
ING nalikane malem pisanan kita dikubur, nalika kuwi akeh kedadeyan kang kita alami, nanging ora ana siji wae wong kang bisa nyritakake marang kita. Lan kita uga ora bisa nyritakake marang sapa wae. Sing jelas, kita kabeh kudu nyiapake sangu dhewe-dhewe.
Lan sangu iku dudu bandha, nanging TAQWA, yakuwi : nindakake ketaatan lan ninggalake kemaksiatan.
*) Allah Ta’ala paring firman jroning Surat Al- Baqarah ayat 197 kang tegese: “(Musim) haji kuwi (ana) wulan-wulan kang wis dimaklumi. Sapa sing nindakake (ibadah) haji jroning wulan-wulan) iku, mula aja nganti omong kotor (rafats), tumindak maksiat lan padudon sasuwene (nindakake ibadah) haji. Apa-apa kang becik kang mbok tindakake, Allah pirsa. Nggawa-a sangu, amarga satemene sabecik-becike sangu yakuwi takwa. Lan sing padha takwa marang Aku hei wong-wong kang nduweni akal sehat!”
*) Jroning ayat liyane, yakuwi QS. Al Hasyr ayat 18 Allah Ta’ala paring firman kang tegese: “Hei wong-wong mukminin, Sing Padha Taqwa Marang Allah lan lan becike saben wong ndeleng apa kang wis ditindakake kanggo dina sesuk (akerat), sing padha taqwa marang Allah. Satenane, Allah Maha teliti marang apa sing mbok tindakake.”
Coba gatekna Allah mbaleni perintahe kanggo nindakake taqwa nganti kaping pindho ing ayat kang cendhak ksb, amrih kita ora lali yen persiapan kang paling becik kanggo dina esuk kuwi yaiku TAQWA.
Liwat Thok
Donya iki mung saderma papan kanggo liwatan. Dene akherat mujudake papan kang langgeng. Mula iku, kita kudu ngakeh-akeh golek sangu saka panggonan liwatan iki kanggo manggon ing panggonan kang satemene.
Kita wiwit saiki wis kudu siap-siap kanggo mengkone diadhepake marang Rabb kita sekalian. Merga saikine iki wektune kanggo amal lan dudu waktune dihisab. Mengko mujudake wektune kanggo dihisab, dudu maneh wektune nindakake amal. Ngeling-eling mati mujudake sawijining bab kang dituntut marang saben wong.

Saka Abu Hurairah, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dhawuh, “Sing kerep-kerep ngelingi pamedhote nikmat (pemutus kelezatan)” (HR. An Nasai no. 1824, Tirmidzi no. 2307 lan Ibnu Majah no. 4258 lan Ahmad 2: 292)
Mula coba dieling-eling maneh! Pira cacahe kita nduweni kanca. Lan pira cacahe saka kanca-kanca mau kang wis kita kuburake? Pira cacahe kita nguntabake tangga-tangga kita mau nuju kuburane?
Coba dirasakake, nalikane kita ngglethak ngrasakake mati. Coba dirasakake panggonan kita sabanjure sawise ngidakake sikil ing donya iki, yaiku alam kubur.
Ayo dirasakake , piye malam pertama kita nalika ijenan. Ing galengan kang ciyut, peteng lan ketutup rapet. Rasakake malam pertama kita ing papan mau. Kita bakal ditakoni ing njero kubur iku: Sapa Rabb kita? Apa agama kita? Apa sing kita mangerteni ngenani pawongan kang diutus ing satengah-tengah kita? lsp.
Ayo kita siapake pati kita kanthi tansah nindakake amal soleh lan ninggalake apa-apa kang ora dikeparengake Allah.
Wallahu a’lam.
***
Panulis: Ki Jenggot
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






