Hak Cipta, Duweke Penulis apa Media?

Ature: Siti Aminah Djosemito

Pungkasane wulan September 2025 wingi, Panjebar Semangat ngadani focus group dicussion (FGD) utawa kelompok diskusi terarah minangka rerangken acara Mapag Saabad. Senajan luwih memper sarasehan daring tinimbang FGD, nanging kang baku acara lumaku kanthi lancar. Babagan hak cipta mujudake salah sijine wedharan kang narik kawigatene pamiyarsa.  

Miturut Undang-undang No. 28 Tahun 2014, hak cipta kena diarani minangka hak kang mligi diduweni dening sawijine pawongan tumrap asil karyane. Dadi, minangka penulis utawa pengarang, ya aku lan Panjenengan iki kang nduweni hak cipta tumrap sakabeh tulisan utawa karangane awake dhewe. Kanthi paugeran iku ateges sakabeh karya asil kreasi kita (yen wis maujud, ora mung arupa gagasan), otomatis entuk pangayoman (perlindungan hukum). 

Senajan awake dhewe ora nyathetake asil karya mau ing Direktorat Jenderal Kekayaan Intelektual (DJKI), sakabeh asil karya iku otomatis dadi hak kita. Ewa semono, awake dhewe bisa ndhaptarake garapan kita saengga duwe bukti resmi. Yen ndilalah sawijine wektu ana kang ngaku-aku, awake dhewe bisa mbantah kanthi nuduhake bukti kang sah. Nanging senajan ora dicathetake, asil karyane awake dhewe mau panggah entuk pangayoman.

Undang-undang hak cipta ing Indonesia sepisanan disahake ing taun 1982 (Undang-undang No. 6 Tahun 1982), minangka wujud pangayoman marang seni, sastra, lan pengetuahuan. Paugeran iku makaping-kaping direvisi supaya laras karo lakune jaman lan kahanan. 

Sadurunge duwe paugeran dhewe ngenani hak cipta, Indonesia migunakake paugeran tinggalane Belanda, yaiku “Auteurswet 1912” kanggo ngatur bab kang magepokan karo hak cipta. Sabanjure sawise mardika, Indonesia nyarujuki (meratifikasi) Konvensi Bern kanthi Undang-undang No. 6 Tahun 1958. Konvensi Bern kang disahake taun 1886 iki mujudake mupakatan sawetara negara ngenani pangayoman marang hak cipta.

Nalika iku sawise mardika, film, lagu, uga buku saka manca negara wiwit mili mlebu Indonesia. Kala-kala asil karya saka manca mau ditedhak dening masarakat Indonesia. Kanggo nuduhake menawa pamarentah ngurmati asil karyane bangsane dhewe uga manca negara, mula pamarentah nampa konvensi mau. 

Pasulayan ngenani asil karya kreatif ora mung kedadeyan sawise mardika. Ing jaman penjajahan Belanda, lagu Indonesia Raya anggitane WR. Soepratman nate direkam lan didol dening pengusaha Hindia Belanda tanpa palilah saka kang ngripta. 

Pakaryan kang ora bisa digenteni

Majune jaman ndadekake saya akeh pagaweyan ditindakake dening mesin. Salah sijine pakaryan kang ora bisa dilengserake dening majune teknologi yaiku kang magepokan karo kreativitas. Nulis utawa ngarang sastra Jawa klebu ing perangan mau. Mula ora ana alane awake dhewe sinau ngenani hak cipta kang dadi gondhelane para pekerja kreatif

Sejatine ngecakake hak cipta iku kepriye? Gampange, kanthi anane hak cipta, asil karyane awake dhewe diakoni minangka asil saka pikiran lan tenaga kita. Mula, sapa wae ora kena sawiyah-wiyah ngepek, ngaku-aku, utawa migunakake asil karya mau tanpa entuk palilah saka kang nduweni. Apamaneh kanggo golek keuntungan komersial utawa golek dhuwit.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *