Geni Mureng ing Kraton Kasunanan

Suksesi Kraton Solo ora mulus merga ana krabat sing padha-padha ngangkat calon raja. Bisa ngambali pasulayan raja kembar taun 2004-2012 kepungkur.

KGPAA Hamangkunegoro Sudibyo Rajaputra Narendra Mataram ya Gusti Puruboyo nyapa aruh masyarakat saka sanjerone rata ing prosesi kirab sawise winisudha minangka Kanjeng Susuhunan Pakubuwono XIV ing Kraton Surakarta, Solo, Setu (15/11/2025).
(Foto: Antara/Maulana Surya).

PAREPATAN sebageyan kulawarga ageng Kraton Surakarta Hadiningrat kang diadani ana Kagungan Dalem Sasana Handrawina kompleks kedhaton, netepake Gusti Kanjeng Pangeran Harya (KGPH) Hangabehi ya Suryo Suharto minangka Sri Susuhunan Pakubuwono XIV, Kemis, 13 Nopember 2025. Hangabehi (sing tegese anak kang paling tuwa) dianggep trep mbacutake dinasti Mataram Islam ing Solo, nglintir keprabone ingkang rama, Pakubuwono XIII, kang murud mring kasedan jati Ahad Pon, 2 Nopember 2015.

Panetepan raja mau sinengkuyung dening sesepuh kraton, Mahamentri Kanjeng Gusti Panembahan Agung Tedjowulan sarta Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Wandansari Koes Moertiyah (Gusti Moeng). Kamangka prayagung lelorone mau tau sesatron sengit sasuwene Pakubuwono XIII jumeneng nata 2004-2025. Nanging jroning prekara nemtokake raja bacute iki, Tedjowulan lan Gusti Moeng bisa nyawiji.

“Kita kulawarga kraton ngugemi apa sing jenenge hak. Hak kuwi rak Gusti Allah sing maringi. Gusti Bei (Hangabehi) kang samengko jejuluk Pakubuwono XIV rak ora nyuwun dilairake luwih tuwa tinimbang Puruboyo (putra Pakubuwono XIII sing luwih dhisik diwisudha minangka Pakubuwono XIV),” ngendikane Gusti Moeng sawise parepatan rampung, dikutip saka Kantor Berita Antara.

Miturut Gusti Moeng, pengangkatane Hangabehi ya Gusti Mangkubumi minangka Pakubuwono XIV, mengku kekarepan utama ngreksa kawutuhane kulawarga kraton, sarta nglestarekake tradhisi jroning pura. Gusti Moeng sing uga pangarepe Lembaga Dewan Adat (LDA) Kraton Surakarta nuturake, Hangabehi wis darbe rancangan-rancangan kanggo mranata kraton.  “Sing baku kita ngreksa kawutuhane sentana, abdi dalem, lan krabat,” ngendikane Gusti Moeng sing kapernah rayi dalem Pakubuwono XIII.

Patemon kulawarga kang dipandhegani Gusti Moeng  mau kober ongkrep bareng GKR Timoer Rumbaikusuma Dewayani, krabat kraton kang nyengkuyung Puruboyo, nglabrag menyang Sasana Handrawina. GKR Timoer nuding Hangabehi wis ngiyanati kemupakatane kulawarga inti Pakubuwono XIII kang misudha Puruboyo minangka pangeran adipati anom wiwit taun 2022.

“Aku sedhih dene Gusti Mangkubumi tega ngiyanati aku sasedulur, putra-putri, kakang lan adhi-adhine. Kuwi wae sing njalari aku cuwa,” ujare GKR Timoer.

Hangabehi mujudake putra pambarep saka Pakubuwono XIII patutan karo garwa nomer loro. Wondene Puruboyo putra saka garwa nomer telu. Suprandene wiwit taun 2022 Puruboyo wis katetepake minangka Pangeran Adipati Anom dening ingkang rama minangka calon raja kraton kasunanan. 

Panetepane Hangabehi minangka Pakubuwono XIV mau ngarep mburi karo wisudhane Puruboyo ya Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Hamangkunegoro minangka Pakubuwono XIV, Setu, 15 Nopember 2025. Satemah kedadeyan iki ngambali timbule raja kembar kaya kang nate kedadeyan taun 2004-2012 antarane Pakubuwono XIII Hangabehi lan Pakubuwono XIII Tedjowulan.

Jroning upacara keprabon dalem, Puruboyo ngleksanani tradhisi prosesi jumenengan kang diwarisake Kasultanan Mataram kanthi ngucapake sabda raja: “Ing watu gilang iki, ingsun anetepake nggenteni kalenggahane Kanjeng Rama Sinuwun Pakubuwono XIII minangka Sri Susuhunan ing Kraton Surakarta Hadiningrat.”

Puruboyo uga ngucapake telung ubaya. Sepisan, ngleksanani kawicaksanan lelandhesan syariat Islam lan paugeran kraton. Kapindho, nyengkuyung Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) lair batin minangka wajibe negara. Katelu, ngreksa warisan adiluhung raja-raja Mataram duk ing nguni.

Sapurnane seremonial prosesi jumenengan dibacutake kirab agung kanthi rute kang wis katetepake dadi tradhisine kraton, yaiku saka Kagungan Dalem Siti Hinggil tumuju Sasana Sumewa. Nuli metu saka kompleks kraton tumuju Alun-Alun Lor, Gladag, Telkom, Loji Wetan, prapatan Baturana, prapatan Gemblengan, Kusumanagaran, banjur bali maneh menyang Gladag, Alun-Alun lan Pagelaran. 

Prajurit abdi dalem Kraton Solo samapta ngreksa katentreman ing dina jumenengan Pakubuwono XIV.
(Foto: Antara/Maulana Surya).

Mbokmenawa merga kedayan dening swasana kraton kang wiwit anget salebare Hangabehi uga katetepake minangka raja dening LDA, sarta kanggo ngawekani timbule pasulayan antarane pangombyong siji lan sijine, lumakune kirab jumenengan mau dijaga rapet dening priya-priya pawakan methekel menganggo busana bathik lan clana ireng. Wong-wong mau ngiringi salakune kreta kencana kang dititihi Pakubuwono XIV.  Kejaba kuwi, sawatara anggota brimob uga dikerigake kanggo ngawal kirab kasebut. Sok ngonowa warga masyarakat kang kepengin meruhi prosesi jumenengan sing ora mesthi kelakon 20 taun sepisan kuwi tetep madheti saurute dalan sing diliwati kirab karo aweh pangayubagya marang Puruboyo.

GKR Timoer kang nyengkuyung Puruboyo nuturake, jumenengan kuwi weh pratandha menawa tatanan kraton wis bali marang dalan sing bener lan pener. Kraton Solo lagi mlebu menyang babak anyar sing kebak pangarep-arep. “Sabda dalem sing diwaos ing watu gilang ora mung saderma ikrar jumeneng raja, nanging uga restu sejarah kang ngiket kita kabeh ngreksa lestarining budaya Mataram. Jumenengan iki dudu sekadhar suksesi, nanging uga mulihake martabate Kraton Surakarta,” ngendikane GKR Timoer. 

Dianggep Kesusu

Sauntara kuwi Gusti Panembahan Agung Tedjowulan mbantah yen panjenengane disebut wis paring idi pangestu marang panetepane Hangabehi minangka Pakubuwono XIV. Tedjowulan ora selak yen panjenengane pancen ngrawuhi patemon ing Sasana Handrawina. Wektu kuwi, ngandikane Tedjowulan, panjenengane dipundhut supaya nyekseni lumakuning patemon.

“Sarehne dijaluki pangestu, minangka wong tuwa, lan ana sangareping wong akeh, akhire ya dakpangestoni. Nanging prinsipe aku ora ngerti yen patemon kuwi uga ngrembug panetepane Gusti Bei minangka Pakubuwono XIV,” tuture Tedjowulan dikutip saka tirto.id.

Tedjowulan, kadang seje ibu saka swargi Pakubuwono XIII,  ngaku sadurunge patemon mau ora tau diajak rembugan prekara suksesi, klebu rancangan njumenengake Hangabehi minangka raja. Ngertine yen ana panetepan mau, ujare Tedjowulan, ya meneri ana forum parepatan. Mungguhe Tedjowulan, panetepane raja Surakarta, mbuh Hangabehi apa Puruboyo, kapetung kesusu.

“Sebab sedane Sinuwun Pakubuwono XIII rak durung ganep 40 dina, geneya kesusu-susu? Rak wis diomongake ing ngarep menawa paling ora sawise 40 dina-lah,” ngendikane Tedjowulan. Tedjowulan dhewe dhek tanggal 5 Nopember ngangkat dhirine minangka raja Kraton Surakarta ad-interim sadurunge raja sing sejati kawisudha. 

Rayi dalem Pakubuwono XIII, Kanjeng Gusti Pangeran Harya (KGPH) Benowo nuturake, apa sing dingendikakake Gusti Moeng menawa anak paling tuwa wenang nglintir keprabon, ora mesthi kaya ngono. Benowo paring tuladha, biyen ingkang rama kapilih minangka raja senadyan dudu anak paling tuwa. Semono uga Pakubuwono X uga dudu putra paling sepuh.

“Bab sapa sing dipilih dadi calon penerus raja, kuwi gumantung ramane. Geneya sing dipilih kok sing kuwi, ya terserah. Kuwi urusanku (ramane) karo Gusti Allah,” tuture Pangeran Bowo.

Saengga tumrap Benowo, jumenenge Puruboyo minangka Pakubuwono XIV wis sah lan final jalaran dipilih piyambak dening swargi ramane. Yen ana pihak-pihak sing isih kurang narimakake, Benowo nyumanggakake. “Mangga, ora apa-apa. Yen kuwat ya mlakuwa, yen ora kuwat mesthi bakal kena lara lan mati. Yen wani, ya mangga,” ngendikane Benowo.

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *