakarta Sri Susuhunan Pakubuwono XIII, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ora…

Hak Cipta, Duweke Penulis apa Media?
Ature: Siti Aminah Djosemito Pungkasane wulan September 2025 wingi, Panjebar Semangat ngadani focus group dicussion (FGD) utawa kelompok diskusi terarah minangka rerangken acara Mapag Saabad. Senajan luwih memper sarasehan daring tinimbang FGD, nanging kang baku acara lumaku kanthi lancar. Babagan…

Logika Mistika sajrone Budaya Populer Indonesia
Ing Indonesia, wis jeneng lumrah yen filem horor minangka budaya populer banget digandrungi dening sadhengah masarakat. Semono uga mungguh industri filem horor Indonesia kang ora tau leren mbanjiri bioskop-bioskop kanthi pasugatan filem horor sarana mistisisme kanggo mikat kawigatene panonton. Tur…

Nalika Seni Peradaban Kasempyok Ontran-ontran
Situs cagar budaya dirusak lan koleksi museum dijarah perusuh jrone dahuru kang kedadeyan tanggal 25-31 Agustus 2025. Wis wancine pamarentah nindakake mitigasi kanggo ngawekani bebaya musnane tabet sejarah akibat ontran-ontran. Bebasan ngidu durung asat, kurang saka sak jam sawise Gubernur Jawa…

80 Taun Mardika, Kawula Cilik Wimbuh Keplened?
Emane, pamarentah mung nyawang simbul One Piece iku minangka ancaman, nanging landhep dhengkul rasa pangrasane karo apa sing dirasakake masyarakat cilik ing walike protes kasebut. Gambar One Piece satengahing dalan paving salah sijine gang kampung kawasan Putatgede, Kecamatan Sukonamunggal, Surabaya,…

Pahargyan Suran Dinas Psikologi Angkatan Laut
1 Sura mungguhe bebrayan Jawa ora mung tinenger minangka gegantine taun, nanging uga minangka titi-wanci kang sukci lan kebak barokah. Nedhengi 1 Sura, akeh tatalaku kang kulina ditindakake dening wong Jawa kanggo ngrukti salira, sebut wae kaya dene tapa bisu,…

Geger Rubuhe Beteng Katasura
Nembe iki Kartasura, Kabupaten Sukoharjo geger kepati. Dudu jalaran ana macan den wadhahi bumbung, nanging merga tembok beteng tilas Kraton Kartasura sing dibangun taun 1680 kuwi cineker alat berat (backhoe) duweke wong sing ora paham peninggalan sejarah. Tujune lagi entuk…

Pak Besut
Nalika aku bukak-bukak majalah Panjebar Semangat edhisi 20 Maret 1937, ketemu rubrik “Sinambi Kalane Nganggoer.” Penulise nganggo jeneng singlon Seboel. Kang dakgumuni kok jenenge paraga-paragane padha karo giyaran Obrolan Pak Besut ing RRI Yogyakarta. Para maos kang saumuranku mesthi isih…

Kasus Rudapeksa Mei 98, Antarane Rumor lan Kanyatan
Indonesia ngarepake Presiden Soeharto lengser ora beda karo negara tanpa ukum. Kerusuhan pecah ing Ibu Kota 13 Mei 1998, sedina sawise pametaking layon mahasiswa Universitas Trisakti cacah 4 kang ditembak dening pawongan misterius nalika demonstrasi. Jakarta kobong. Penjarahan isen-isen toko…

Kepriye Wardiman Djojonegoro Mbukokake Surat-surate Kartini?
Wardiman nuturake ana bageyan-bageyan saka uripe Kartini mudha sing durung akeh diweruhi masyarakat. Upamane, Kartini tau ngaji marang sawenehe ulama ing Jepara. Marang guru ngajine kuwi Kartini ngusulake amrih Al-Qur’an dijarwakake menyang basa Jawa. Jroning mengeti “Hari Buku Nasional” lan…












