Geneya Sareyane Tumenggung Endranata kanggo Kesed?

MAKAM Pajimatan Imogiri Bantul, klebu makam kuna. Lan mujudake bangunan cagar budaya kang tansah diayomi dening undang undang cagar budaya. Miturut cathetan kang kasebut ana ing Babad Memana, Kagungan Dalem pasareyan Pajimatan kang kawentar minangka pasareyane Ngarsadalem Sampeyandalem Kangjeng Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma iku kabangun nalika taun 1563.

Panjenengane sing nurunake para raja saka Kraton Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing pasareyan kuwi tumekaning saiki ana makam sing wujude misterius ora ana sekarane (kijinge). Wujude watu undhak undhakan sing kanggo tumuju ing regol Supit Urang Sultan Agungan. Mula saben peziarah sing arep mlebu komplek Pasare- yan Sultan Agungan ‘kepeksa’ ngidak makam iki senajan akeh wong wong sing ora ngerti.

Makam sing diidak idak iku makame pengkhianate Sinuhun sing arane Tumenggung Endranata. Duk rikala ngadani ekspedisi nglurug ngrabasa VOC ing Batavia (saiki jenenge Jakarta) kanthi ngobongi lumbung beras sing kanggo kabutuhane para prajurite. Saengga ekspedisi mau gagal wigar tanpa karya.

Pasareyan Pajimatan Imogiri sadurunge dadi, ing taun 1620 –1625 Sinuhun Sultan Agung wis yasa makame dhewe ing gumuk Girilaya, pernahe ana ing sisih lore makam sing adohe watara 3 Km. Kangjeng Sultan Agung pribadi kang nyalirani ngawasi gugur gunung tekane tata rakit calon cungkup makam mau.

Ndhilalah wektu kuwi Sultan Cirebon mertamu menyang Mataram, ngepasi grebegan. Ora nyana, sawatara ana ing kutha Kerta (ibukotane Mataram), Sultan Cirebon iki gerah, satemah seda. Ora bakal layone dikondurke menyang Cirebon, ngelingi suwene laku amarga adohe jarak Mataram – Cirebon, sarta tetimbangan liya.

Sultan Agung nuli paring kawicaksanan. Layone Sultan Cirebon disarekake ing gumuk Girilaya, waton ora sajrone cepuri. Tekan seprene sekarane (kijinge/maesane) isih asli yasan mbiyen, gedhe rinengga ukir ukiran sangisore wit nagasari.

Cepuri dibeteng mubeng iku tundhone wurung diagem makam, beteke kangjeng Sultan Agung rumaos kuciwa, merga ingkang paman, Pangeran Juminah, matur ndherek sumare ing Girilaya. Nanging Kangjeng Sultan ora dumugi klawan panyuwun iki.

Kepriye maneh, Pangeran Juminah kepeksa disarekake sajrone cepuri. Ateges Kangjeng Sultan kedhisikan. Pepunthoning rembug, ancas sumare ing Girilaya diwurungake. Wewangunan pendhapa cungkup sing dadi dibongkar.

Maesane Tumenggung Endranata ing tlundhakan ngisor dhewe sangarepe Gapura Supit Urang pasareyan Kadhataon Sultan Agungan

Miturut critane juru kunci pasareyan Girilaya, Muh Syifa, balungan sacagake nuli diboyong menyang Demak kanggo mbeciki masjid tilarane para wali.

Sultan Agung nuli dhawuh yasa calon Pasareyan ing gumuk Merak, sakidule Girilaya. Pasareyan Girilaya nuli disuwungake. Ewasemono kajaba Pangeran Juminah, Panembahan Girilaya sing kawentar kanthi asma Panembahan Kaceribonan. Uga keng ibu Sultan Agung, Kangjeng Ratu Mas Adi (putra Pangeran Benawa) uga sumare ing Girilaya.

Sawise anggone yasa Pasareyan ing gumuk Merak ram- pung, banjur kaparingan Pasareyan Pajimatan Imogiri diarsiteki Tumenggung Tjokrokusumo sing sekarane ana sanjabane komplek, cedhak mushola pasareyan.

Merga sipate Tumenggung, mula pasareyane banjur didhuwurake. Pasareyan pajimatan balungane digawe saka kayu Wungke sing ditekakake saka Palembang. Saka mekare jaman bangunane pasareyan (sawise pecah palihan negari dadi Kasultanan Ngayogyakarta lan kasunanan Surakarta, katambahan Kedhaton), makam ana cacah 8, yakuwi : 1. Kedhaton Sultan Agungan 2. Kedhaton Paku Buwanan, 3. Kedhaton Kasuwargan Ngayogyakarta, 4. Kadhaton Basiyaran Ngayog- yakarta, 5. Kadhaton Saptarengga Ngayogyakarta, 6 Kadhaton Bagusan Surakarta, 7. Kadhaton kaping sadasan Surakarta, lan 8 Kadhaton Girimulya Surakarta,.

Sultan Agung gedhe jasane anggone memetri kabudayan Jawa lan kersa nampa budayane liya klebu tradhisi Sekaten, sing diadani saben sasi Mulud.

Taun 1633 Panjenengane uga yasa kalender Jawa, nggabungake antarane Tarikh Hijrah karo Tarikh Çaka.

Kajaba kuwi uga kagungan wawasan ekonomi sing jembar. Wilayah kratone saperangan gedhe kanthi corak agraris. Mula Sultan Agung ndadekake tetanen minangka sakaguru negara lan sumber ekonomi negara. Mula diperlokake lemah sing bawera kanggo tetanen.

Abad XVII Mataram kasil dadi pemasok beras VOC ing Jayakarta (Batavia), lan Portugis ing Malaka. Kanthi asil beras iku Mataram bisa impor kain sutra, porselin, rotan lan inten jamrud. Uga bisa tuku senjata wujud mriyem.

Regol Supit Urang kanggo tumuju kedhaton Sultan Agungan

Beras duk rikala semana klebu barang komoditi. Dagangan kraton. Lan kabeh dhaerah kudu asok upeti marang Mataram liwat pelabuhan Jepara. Monopoli mau bisa kelakon merga saka panguwasane Sultan Agung minangka raja sing kuwat.

Tekane VOC ing Batavia ndadekake ora dadi renane Sultan Agung, mula ing taun 1628 nglurug perang nglawan kompeni ing Batavia, nanging gagal ora antuk karya. Banjur kaba-cutake serangan sing kaping pindho taun 1629 uga gagal, nanging kasil mateni Gubernur Jendral, JP Coen.

Ditigas janggane
Gagale Sultan Agung ngrabasa ing Jayakarta amarga kekurangan bahan pangan beras sing kanggo prajurite. Kajaba kuwi uga akeh sing ketaman lelara pes saengga akeh sing padha tilar donya. Lumbung beras sing kanggo pasediyan panganane prajurit padha diobong dening VOC. Kajaba iku uga akeh pandhereke Sultan Agung sing ngianati melu Walanda lan nuduhake panggonane lumbung beras saengga akeh lumbung beras sing diobongi mau.

Pendhereke sing ngianati iku salah sijine rane Tumenggung Endranata kang kuburane banjur didadekake undhak undhakan ngisor dhewe regol supit urang kadhaton Sultan Agungan ing kompleks Pasareyan Pajimatan Imogiri.

Plataran ing kedhaton Sultan Agungan disawang saka ndhuwur

Satemene Tumenggung Endranata klebu piyayi sing sekti mandraguna, mula ora nguciwani manawa didadekake tumenggung dening Sultan Agung.

Saka anggone ngiyanati mau dheweke banjur dipidana pati kanthi ditigas janggane. Nanging anehe nalika mustakane lan gembunge dipethak dadi siji malah bisa gathuk maneh lan urip. Kadedayan iku njalari Sultan Agung duka, mula banjur karangket maneh.

Tumenggung Endranata wusanane ora mung ditigas janggane nanging uga awake dipotheng potheng lan disebit sebit dadi telu. Lan anggone ngubur dipisah pisahake. Mustakane ana regol ndhuwur, dene sukune ana ndhuwur blumbang.

Merga wis ngiyanati ratu gustine mula tumekaning patine maesane Tumenggung Endranata mung kanggo undhak undhakan lan didadekake kesed. Saben wong sing arep ziarah ing pasareyane Sultan Agung mesthi bakal ngliwati undhak-undhakan kuwi lan ngidak-idak kuburane Tumenggung Endranata sing wujud watu tlundhakan kuwi.

***

Panulis: Isti Noegroho
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *