Festival Dayung Tejoasri Lamongan Nggerakake UMKM

Bupati Lamongan, Jawa Timur, Yuhronur Efendi, ngandharake Festival Dayung Tejoasri 2025 ora mung saderma kegiyatan olahraga tradhisional nanging uga kuwawa nggerakake ekonomi masyarakat, mligine usaha mikro kecil lan menengah (UMKM). “Festival Dayung Tejoasri 2025 dadi pemantik kanggo ngundhakake potensi sosial budaya, pariwisata, mesisan nggerakake ekonomi lokal,” kandhane Yuhronur nalika nekani acara Festival Dayung Antar-Desa sa-Jawa Timur ing Desa Tejoasri, Minggu, 14 September 2025.

Miturut Yuhronur, ana 100 UMKM sing nggelar lapak dodolan kanggo ngregengake festival kasebut. Saengga kegiyatan mau sacara ora langsung wis mbukak ruwang promosi tumrap usahane warga, sarta ngundhakake kekuwatan tetukone masyarakat. Dheweke ngalembana pengurus Desa Tejoasri sing  mbudidaya nganakake festival melahi prau mau wiwit 2023 kepungkur lan saiki tatarane wis propinsi. 

“Festival dayung iki dadi conto kolaborasi masyarakat desa jroning ngreksa tradhisi lan mikuwati perekonomian lokal,” tuture Yuhronur.

Pertumbuhan ekonomi UMKM ing Lamongan taun 2024 nggayuh 4,81 persen. Pemerintah daerah mesthekake bakal fokus mbudidaya ngundhakake ngrembakane ekonomi mau  liwat meneka kegiyatan sing bisa nambah gumregahe ekonomi lokal. Salah sijine kanthi nyengkuyung Festival Dayung Tejoasri mau.

Kepala Desa Tejoasri Yusuf Bachtiar nuturake festival dhayung iku ora mung sekadhar lomba olah raga banyu. Nanging uga minangka sarana ngurip-urip semangat kejayaane Bengawan Solo. “Ing sejarahe, Bengawan Solo tau dadi punjere peradaban lan keteg jantunge ekonomi. Spirit kuwi coba diunggar maneh lumantar festival dhayung kanthi nggelar even budaya lan nggandheng pelaku UMKM,” ujare Yusuf.

Festival Dayung Tejoasri 2025 dieloni 64 tim antar-desa sa-Jawa Timur kanthi total hadhiah Rp 20 juta. Kejaba lomba dhayung, penonton uga disuguhi pertunjukan kolosal Jaka Tingkir sarta prosesi adat Siram Tukon Banyu. Ing festival dhayung kuwi juwara I direbut dening Desa Tebaloan, Kabupaten Gresik; juwara II Desa Kabalan, Kabupaten Bojonegoro;  juwara III Desa Tambaklekok, Kabupaten Pasuruan; lan juwara harapan I Desa Parengan, Kabupaten Lamongan. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 199

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *