Indonesia mujudake salah sijine negara kang paling sugih gunung geni. Saka udakara 500 gunung ing saindenging bawana, watara 127 gunung api aktif ana ing negara kita. Prastawa mbledhose (erupsi) Gunung Merapi gedhen gedhenan taun 2010 kapungkur, menehi kawruh marang kita ngenani bab ilmu kegunungapian utawa vulkanologi. Lan nyinaoni babagan ilmu kegunungapian ora kudu liwat bangku kuliah nanging uga bisa katindakake lumantar Museum Vulkanologi.
ING Indonesia wektu iku wis nduweni museum vulkanologi cacah telu, ing antarane Museum Vulkanologi Ketep Pass ing Sawa- ngan Magelang, Kabupaten Magelang; Museum Vulkaologi ing kawasan wisata Kintamani, Kabupaten Bangli, Propinsi Bali ing sacedhake Gunung Batur, lan Museum Gunung Merapi ing Pakem, Yogyakarta. Katelune duwe gegayuhan sing padha, yaiku menehi informasi marang pengunjung ngenani bab kegunungapian lan mitigasi bencana kang disebabake dening aktivitas gunung api.
Menawa panjenengan tindak ing kawasan obyek wisata Ketep Pass, yektine orang mung nyawang kaendahaning Gunugn Api Merapi wae, nanging uga bisa nambah kawruh babagan kegunungapian mligine Gunung api gedhe cacah lima: yaiku Merapi, Merbabu, Sindoro, Sumbing lan gunung Slamet, sarta gunung-gunung cilik kayata Gunung Tidar, Gunung Telamaya, Gunung Andhong, Gunung Pring, lan perbukitan Menoreh, panjenengan uga bisa sinau ba- bagan vulkanologi ing Volcano Centre lan Volcano Theater.
Ketep Pass mujudake gumuk cilik sing dhuwure udakara 1.200 meter saka lumahe banyu segara, lan jembare nggayuh 8.000 meter pesagi. Ing Ketep Pass wis cuma- wis gardhu pandang kanggo nyawang kaendahane gunung, spot teropong lan Volcano Theatre kang dumunung ana sangarepe plataran Panca Arga. Bangunan gedung theatre alam kasebut bisa nampung wong 79. Sajrone gedhung kasebut pengunjung bakal disuguhi film kanthi durasi 45 menit nggambarake akivitas Gunung Merapi kang mujudake gunungapi paling aktif ing Indonesia.
Lumantar film iki pengunjug bakal nampa sesurupan bab proses dumadine Gunung Merapi. Sabanjure uga bisa antuk informasi babagan perangan kang wigati tumrap gunung kasebut, bisa nyumurupi apa sing diarani “wedhus gembel “ (pyroclastic flow), aktivitas pendakian, piranti piranti kanggo ngawasi kegiyatan gunung kang dipasang ana ing papan papan tinamtu ing perenging gunung Merapi, panaliten pucuk gunung Merapi sing sok karan puncak garuda, mbledhose Gunung Merapi dhek taun 2006 lan 2010. Film iki dipungkasi kanthi gegambaran aktivitas pendhudhuk ing pereng Merapi sabubare erupsi Gunung Merapi. Pengunjung kang arep mriksani film amung cukup mbayar karcis Rp 9.000 saben wo- nge, dene yen kepingin nyawang Gunung Merapi kanthi cetha bisa migunakake teropong kanthi mba- yar sewan Rp 5.000 saben wonge.

(Berita Magelang)
Museum
Becike sawise mriksani film, panjenengan banjur tindhak mlebu ing Museum Volcanio Centre kang dumunung ing sacedhake plataran parkir. Menawa saka arah Volcano Theatre panjenengan kudu ngliwati Restoran Ketep Pass lan Gazebo sacedhake restoran, banjur mudhun liwat tlundhakan tumuju ing jram- bah ngisor lan banjur mundhut tiket mlebu mu- seum Rp 5.000, bangunan museum kasebut jembare 550 meter pesagi, sakeplasan katon kaya bangunan njeron lemah utawa bangker.
Ing ruwangan kasebut pan- jenengan bisa mriksani suguhan informasi werna werna ngenani thekliwere babagan kegunungapian (vulkanologi) kanthi maneka rupa penyajian. Sepisanan, pengunjung bakal disuguhi informasi umum bab gunungapi disawang saka maneka aspek geologi kanthi wujud gambar, foto foto, peta kanthi format kang gedhe sarta diorama gunung Merapi. Pengunjung uga antuk sesurupan ngenani dumadine letusan utawa erupsi gunung Merapi, uga kepriye carane ngawekani lan nyingkiri bebaya erupsi gunung Merapi. Uga diandharake ngenani proses mitigasi utawa penanggulangan bencana gunung api.
Ing ruwangan iki panjenengan uga bisa mriksani replika miniatur Gunung Merapi. Ing ruawangan bacute pengunjung bisa mriksani aktivitas gunung berapi lumantar poster. Ing ruwangan kapindho pengunjung bisa mriksani koleksi maneka warna batuan sing diasilake saka erupsi gunung api Merapi kang diwadhahi vitrin (kothak kaca).
Sabanjure pengunjung bisa migunakake perangkat komputer multi media kang dipasang ing tembok kanggo ndeleng koleksi Gunung Api ing Indonesia. Kanthi piranti iki pengunjung uga bisa ndeleng wujude Gunung Merapi kanthi ukuran cukup gedhe. Piranti iki uga nyediani “menu” ngenani kegiatan mitigasi bencana gungun api. Ing museum kasebut uga dipamerake foto foto gunung Merapi kang dipotret saka gegana lan piranti kanggo ndeleng asile foto udara kang arane “stereoskup”.
Ing kene uga ditampilake gambar tiga dimensi asil pemotretan udara kasebut. Ing museum kasebut pengunjung uga bisa mriksani piranti pemantauan gunung api, poster puncak garuda ukuran 3 X 3 meter lan poster peringatan dini lahar Gunung Merapi. Metu saka ruwangan iki pengunjung wis tekan plataran parkir lan mushola.

(Berita Magelang)
Mangkono satleraman bab Volcano Theatre lan Volcano Centre ing obyek wisata ketep pass. Rasane kurang lengkap yen pengunjung durung mrelokake mriksani blegere Gunung Merapi lan Merbabu liwat teropong kang wis dicawisake.
Lokasi Ketep Pass Magelang iku dununge kurang luwih 17 Km sawetane desa Blabag, 21 Km saka Mungkid lan 30 km saka Magelang, sarta 32 km saka kutha Salatiga. Tumrap para maos PS kang ora kagungan kendharakan pribadi bisa kanthi nitih kendharakan umum. Lumartar aplikasi map ing smarthphone, pengunjung kang arahe saka kutha Yogyakarta bakal dipandhu ngliwati Jl Magelang tumuju Muntilan banjur menggok nengen ngliwati dalan kang tumuju ing Ketep Pasa.
Dene pengunjung kang ora kagungan kendharakan pribadi bisa nitih bis jurusan Semarang, banjur mandheg ing protelon Blabag (Kabupaten Magelang). Saka Blabak banjur numpak bis Purba Putra nganti protelon Sawangan. Saka Sawangan, pengun- jung bisa mbacutake laku kanthi nitih bis cilik rupa jambon (pink) kang bakal ngeterake tekan sangarepe kawasan wisata Ketep Pass. Jalur iki uga padha menawa pengunjung arahe saka Semarang. Dene yen arahe saka Solo bisa liwat Boyolali.
Ing mangsa pandemi Covid 19 iki Ketep Pass pancen sepi ora kaya sadhurunge pandemi. Kepara nalika wiwit tumapake PPKM, destinasi wisata alam iki klebu sing ditutup samentara kanggo umum. Nanging sawise PPKM dilonggarake saiki, mula museum Ketep Pass bisa dadi jujugan wisata maneh.







