Ing karang padesan Bumirejo, Kebumen, kanthi latar taun 1950-an, madeg sawijining papan karan Padhepokan Gowokan, papan pamulangan tumrap wong lanang anggone sinau bab bale-somah, supaya bisa dadi lelananging jagad.

Gowokan ditindakake dening gowok, sebutane wanita sing ayahane mulangi wong lanang. Sing diwulangake ngenani kawruh bale wisma, utamane carane maremake wong wadon. Wong lanang sing bakale rabi umume disekolahake menyang gowok dhisik.
Apa sih tegese tembung ‘gowok’ kuwi? Mungguhe ing basa Jawa, gowok bisa ditegesi ‘bolongan’ utawa growongan (umume ing kayu lan wit-witan). Sajrone upacara gowokan, wanita/gowok kuwi diibaratake wit-witan dene peksi sing teka mencok minangka pralambange wong lanang.
Ana andharan liyane sing nyebutake yen tembung ‘gowok’ asale saka arane pawongan sing sepisanan ngenalake gowokan. Ujaring kandha, gowokan sepisanan dikenalake dening wanita asal Cina karan Goo Wok Niang. Duk rikala semana, dheweke nuju menyang pulo Jawa bareng rombongane Laksamana Cheng Ho. Goo Wok Niang nggawa ajaran saka Cina banjur digethoktularake menyang masarakat Jawa.
Mbacutake wosing film, crita kawiwitan saka lelakone Ratri (Alika Jantinia) kang dadi cantrike Nyai Santi (Lola Amaria). Ing adegan-adegan pambuka ing film iki, panonton dijak sinau maneka kawruh bab gowokan. Sesurupan-sesurupan sing katut dituduhake ing film iki lumantar gowokan asumber saka karangan-karangan pujangga Jawa anyar lire, Serat Centhini, Serat Nitimani, Serat Wulangreh, Serat Wulangreh Putri, lsp.
Ratri digadhang-gadhang dadi paneruse Nyai Santi duk tembe mbesuk. Nuju sawijining dina Padhepokan Gowokan karawuhan tamu saka kawedanan. Raden Mas Kamanjaya (Devano Danendra) ya Jaya sebutane, putra wedana sing dititipake menyang papan kasebut kanggo meguru menyang gowok.

Sasuwene ing kono, kejaba meguru, jebul Jaya kelingsem atine marang Ratri. Dheweke terus-terusan ngupaya supaya bisa nyedhaki Ratri. Nuli, thukul winih-winih katresnan ing antarane kekarone. Asmarane wekasane pinatri ing telenging Ratri lan Jaya.
Film Gowok luwih akeh nyoroti gandrung asmarane gowok ya Ratri marang wong lanang sing sejatine ora kena ditresnani, Raden Mas Jaya. Sebab sinigar tapel watese kaum siti lan kaum priyayi ing antarane kekarone.
Sarampunge mangsa-mangsa gowokan Jaya pamit menyang Ratri, tur ngujar prasetya yen bakal malakrama Ratri sawise rampung sekolahe mbesuk. Ewasemono, sesambungan ing antarane kekarone kaganggu gawe nalika Nyai Santi ngerteni karepe Jaya kuwi.

Mungguhe Nyai Santi, Jaya minangka kaum priyayi, tan bakal bisa netepi prasetyane marang Ratri. Sebab kaum priyayi ora bisa mangun bale wisma karo kaum siti. Kejaba bakale didadekake peneruse Santi tembe mbesuk, ana sawijining wewadi ing mangsa kawuri kang bisa nyilakani Ratri yen dheweke nyedhaki Jaya. Putusane Nyai Santi misahake sesambungan ing antarane kekarone nyata ngrusak pangimpene Ratri.
Aktor kondhang Reza Rahardian pranyata uga melu ambyur ing film iki maragani Jaya nalika wis manjing umur diwasa. Wondene ing umur diwasane, Ratri diparagani dening Raihaanun. Saliyane kuwi uga ana Ali Fikry, Nayla Purnama, Donny Damara, Djenar Maesa Ayu, lan Slamet Rahardjo kang turut adu akting sajrone film iki.
Pacaturan kang ditindakake dening paraga-paragane film iki campuran antarane basa Indonesia lan basa Jawa Ngapak. Logat lan pangucape saben paragane nalika ngomong nganggo basa Jawa Ngapak lumayan luwes. Kuwi sing mimbuhi uripe kahanan bebrayanane masarakat Kebumen duk rikala semana.
Film kang disutradharani dening Hanung Bramantiyo iki kasugata sajrone 2 jam 12 menit. Hanung ngandharake yen dheweke milih gowok munggah menyang layar amba kanggo ngangkat upacara gowokan sing wis dilalekake.

“Gowokan kuwi unik. Minangka kamasutra (kawruh bab sanggama) Jawa, gowokan beda karo kamasutra Hindhu kang isine ngenani tatacarane wong wadon maremake wong lanang. Gowokan suwalike kuwi,” ujare Hanung.
Sadurunge nggarap film iki, Hanung wis nindakake panlesih klebu survey menyang pawongan sing mengku sesurupane ing bab gowokan iki, lan maca-maca saperangan kapustakan. Salah siji kapustakan kang dadi landhesane Hanung kasebut yaiku novel karangane Budi Sardjono taun 2014 kanthi judhul Nyai Gowok.
Tantangan sajrone gowok kuwi mungsuhi pepacuhe. Sepisanan, ora kena kasmaran karo lanangan sing didhidhik. Kaping pindhone, ora kena nggarbini. Yen nggarbini, kridhane minangka gowok kaanggep gagal. Wong jaman mbiyen sadurunge tepung karo pil KB, nganggo cara pijet walik kanggo ngawekani wong wadon supaya ora nggarbini. Guwa garbane amrih bisa kewalik lan wurung nggarbini.
“Gowokan dudu sakadhar crita sejarah. Liwat film iki, aku kepengin ngaturake yen ta wong wadon kuwi nduweni hak kanggo mikolehake rasa marem lumatar sesambungane karo wong lanang,” kandhane Hanung.
Sajrone bale wisma, tanggung jawabe wong lanang cetha nyukupi kebutuhan jasmani lan rohanine wong wadon. Tur uga ngladeni wong wadon. Mula ora terus-terusan suwalike. Mula iki mono uga bisa dadi landhesane Hanung kanggo ngangkat isu bab tetandhingane patriarki kang wis mbalung sungsum ing satengahe masarakat Jawa.
Film iki kabage dadi rong bagetan yaiku sing edhisi 17+ lan 21+. Cetha ing versi 21+ ana adegan-adegan saru sing dadi panyengkuyung utama sajrone film iki. Dene munggahe film iki menyang layar amba wiwit tanggal 5 Juni 2025, tur wis ditayangake ing bioskup saindenge Indonesia. Mangga mirsani.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







