Ekonomi Mandhiri Dayak Meratus lumantar Bamboo Rafting

Jasa angkutan gethek alias Bamboo Rafting ing Kali Amandit, kawasan Pegunungan Meratus Kalimantan Selatan. (Foto: Antara/Abdul Hakim)

Srengenge lagi wae mlethek nalika para wisatawan kuwi ngresepi hawa seger ing alas tropis tepine Kali Amandit, Desa Lok Lahung, Kecamatan Loksado, Kabupaten Hulu Sungai Selatan, Kalimantan Selatan, Kemis, 30 Oktober 2025. Thomas Harianto, warga asli suku Dayak Meratus, katon ibut naleni pring cacah 16 lonjor salengene wong diwasa gedhene dadi gethek. Esuk kuwi Thomas kajibah ngeterake pelancong-pelancong mlaku ngenut kali kang nyigar alas tropis Pegunungan Meratus mau. Saben gethek ditumpaki wisatawan telu.

Thomas lan wong 30 liyane wis kawit 2015 kepungkur nekuni pakaryan minangka juru satang gethek. Nalika kuwi gethek kuwi disebut kanthi aran Lanting. Nanging amrih keprungu ‘gaul’ banjur diowahi dadi Bamboo Rafting. Saurute kali, wisatawan bakal nemokake sesawangan maneka warna asil kedadeyan bumi (geologi), kaya dene watu-watu klompok Malihan sing umure 108-182 juta taun, sarta watu-watu kang timbul kasebab aktivitas vulkanik, yaiku klompok Granit Batanglai/Belawaian umur 96-135 juta taun.

Sawise nempuh laku kurang luwih 14 kilometer, para wisatawan bali menyang panginepane. Temtu wae sawise menehi ongkos marang Thomas sakanca. Thomas mathok tarip Rp 200-300 ewu kanthi rute paling cedhak 30 menit lan paling adoh 3 jam. Brekat Bamboo Rafting, ana ekonomi gotong royong sing ngasilake pametu tumrap warga lokal.

Sadurunge 1994, gethek dadi alat transportasi banyu sing diandelake dening masyarakat Dayak Loksado kanggo ngangkut tanduran asil panenan sawah lan tegal menyang kutha. Mulih saka kutha sekalihan blanja keperluwan padinan. Ngrembakaning jaman, 2015 gethek ‘munggah pangkat’ ora dianggo sarana transportasi menyang kutha maneh, nanging dikembangake minangka jujugan wisata. Lan setaun candhake dianakake Festival Loksado sing salah siji tujuwane kanggo mromosekake Bamboo Rafting marang wisatawan.

Taun 2018 Bamboo Rafting lan 53 situs liyane dadi bageyan saka Geopark Meratus lan resmi ditetepake minangka Geopark Nasional lumantar Komite Nasional Geopark Indonesia. Brekat komitmene pemerintah daerah, UNESCO ngakoni Geopark Meratus minangka warisan geologi lan resmi mlebu anggotane UNESCO Global Geopark (UGGp). Sertifikat pengakuwane UNESCO mau ditampakake marang Gubernur Kalimantan Selatan Muhidin ing Paris, Prancis, 3 Juni 2025.

Sekretaris Daerah Kalimantan Selatan Muhammad Syarifuddin ngandharake, anane Bamboo Rafting ing Geopark Meratus mujudake bageyan saka upaya nguwatake ekonomine masyarakat lokal. Nalika wisatawan gumrudug mara, masyarakat ing sakiwa tengene Kali Amandit uga oleh keuntungan. “Akeh masyarakat sing investasi mbukak rumah makan, penginepan, UMKM, sewak endharaan, lan liya-liyane,” kandhane Syarifuddin.

Kanthi budaya suku Dayak kang isih kajaga keasliane, pemerintah daerah ngrancang Geopark Meratus minangka langkah kolaborasi karo masyarakat adat kanggo bareng-bareng ngreksa lestarine alam Pegunungan Meratus. Kanthi penguwatan infrastruktur, Loksado kang wis mlebu menyang Kharisma Event Nusantara (KEN) Kementerian Pariwisata, saengga nduweni daya tarik mligi tumrap wisatawan dhalem negeri lan mancanegara.

Ikhtiar njembarake akses ekonomi tumrap penduduk lokal terus diupaya, salah sijine kanthi mbukak jalur penerbangan Banjarbaru-Kuala Lumpur (Malaysia). Pemerintah daerah sadhar, sawise Geopark Meratus diakoni dening UNESCO, wisatawan sing mara saya mundhak akeh. Mula kudu dibarengi karo dibukake akses ekonomi sing luwih jembar. 

“Loksado saya dikenal merga anane geopark sarta keunikan adat tradhisi suku Dayak sing isih asli,” ujare Anggota Kelompok Sadar Witasa (Pokdawis) Desa Lok Lahung, Seno. Suku Dayak Meratus ngajab pemerintah konsisten ngreksa lestarine alam, utamane geopark. Suku Dayak ora kepengin keasliane alam diuthik-uthik kanggo ngeruk keuntungan, upamane ngedhuk tambang ing kawasan Pegunungan Meratus. Warga sing turun-tumurun manggoni wilayah kasebut prasetya ngreksa lestarine lingkungan alam kanggo diwarisake marang anak putune mbesuk. (Antara/Tumpal Adani Aritonang)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *