Gilga Sahid lan Happy Asmara ‘dhuèt’ sajrone carita asmara ila-ila (terlarang) sajrone filem Ambyar Mak Byar. Filem kuwi ditayangake ing bioskop saindenge Indonesia wiwit Kemis, 9 Januari 2025 wingi. Kekarone mono penyanyi tur saiki ngrangkep dadi paraga filem, mula pasugatan lagu dadi suguhan utama sajrone filem iki.

Sapa ta sing ora kenal karo pasangan sarimbit lire Gilga Sahid lan Happy Asmara? Saliyane krana swarane kang nges tur mranani ati, pasangan penyanyi dhandhut pop Jawa kuwi kesuwur ing satengahe masarakat Indonesia jalaran kulina andum ‘kemesraan’ ing jagad maya. Mikat sakehe kawigatene penggemare.
Ewasemono sapa kang nyana yen ing sawalike reruntungane pasangan kuwi, ana carita larangan kebak tantangan kang disandhang kekarone. Tamtu wae iki dudu crita sejatine Gilga Sahid lan Happy Asmara ing panguripane. Nanging carita kuwi disuguhake ing filem anyare kekarone karan Ambyar Mak Byar.
Filem iku uga nyuguhake iringan lagu-lagu campursari original minangka soundtrack-e, lire Pangestu lan Jare Tresno (panulise kang bener: Jare Tresna), kang ditembangake langsung dening Gilga Sahid lan Happy Asmara. Ambyar Mak Byar krasa kaya konser langsung kang diputer ing bioskop.
Ing sajrone filem kuwi, Gilga maragani pawongan karan Jeru, musisi campursari pinujul kang asale saka kulawarga kacingkrangan. Jeru minangka anake abdi dalem Kraton Surakarta kanthi tataran asor dhewe. Sauntara Happy maragani Bethari, putrane ratu Kraton Surakarta.
Senajan padha-padha tresnane, bebaratan mimi lan mintuna, sesambungan ing antarane kekarone kudu singidan krana status sosial. Kuwi kang kaanggep yen asmara kang disandhang Jeru lan Bethari kuwi mono ila-ila.
Jeru kepengin mantesake dhirine pribadi kanggo Bethari. Lumantar nguber sakehe pangimpen uripe. Bebarengan karo grup musike, Konco Seneng, dheweke ngupaya kanthi tumemen anggone ngranggeh gegayuhane minangka musisi kondhang kaloka.
Ora mung perjuwangan pribadi kang diadhepi dening Jeru. Nanging uga ana panampike kulawargane Bethari kang bakal tansah menggak dumadine sesambungan ing antarane pasangan kuwi.
Mula saka kuwi, tamtu wae bakal tuwuh pitakon; kira-kira sesambungan ing antarane Jeru lan Bethari ing filem kuwi bakal kawekasan bagya-mulya kaya dene kang dialami dening paraga pasangan kuwi ing donya nyata?
O ya, yen kanca-kanca rumangsa penasaran karo cuplikane filem Ambyar Mak Byar, bisa nonton trailer-e kanthi mlebu ing pranala iki: https://www.youtube.com/watch?v=WgcJ-EZIjtg. Mangga mirsani!
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor: Ahmad Rizky Wahyudi







