Pelaksana Tugas (Plt) Gubernur Jawa Timur Emil Elestianto Dardak sanja menyang omahe Al Divi Rarindrayana, mesisan paring hadiah marang salah sijine siswa ‘berprestasi’ saka MTsN 1 Kota Blitar kang omahe ing Jalan Kenari, Kelurahan Plosorekep, Kutha Blitar, kuwi (2/6).

Minangka wujud apresiasi lan rasa mongkoge, Emil menehi hadiah laptop marang Al Divi kanggo nyengkuyung kegiatane dadi game animator. Saliyane kuwi, Google Indonesia uga menehi hadiah Galaxy Tab sing diserahake dening Emil marang Al Divi.
Kanthi diampingi Wali Kota Blitar Syauqul Muhibbin, Kepala Dinas Pendidikan Jatim Aries Agung Paewai, lan Kepala Dinas Kominfo Jatim Sherlita Ratna Dewi Agustin, Wagub Emil nelakake rasa mongkoge marang Al Divi Rarindrayana amarga prestasine sing wis resmi direkrut Perusahaan Developer Game Roblox Internasional minangka game animator wiwit September 2024 ksb.
“Mas Divi iki wis lulus saka MTsN 1 Kota Blitar. Bapake lan ibune iku sing luar biasa. Sakawit Mas Divi seneng main game. Banjur ana salah sijine game sing ditlateni, aja gampang bosen. Sapa ngerti kuwi bakal ngasah konsistensi lan ketrampilan,” ujare Emil.
“Pungkasane, Mas Divi kekancan cukup akeh karo bocah-bocah sing saiki wis kuliah. Saka kono, nggawe animasi karakter, banjur ana klien sing nuku. Iki ana laptop lan tab, muga-muga bisa nambah semangat kanggo nggawe animasi sabanjure” bacute Emil Dardak.
Animasi iki, tambah Emil, ditindakake lumantar software kang jenenge Blender. Komputere digawe apik, ora mung kanggo game, nanging uga bisa kanggo nggawe karakter animasi mau.
“Dadi, mau kuwi nggawe komputer sing piranti lan spesifikasine tartamtu. Kabeh diracik dhewe, tegese wis paham bakate arep menyang endi,” imbuh Emil.
Miturut Wagub Jatim, prestasi Al Divi jelas ora bisa uwal saka cawe-cawene bapak-ibune lan lingkungan sekolah apadene sosiale.

“Apresiasi kanggo bapak lan ibune sing wis aweh panyengkuyung. Bocah kuwi biasane yen main game, ana loro pilihane, di loske (dijarke wae) utawa malah dilarang total. Nah, sing dibutuhake kuwi sing gelem investasi wektu kanggo langsung aweh fasilitas lan ngawasi kanthi bareng-bareng,” ujare.
“Soale, sawenehing wektu kepungkur aku menyang RS Menur, ing kana ana sing kecanduan game online nganti mbebayani. Mula iki sing dadi tantangane, piye carane screen time dadi learning time. Mesthi kuwi bakal dadi barang sing produktif,” jelase Emil maneh.
Mula iku, Emil Dardak yakin yen Al Divi iki conto sing bisa ngowahi dukungan saka cawe-cawene wong tuwa, banjur ekosistem lingkungan sekolah sing nyengkuyung, saengga nuwuhake efek sing positif.
Mula iku, Wagub Emil bakal terus ndhukung kreativitas generasi mudha. Kaya sing ditindakake Al Divi. Saengga generasi mudha sing duwe prestasi kaya ngene iki bisa dadi inspirasi lan nambah optimisme marang sing liyane supaya bisa nguwasani jagad sing saya digitalizem. Ing pungkasan sambutane, Emil Dardak meling marang Al Divi, supaya terus ngasah akal, pikiran lan mentale. Merga mengkone bakal ketemu rasa bosen, nanging yen wis biasa diasah bakal luwih gampang golek ide kanggo nggawe karya,” pamungkase Emil. (d)***
Panulis: Donny Toenggoel
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






