Kepala Otorita Ibu Kota Nusantara Basuki Hadimulyono mandhegani upacara HUT RI kaping 80 ing Plaza Seremono, kawasan inti Ibu Kota Nusantara (IKN), Kabupaten Penajam Paser Utara, Kalimantan Timur, Minggu, 17 Agustus 2025. Jrone amanate, Basuki ngandharake upacara pangibaran gendera abang putih mau dadi momentum penting mbangun Indonesia saka jantung Nuswantara. Upacara diestreni ora kurang saka wong 1.500 dumadi saka pegawai OIKN, wakil TNI, Polri, BIN, Kementerian, guru, pelajar lan masyarakat.
“Minangka ibu kota masa depan, IKN mujudake simbol semangat anyar, saengga pengetan kamardikan iki ora mung refleksi atas jasa-jasane pahlawan, nanging uga momentum neguhake tekad bebarengan mbangun Indonesia maju,” kandhane Basuki kang menganggo busana adat suku Dayak.
Upacara ing IKN krasa semarak awit penampilane Twilite Orchestra lan Twilite Chorus pimpinane Addie MS kang ngumandhangake wirama instrumentalia lagu Pamer Bojo, medley lagu Cikini Gondangdia lan Kaka Main Salah. Basuki nemenake menawa pembangunan kawasan legislatif lan yudikatif diwiwiti akhir Oktober 2025. “Persiapan kanggo miwiti pembangunan mau wis mateng,” kandhane Basuki dikutip saka Kantor Berita Antara.
Miturut Basuki legislatif lan yudikatif mujudake pusat fungsi pamarentahan. Lelorone bakal nggenepi eksekutif (Istana IKN) kang madeg luwih dhisik. Kanggo mbangun gedhung lan infrastruktur gedhung, OIKN disengkuyung Kementerian Pekerjaan Umum kanthi nyuntikake anggaran Rp 1,8 triliun. “Proyek mbangun dalan tumuju kawasan legislatif lan yudikatif wis dilelang Agustus kepungkur, nilaine Rp 2,9 triliun,” ujare Basuki. (Antara)