Ing satengahe wulan pasa apamaneh ditambah Work From Home kaya ngene iki, jejere smartphone pancen penting banget. Amarga meh kabeh kabutuhan bisa ditindakake saka kene. Lan jalaran teknologi kang saya canggih, smartphone saikine uga wis bisa disebut minangka komputer portable, kang bisa kanggo nggarap tugas, nggawe presentasi, edit foto lan video, nganti rapat online. Malah ana sawenehing fitur kang ana ing smartphone kelas atas kayadene Galaxy S20 Series bisa ningkatake produktivitas nalika nggarap tugas apadene gaweyan. Penasaran apa wae? Langsung wae kita semak siji-siji ya.
1. Virtual Assistant
gbr 1
2. Side Bar
Fitur sing siji iki penting banget apamaneh kanggo kanca-kanca kang sering nggarap tugas ing smartphone. Merga ing side bar iki ana sawenehing fitur kang bisa mbantu kita. Wiwit saka nulis note, kirim sms, nggoleki kontak, screenshot, mbukak browser, gambar layar nganggo pen, nganti mbukak kalender jadwal kelas utawa meeting kang kudu dieloni. (gbr 2)

gbr 2
3. Screen Recording
Yen sing siji iki cocok kanggone sing seneng main game lan pengin mamerake skill utawa serune main game karo kanca-kanca ing media sosial. Mung wae, nalika ngrekam layar kita kudu milih sumber suara kang bakal mlebu menyang njero rekaman, saka game kang kita mainake utawa microphone. Yen pengin kekarone sumber suara mlebu menyang video, kita kudu nambahake ekstra usaha kanggo ngrekam liwat aplikasi OBS kang ana ing komputer. Beda karo kang ana ing Galaxy S20 Plus, ing kene ana opsi kanggo ngrekam saka kekarone sumber suara. Dadi kita bisa ngrekam suara game sarta suara kita dhewe nalika main game. (gbr 3)

gbr 3
4. Pop-up View
Mungkin kanggone saperangan wong ora nganggep penting fitur iki. Mangka yen dipikir-pikir maneh kita butuh banget kok. Fitur pop-up view iki ndadekake kita bisa mbukak aplikasi chatting lan mbales pesan nalika lagi rapat utawa main game kanthi bebarengan.
5. Focus Mode
Yen fitur sing siji iki fungsine kanggo ngunci aplikasi kang nggangu gaweyanmu. Jroning pengaturane, kita bisa milih aplikasi apa wae kang pengin kita gunakke nalika focus mode aktif. Ing mode fokus iki, saliyane mung bisa mbukak aplikasi kang kita ijinke wae, notifikasi kang mlebu uga mung saka aplikasi iku wae sob. Dadi kita bisa bisa bebas saka notifikasi grup kang nggangu. Mengkone nalika kita pateni, fitur iki bakal ngabari apa ana notifikasi kang kita lewatake sasuwene ngaktifake mode fokus iki. Saliyane iku, kita uga bisa nggawe sakehing skenario fo- cus mode kang cocok karo kabutuhan kanggo fokus. (gbr 4) So, ing antarane limang fitur smartphone ing ndhuwur iku, endi sing paling sering mbok gunakake lur? (d/ist)***

gbr 4







