Crita Panji isih Lestari

Crita Panji diyakini karya asli Nuswantara kang ngrembaka wiwit abad XII. Kawentare ora mung ana Pulo Jawa wae, nanging ngrambah tekan Bali, Lombok lan Sulawesi. Kepara ing sawatara negara manca, kaya dene Thailand, Vietnam lan Myanmar, Crita Panji uga dadi folklor kang kaloka.

Mawwadatul Khusna R. lan Fitria Wardani jrone artikele kang kapacak ing Warta Museum Tahun XIII No. 13 Tahun 2018 mratelakake, sacara umum Crita Panji mung ngrembug rong paraga, yakuwi Raden Panji Kudawanengpati utawa Inukertapati, pangeran pati saka Krajan Jenggala; sarta Dewi Sekartaji utawa Galuh Candrakirana, sekar kedhaton Krajan Daha (Kediri). Lelorone wis dipacangake wiwit isih cilik. Nanging jejodhohane putra nalendra mau nrenjuhi maneka warna sandhungan.

Ing kono Crita Panji banjur dikembangake dadi maneka varian. Nadyan crita kasebut bisa dikembangake dadi maneka versi, nanging entek-entekane racake padha, yaiku nyawijine Panji Inukertapati karo Candrakirana. Varian-varian Crita Panji sing wis ora asing mungguhe bebrayan Jawa upamane Andhe-andhe Lumut, Sekartaji Murca, Keong Emas, Enthit, Cindhe Laras, Golek Kencana lan sapanunggalane.

Sebutan “panji” dhewe ngrujuk marang gelar utawa palungguhan ing lingkungan kraton. Gelar Panji biyasane kawenehake marang anake raja, pangeran pati, pangarsaning wilayah bawahan, sentana praja, lan senapati perang. Gelar ‘panji’, ‘apanji’, lan ‘mapanji’ mau terus digunakake nganti jaman Singasari lan Majapahit. Ciri khase panji yaiku panutup sirah modhel tekes. Wondene busanane mung arupa clana ireng utawa abang wates dhengkul, tinutupan jarit wiron nggon bangekekan.

Prasasti Banjaran yasan periodhe awal Krajan Kediri kanthi angka taun 725 Saka (1053 Masehi) mujudake prasasti paling tuwa kang nggunakake sebutan ‘panji’ jroning manuskripe. Prasasti in situ (ing panggonan asale) kuwi macak asmane raja Sri Mapanji Alanjung Ahyes.

Panyebutan gelar ‘panji’ bacute tinemu aneng Prasasti Hantang mawa angka taun 1057 Saka (1135 Masehi). Prasasti saka jaman Kerajaan Kediri kang samengko disimpen ing Museum Nasional Jakarta kuwi  nyebutake gelaring ratu Sri Maharaja Apanji Jayabhaya. Wondene para nayakaning praja awasta Mapanji Kabandha, Mapanji Mandaha lan Mapanji Daguna.

Duk jaman Singasari akeh sentana praja kang nggunakake gelar panji, antara liya Rakryan Demung Mapanji Wipaksa lan Rakryan Kanuruhan Mapanji Anunda. Kitab Pararaton uga nyathet gelar panji digunakake dening anak turune Ken Arok, antara liya Panji Panengah (jeneng liya saka Anusapati), Panji Saprang, Panji Tohjaya lan liya-liyane.   

Crita Panji dipercaya minangka gubahan lelakone tokoh-tokoh sejarah Jawa Timur abad kaping 12 Masehi. Ora cetha sapa sing ngripta naskah mau, nanging dinuga asil karyane pujangga jaman Majapahit kang sumber gagasane kakedhuk saka papan panggonan kang nyata, kaya dene Krajan Jenggala, Kediri, Urawan lan Gagelang. Crita Panji diangkat sawise crita-crita saka India kanthi babon utama Ramayana-Mahabarata kaya-kaya dadi pasinaon tunggal ing njero kraton. Muncule Crita Panji saka kabudayan lokal Nuswantara mau kacihna ditampa dening masyarakat.

Ora mung winates crita tutur, Crita Panji uga digambarake menyang relief candhi minangka apresiasi marang sastrawane. Visualisasi iki tinemu aneng Candhi Mirigambar, Candhi Surowono, sarta Candhi Perwara ing Candhi Tegowangi. Relief sing kurang luwih padha uga tinemu ana candhi-candhi ing Gunung Penanggungan, antara liya Candhi Wayang, Candhi Gajah, Candhi Kendhalisada lan Candhi Selokelir. Kabare, dhek jaman Majapahit relief-relief mau ora dipitontonake kanthi wutuh, nanging cukup ditampilake bageyan-bageyan wigati kang dianggep wis makili sakabeh critane.

Gambaran Crita Panji ing relief-relief candhi mau bisa katitik saka blegere satriya nganggo tutup sirah wangun tekes kang banjur dipungkasi blegere wanita kekasihe sang Panji kadherekake abdi wulucumbu utawa panakawan.

Relief kang nggambarake blegere satriya nganggo tekes kang dinuga Panji, didherekake abdi panakawan. Relief iki tinemu ana candhi ing Jawa Timur.

Parandene ora tinemu naskah Crita Panji saka jaman Majapahit. Naskah-naskah ngenani Panji Asmarabangun, Panji Semirang Asmarantaka lan sapiturute dinuga ditulis ulang adoh sawise periodhe Majapahit. Naskah Crita Panji paling tuwa sing tau ditemokake yaiku Panji Anggraini (Angreni) ing Palembang.

Maneka ‘Varian’

Mashuri, penulis sastra lan peneliti Pusat Riset Manuskrip, Literatur dan Tradisi Lisan Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN) nuturake, nganti seprene Crita Panji isih urip jroning pentas-pentas seni tradhisi, kaya dene wayang gedhong, wayang topeng, wayang beber lan sapanunggalane.

Mashuri

Ing tradhisi tulis (sastra), naskah Crita Panji katulis nganggo basa Jawa Pertengahan. Wujude arupa kidung. Tradhisi penaskahan Crita Panji kang arupa manuskrip kuna, kandhane Mashuri, isih ‘melimpah.’ “Saka kono dinuga naskah kasebut diripta ing jaman Majapahit,” ujare.

Tinemu maneka judhul Crita Panji kanthi paraga utama Panji. Ing antarane Panji Angreni, Panji Jayalengkara, Panji Priyembada, Panji Dewakusuma, Panji Jayakesuma, Panji Angron Akung, Panji Murdasmara, Panji Suryawasesa, Panji Dhadhap, Panji Raras lan sapanunggalane.  Saka sakehing versi mau, Poerbatjaraka (1968) duwe dudutan menawa inti Crita Panji satemene ana nenem.

Sepisan, paraga utamane aran Inu Kertapati, putra Raja Kuripan, lan Candra Kirana, putrine Raja Daha. Kapindho, sapatemone Inu Kertapati karo Angreni kang wasana dadi kekasihe. Katelu, Angreni diprajaya utusaning raja. Kapapat, Candra Kirana ilang. Kalima, adegan-adegan Inu Kertapati lan Candra Kirana ing tlatah pangumbaran. Kaenem, sapatemone maneh paraga utama loro mau, banjur dhedhaupan.

Ringkesan saka crita Panji Angreni yaiku nalika Panji Inu Kertapati kang wis dipacangake karo Candra Kirana ya Sekartaji kegiwang marang citrane Dewi Angreni, putrane pepatih Jenggala. Lelorone banjur dhedhaupan. Sekartaji lara ati marang pakartine calon garwane mau. Ora mung Sekartaji sing lara ati, dalasan kulawargane Raja Daha uga ora bisa nampa karo tumindake Inu Kertapati. Raja Koripan banjur utusan nayaka supaya mrajaya Angreni kanthi sesidheman. Awit ya wanita kuwi sing dianggep dadi pepalang anggone bakal bebesanan karo Raja Daha.

Nyumurupi Angreni tiwas, Inu Kertapati ngengleng jiwane. Dheweke banjur mendra saka kraton ngulandara saparan-paran kanggo nambal rengkaning ati. Sajrone ngulandara mau Inu Kertapati namur laku kanthi aran Jayengsari. Kepara Jayengsari kasil nelukake krajan-krajan cilik ing sadawane laku.

Ing sisih liya, akeh raja kang nglamar Sekartaji jalaran mangerti menawa sang dewi tininggal lunga dening pacangane. Nanging panglamar mau ditulak awit senadyan ta dikaya ngapa Sekartaji isih ngugemi prasetyane mung gelem diwengku dening Inu Kertapati. Ora trima panglamare ditulak, para raja mau banjur bebarengan ngrabasa Daha.

Raja Daha banjur njaluk pambiyantune Jayengsari. Jayengsari saguh nyirnakake parangmuka waton diolehi nggarwa Sekartaji. Raja Daha ora kabotan. Wekasane Jayengsari klakon ngasorake para raja kang mbarang amuk lan didhaupake karo Candra Kirana. Krungu pawarta yen Sekartaji wis dipek bojo Jayengsari, Raja Koripan nesu. Awit ngira menawa calon mantune mau dipek wong lanang liya. Raja Koripan banjur ngetab wadya bala kanggo nggempur Daha kanthi dipandhegani Brajanata.

Raja Daha mundhut Jayengsari mandhegani prajurit ngadhepi Brajanata. Nanging abot tumrap Jayengsari minangkani pamundhute Raja Daha jalaran Brajanata mono isih sedulure dhewe. Wusana Jayengsari waleh marang Brajanata lamun satuhune dheweke mono Panji Kudawanengpati. Prekarane Daha-Koripan wekasan rampung kanthi kebak kabagyan.

Suprandene prakara liya muncul awit pangrabasane Raja Nusakencana kang kepengin ngrebut Dewi Sekartaji. Nanging pangluruge Raja Nusakencana bisa dibalekake dening Inu Kertapati. Sawise kuwi ana maneh prekara mbarung sinang muncule Panji Inu Kertapati palsu. Kacarita Bambang Sutama kang melik ngepek Sekartaji banjur dandan memper Inu Kertapati. Marang Raja Koripan dheweke kandha menawa Inu Kertapati sing wis didhaupake karo Sekartaji satemene panji palsu, lan dheweke sing panji asli.

Raja Koripan nesu maneh. Nuli mepak wadya bala budhal ngrabasa Daha. Klakon Panji Inu Kertapati asli lan tiron adhep-adhepan. Kekarone prang tandhing rame. Wusana Bambang Sutama kasoran. Ragane muksa. Daha bali tentrem.

Miturut Mashuri, Serat Panji Angreni  dianggep sing paling jumbuh karo babon teks kang ana. Dinulu saka panulisan basane, panuturan ing Serat Panji Angreni meh padha karo basa ing kitab Pararaton. Saputra (1998) tau nliti basane Serat Panji Angreni mau saka aspek kesastraan. Saka kono Saputra nemokake 12 varian saka naskah Serat Panji Angreni. Dheweke nduga ing sanjabane 12 varian kuwi isih ana maneh versi crita sing ngandhut teks Serat Panji Angreni.

Paraga utama jroning Crita Panji, kejaba Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji, yaiku Raden Gunungsari, Dewi Ragil Kuning utawa Onengan, Prabu Klana Sewandana, Resi Curiganata, lan Dewi Kilisuci. Wondene paraga-paraga pendhukunge ana 34. Antara liya Panji Sinom Pradapa, Panji Carangwaspa, Panji Brajanata, Panji Kartala, Panji Kuda Laleyan, Lembu Amiluhur, Lembu Amijaya, Kudanawarsa, Jaya Kacemba, Jaya Badra lan liya-liyane.

Pentas kethoprak tradhisional kanthi lakon Panji.

Pimpinan Kethoprak Siswobudoyo Tulungagung Bambang Widjanarko nalika pentas ana Gedung Cak Durasim Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali, Surabaya tengahing taun 2023 kepungkur ngangkat lakon ‘Sekartaji Kembar.’ Marang Panjebar Semangat Bambang ngakoni menawa crita kasebut dikreasi saka naskah pakem Crita Panji.

Kaset Kethoprak Sapta Mandala Yogyakarta kang ngangkat lakon Panji Semirang.

‘Sekartaji Kembar’ nyritakake Dewi Sekartaji kang sungkawa labet tininggal mendra dening calon garwane, Panji Inu Kertapati, tanpa pepoyan. Mbarengi kuwi nalendra Sabrang Prabu Klana Mudha nglamar Sekartaji. Sumelang bakal gawe onar ing Daha yen panglamare Klana Mudha ditampik, Prabu Lembu Amiluhur banjur utusan abdi wulu cumbu Bancak lan Dhoyok minta pambiyantune Resi Curiganata ing Gunung Wilis.

Resi Curiganata banjur gawe cara amrih Klana Mudha ora ngamuk. Yaiku ndandani Bancak dadi Sekartaji lan Dhoyok dadi Dewi Ragil Kuning. Wondene Sekartaji lan Ragil Kuning kang sejati didhelikake ana kalpika. Prabu Klana Mudha akhira mboyong Sekartaji lan Ragil Kuning tiron. “Cariyos menika sipatipun gegeculan, kula kreasi piyambak adhedhasar Crita Panji,” kandhane Bambang. Miturut Bambang, Siswobudoyo pancen sok ngreasi Crita Panji kanggo dipentasake. Kejaba ‘Sekartaji Kembar’, kreasi crita liyane sing sok diangkat menyang panggung yaiku ‘Panji Remeng.’ Nyritakake lelakone Dhoyok sing lunga saka kraton merga disiya-siya. Ing paran dheweke kober jumenang raja sawise nelukake sawijining kraton. Ing pungkasane crita Dhoyok kejodheran sawise Bancak teka.

***

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 199

One comment

  1. Artikel yang sangat menarik.budaya-budaya lokal seperti ini memang harus sering dimunculkan agar lebih banyak diketahui oleh masyarakat.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *