Kang asring kedadeyan saiki, dialami dening pengarang sastra Jawa, asil karyane didadekake konten (dialihmediakan) kanggo media sosial. Senajan ing asil alih media mau sumber asline ditulis, menawa ora njaluk palilah, tetep nglanggar hak cipta. Nulis sumber mung nuduhake sapa kang ngripta, ora ateges palilah. Apamaneh kanggo ngasilake pametu.
Sawetara pangarang mbokmenawa bombong awit tulisane dipilih, didadekake konten kang banjur ditonton dening wong sapirang-pirang. Nalika konten mau sauger kanggo nguri-uri sastra Jawa tanpa ana sembulih saka pihak liya, dakkira kabeh padhadene lila. Nanging mengko sawijine wektu menawa ngasilake pametu, mbokmenawa bisa nuwuhake konflik ekonomi. Mengkono iku kang nembe wae kedadean ing industri musik Indonesia.
Minangka pangripta, kita duwe hak ekonomi. Yaiku hak kanggo nemtokake sapa kang bisa manpangatake karyane awake dhewe kanggo ngasilake pametu. Ngirim tulisan menyang kalawarti Panjebar Semangat kanthi pangangkah kamot lan entuk sembulih, iku sawijine conto kepriye minangka pengarang, kita bisa nemtokake asil karyane awake dhewe. Utawa gampange, kita kang nduweni kontrol tumrap asil karya kita.
Paugeran negara ngenani hak cipta dianggit kanthi pangajab kang becik. Emane, ing jaman globalisasi, nalika donya prasasat nyawiji kanthi anane internet iki, perlindungan hak cipta dadi pepalang tumrap sumrambahe informasi ing sadengah papan. Kahanan iku njurung Lawrence Lessig, sawijine ahli hukum Amerika ngedegake organisasi Creative Commons. Organisasi iki aweh legalitas marang para pangripta supaya bisa mbagekake asil karyane kanthi bebas nanging tetep entuk pangayoman tumrap apa kang dadi hake.
Lisensi Creative Commons aweh rasa aman kanggo sapa wae kang bakal migunakake tulisan kang kapacak ing internet apadene kang wis wujud buku. Lumantar lisensi iku, penulis aweh palilah marang kang bakal migunakake tulisane tanpa kudu njaluk idin, sauger ora kanggo kepentingan komersial.
Panjenengan kang asring migunakake internet mesthi wanuh karo situs Wikipedia. Kena diarani Wikipedia iku asil reriptan paling misuwur kang dilisensi Creative Commons. Ateges, sapa wae kena migunakake lan nedhak isine sauger nyebutake sumbere. Creative Commons nduweni tata cara kang bisa dipilih dening para pangripta kanggo mbabar asil karyane.

Panjebar Semangat lan hak cipta
Bali menyang perlindungan hak cipta. Kalawarti Panjebar Semangat kang wiwit mikirake paugeran ngenani hak cipta, kudu disengkuyung dening penulis lan sutresnane. Teknologi informasi kang saya bablas mlayu ora bisa digendholi. Awake dhewe mung kudu atut mburi. Minangka bab kang nembe diwedharake, lumrah menawa ndadekake para pangripta sumelang. Samubarang kang anyar pancen asring ndadekake kita mamang.
Bab kang sepisanan kudu entuk kawigaten dakkira ngenani hak-e para pangripta. Hak cipta tulisan iku mligi dadi duweke penulise. Senajan wis kapacak dening sawijine media lan entuk sembulih, ora ateges panganggit kelangan hak-e. Kejaba yen ana pamupakatan ngenani pengalihan hak cipta. Mula saka iku, penulis panggah bisa migunakake karyane kang wis kapacak mau kanggo kepentingan liyane. Upamane didadekake buku. Ewa semono, amrih becike penulis aweh kabar marang media kang nate ngemot tulisane ngenani krenteg mau. Banjur kepriye ngenani reriptane para penulis kang didadekake konten ing media sosial dening wong liya? Sapa kang kudu ngruruhi, ngelingake si konten kreator menawa iku nglanggar hak cipta? Wangsulane, ya gumantung sapa kang nduweni hak cipta tumrap reriptan mau. Menawa hak cipta isih dadi duweke penulis, ateges penulis dhewe kang kudu alok. Kari penulise, arep njejegake hak-e apa ora. (*)
***
Panulis : Siti Aminah Djosemito
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







