Ilmiah apa Misteri: Geneya Pesawat Wedi Mabur ing Sandhuwure Himalaya?

SACARA teknis, akeh pesawat modern kang bisa mabur ngliwati pagunungan Himalaya. Nanging, pesawat luwih milih ora ngangkangi pagunungan iki merga sawenehing alasan, kaya faktor keamanan upamane.

Nanging geneya pesawat padha ngendhani mabur ing sandhuwure pagunungan Himalaya, merga iku area kang jembar banget. Dawane wae luwih saka 2.300 kilometer lan dhuwure rata-rata luwih saka 6.000 meter. Pucuk paling dhuwur yakuwi Everest, kang dhuwure 8.848 meter.

Nukil saka laman Simpleflying, maskapai penerbangan kudu ne- nimbang-nimbang maneh yen arep ngliwati pagunungan Himalaya amarga kurange laladan kang datar, kang ateges kalodhangane kanggo ndharat darurat angel ditindakake.

Yen kedadeyan dekompresi, masker oksigen mudhun, pesawat kudu mudhun menyang gegana kang dhuwure 10.000 kaki kanthi cepet. Yen ora, mula pasadhiyan oksigen ing pesawat bakal entek.

Persoalane, mudhun engga 10.000 kaki dudu pilihan pas yen ana ing sandhuwure Himalaya. Ora anane bandara paling cedhak kanggo ndharat kang kesusu-susu saya ngruwetake masalah.

Mung ana bandara loro kang laya didharati ing kawasan iki, yaiku Lhasa lan Kathmandu. Bandara Gonggar Lhasa nduweni landasan pacu dawan 4.000 meter, dene Bandara Internasional Tribhuvan ing Kathmandu nduweni landasan pacu dawane 3.350 meter.

Bandara iki ngladeni sawenehing rute internasional jarak pendek, kaya upamane saka Kathmandu menyang Xian, Lhasa menyang Chengdu.

Saliyane iku, akeh jumlah turbulensi udara ing sakupenge Himalaya. Turbulensi udara kang resik angel diwaca ing radar, saengga angel kanggone pilot ndeleng. Mangka, pagunungan kang dhuwur mujudake panggonan tumangkare turbulensi udara kang resik.

Miturut Administrasi Penerbangan Federal, turbulensi udara kang resik yakuwi kang paling ndadekake lara kanggone penumpang lan awak kabin ing kacilakan non fatal.

Banjur ana uga masalah bahan bakar kang dadi beku. Saya dhuwur kowe mabur, saya adhem kondisine. Kepara bahan bakar jet wae uga bisa beku ing minus 47 derajat Celcius lan iku bisa kedadeyan ing sandhuwure Himalaya.

Biasane, sawijining pesawat bakal mudhun menyang posisi kang luwih endhek (lan luwih anget) kanggo ngendhani masalah ksb. Mula jelas, ngliwati Himalaya iku dudu pilihan.

Saliyane masalah teknis, ana alasan liya yen Pagunungan Himalaya uga dumadi saka perbatasan kang sensitif sacara politik.

China mbatesi banget akses pesawat komersial liwat ing sandhuwure Tibet, umume mung ngidini maskapai penerbangan China kang mabur ngliwati wilayah ksb.

Militer China lan India nindakake latihan ekstensif ing njero lan sakupenge Himalaya, lan mungkin ana lalu lintas militer kang cukup gedhe ing daerah ksb. Senajan ana sawenehing penerbangan domestik ing Nepal kang nuju menyang Himalaya kang dhuwur.

Saka pandulu normal, pagunungan Himalaya ana ing bagian donya kang ora akeh diliwati pesawat. Penerbangan antara pasangan kota ing Asia lan Eropa biasane mabur mengalor utawa mengidul Himalaya, merga jarake kang luwih cendhak.

Ing rute lor-kidul kuwi, ora akeh lalu lintas penerbangan antar kota kang ngudokake mabur ngliwati Himalaya.

***

Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *