WOH delima klebu spesial banget. Kepiye ora, woh kanthi warna abang iki disebutake ing Al Quran, persise ing surat Al- An’am ayat 98.
“Gusti Allah kang ngedhukake banyu saka langit banjur kanthi banyu kuwi Kita nukulake sakehing tetuwuhan. Mula, saka kono Kita ngetokake tanduran kang ijo royo-royo. Saka kono uga Kita ngetokake wiji-wiji kang matumpuk-tumpuk (akeh). Saka manggar kurma (pating slebar) pang-pang kang pating slengkrah. (Kita nuwuhake) kebon-kebon anggur. (Kita nuwuhake uga) zaitun lan delima kang saemper lan ora saemper. Gatekna wohe nalikane nguwoh lan mateng. Satemene sing kaya mangkono iku temen-temen ana tandha- tandha (keagungane Allah) tumrape kaum kang iman,” mangkono kurang luwih terjemahan bebase surat Al- An’am ayat 98.
Nukil saka WebMD, woh kang Kawruh Sapala rasane seger iki pranyata mujudake sumber serat. Saliyane iku, delima uga ngandhut kalori, protein, lemak, karbohidrat lan gula.

Kanthi nutrisi ksb, ing ngisor iki ana sawenehing manfaat delima kang bisa dimanfaatake tumrap awak kita. Ing antarane yakuwi;
1. Kesehatan Jantung
Panaliten nuduhake yen woh delima bisa mbiyantu njaga jantung kita kanthi maneka cara, kaya upamane ngedhukake tekanan darah sarta kadar gula darah. Woh delima nduweni senyawa polifenol kang disebut punicalagins utawa ellagitannins. Antioksidan iki mbiyantu nyegah kandele dinding arteri lan ngedhukake tumpukan kolesterol lan plak.
Jus delima uga ngandhut pigmen tanduran kang diarani anthocyanin lan anthoxanthin kanthi gunggung kang akeh kang nyengkuyung kesehatan jantung.
Saliyane iku, Jus delima bisa mbantu ngurangi kolesterol LDL, utawa kolesterol jahat kang nyumpeli arteri. Iki uga bisa ningkatake kolesterol HDL, utawa kolesterol apik kang ngedhukake risiko stroke lan serangan jantung.
2. Ngendhaleni Diabetes
Panaliten nuduhake yen penderita diabetes tipe 2 kang wiwit ngombe jus delima nuduhake undhak-undhakan resistensi insulin.
3. Ngedhukake Risiko Kanker
Woh delima sugih antioksidan lan flavonoid, kekarone iki mbiyantu nyegah radikal bebas kang ngrusak sel kita.
Jroning sawenehing panaliten, woh delima nuduhake potensi jroning mbantu nyegah kanker prostat, payudara, paru- paru lan usus besar.
Saliyane iku, studi praklinis tumrap kewan nuduhake yen mangan woh delima bisa mbantu ngrerendheti tuwuhe tumor paru-paru, kulit, usus besar lan prostat.
Panulis: (d/ist)***
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







