Grojogan Singgahan Tuban kang Ngelam-lami

Grojogan Singgahan utawa Grojogan Putri Nglirip kang katon eksotik.

BUMI Ranggalawe sugih papan wisata kang endah lan eksotis. Salah sijine yaiku Grojogan Singgahan utawa sinebut uga Grojogan Putri Nglirip. Mapan ing Dhukuh Jojogan, Desa Mulya Agung, Kecamatan Singgahan, emane grojogan iki durung patiya dipoles.

Kanggo para wisatawan kang nedya menyang Grojogan Singgahan, bisa milih alternatif rute dalan sing ana. Sepisan, bisa liwat Kabupaten Tuban jalur pantai utara (pantura) ngalor-ngulon arah Semarang kurang luwih 37 kilometer, kanthi wektu tempuh 45 menit. Dalane aspal mulus. Bisa diparani kanthi kendharaan pribadi apadene kendharaan umum. Sawise mlebu Alas Krawak ing Kecamatan Montong, banjur mlebu tlatah Singgahan. Saka kadohan wis katon kaendahane Grojogan Putri Nglirip.

Kapindho, bisa liwat rute Tuban-Bojonegoro, ngliwati Kecamatan Jatirogo menggok protelon Warung Anjlok, Desa Mulya Reja, Singgahan. Udakara sakilometer wis tekan ngenggon.

Grojogan kanthi banyu seger alami kinupeng alas ijo nengsemake, banget salaras kanggo ngenggar-enggar ati bebarengan karo kulawarga. Uga bisa selfie kanthi mardika, jalaran ing kono akeh spot sing kena kanggo latar foto manut selerane pengunjung. Parandene yen kepengin nyedhak ing tumibane banyu grojogan, bisa liwat shelter sing wis sumadya.

Sok ngonowa kudu tansah waspada lan ngati-ati krana lokasine munggah-mudhun ekstrim lan mbebayani. Luwih-luwih yen mangsa rendheng, kudu ekstra waspada marang dalan ndeder lan mudhun menggak menggok tur akeh pengunjung. Aja sambang ing wanci bengi jalaran lampu-lampune isih minim, tur ora bisa nyawang kaendahan alam pegunungan lan alas jembar ngelam-lami.

Kejaba daya tarik sesawangan alam kanthi hawa seger bebas polusi, ana keunikan liya ing kawasan grojogan kuwi. Yaiku anane banyu werna biru tosca Grojogan Singgahan Tuban kang Ngelam-lami Ature: Laras Gupitasari kang eksotik yen ngepasi mangsa ketiga. Warnane endah, bisa nuwuhake rasa ayem tentrem ing ati.

Grojogan kanthi dhuwur kurang luwih 30 nganti 40 meter kuwi nduwene tuk utawa sumber saka kawasan alas Krawak. Alas ijo royo-royo kanthi panorama endah lan sumber banyu kang gumrojog bening saka sela-selaning watu, sinawang ndudut atine para wisatawan sing sanja.

Nadyan dadi sumber utamane grojogan, nanging alas Krawak mlebu kecamatan kang beda karo lokasi grojogan. Papan sumber banyu bening mau klebu ing Desa Guwo Terus, Kecamatan Montong, pancer tapel wates Singgahan-Montong.

Kejaba mbeburu foto ing area kasebut, para wisatawan bisa adus lelangen kanthi banyu bening kang nembe metu saka tuk sumbere. Diprayogakake nggawa sandhangan nglangi saka ngomah jalaran ing lokasi durung ana jasa nyewakake klambi ganti kanggo kungkum apadene nglangi. Kadidene traveling favorit, keaslian swasana alam kang isih jinaga mimbuhi reseping pandulu, saengga ora mokal yen Grojogan Singgahan dadi salah sijine jujugan pelancong.

Wisata Religi Mbah Jabbar

Wisatawan sing plesir menyang Grojogan Singgahan bisa ngiras-ngirus wisata rohani ing papan pasujarahane Mbah Jabbar utawa Syekh Pangeran Kusumayuda kang ora adoh saka kono. Pangeran Kusumayuda mono isih ana nasab karo Prabu Brawijaya V, yaiku Adipati Jayadiningrat, sawijining waliyullah keturunan Kraton Pajang kang makame ing Kedung Banteng. Sesandhingan karo gurune Mbah Jabbar aran Mbah Sanusi Al-Yamani.

Tlatah kono kawentar kadidene markas pejuwang nalika dumadi agresi Walanda. Ing lingkungan kono uga sumimpen maneka jinis pusaka kraton kang dikramatake. Kanggone tamu sing kepengin ngibadah, uga disedhiyani langgar panggung. Wondene sing ngersakake laku khalwat, bisa manggon cungkup sacedhake.

Sing dadi cathetan wigati kadidene waliyullah, nalika Mbah Jabbar seda, ana kedadeyan aeng krana timbule ganda arum mangambar kang anjrah tekan ngendi-endi. Ora mung winates ing lingkungan kono, nanging mambu nganti tekan njaban tlatah.

Legendha Jaka Lelana lan Putri Nglirip

Crita turun-temurun kang dipercaya dening masyarakat ngenani lelakon asmara antaraning jejaka keturunan ningrat aran Jaka Lelana lan kenya anake wong sudra aran Putri Nglirip, isih lestari tekan seprene. Sesambungan tresna mau ora entuk palilah saka wong tuwane Jaka Lelana krana prabedane kasta antaraning jalu-wanodya kuwi. Nanging nadyan dipepalangi, sang abagus tetep kapiadreng sambung tresna klawan Putri Nglirip.

Kanggo ngawekani kareben sesambungan asmara mau ora kedawa-dawa lan gawe wirange kulawarga, wusana prajurit pengawal piniji kanggo mungkasi gawe. Embuh kepriye rekadayane, Jaka Lelana kudu disirnakake kareben ora kongsi dadi memala. Kelakon, Jaka Lelana tiwas dening para prajurit utusan.

Kabar sedih mau rinungu Putri Nglirip. Kaya sinendhal maras ngadhepi kanyatan ngrerujit ati. Mula kanggo netepi janji labuh tresna sabayapati, Putri Nglirip lelaku nenepi ing walike Grojogan Singgahan nganti mati (ilang mukswa). Saengga grojogan kuwi uga katelah Grojogan Putri Nglirip. Masyarakat ing wewengkon kono isih percaya yeng saben wektu tinamtu Putri Nglirip mara menyang grojogan mau saperlu amek banyune.

Uga dipercaya yen Putri Nglirip nggawa wewaler turun temurun. Lamun ana jaka lan kenya kumawani andhon asmara ing sakiwa tengene grojogan, ora suwe sesambungan mau bakal pedhot ndalan.

Uwal saka crita turun temurun sing isih dipercaya masyarakat mau, Pamarentah Kabupaten Tugan sengkud maesi Grojogan Putri Nglirip, saengga dadi salah siji obyek wisata kang nengsemake ati. Wisata alam Grojogan Singgahan banget dibutuhake kanggo obat ati sekel rikala laku panguripan tansaya werit lan abot sanggane.

***

Panulis: Laras Gupitasari
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *