SASUWENE iki Kabupaten Gunungkidul dikenal minangka pangasil tela pohung paling gedhe ing wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta. Saliyane kaolah dadi gaplek, lumrah digunake minangka salah siji sumber pangan tumrap masyarakat. Arupa thiwul, gathot, lsp. Jinis tela pohung sing dibudidaya uga maneka werna. Racake varietas Gatutkaca sarta Kresna.
Mung wae emane kulit tela pohung durung digunakake kanthi temen. Sing kerep kanggo campuran pakan sato iwen. Sabageyen gedhe malah dibuwang ngono wae. Mangka yen nganti numpuk bisa gawe rusak lemah sarta ngregedi lingkungan. Jalaran ngandhut sia- nida (HCN) sarta nuwuhake ganda ora sedhep.
Kaolah dadi gula encer
Nanging durung suwe iki, kulit tela pohung iki antuk kawigaten tim Cassava Peel Hero bageyan program kreativitas mahasiswa bidang pengabdian masyarakat (PKM-PM) Universitasa Gadjah Mada sing nangani limbah kulit tela pohung ing Klepu, Gunungkidul. Tim nyoba ngolah kulit tela pohung dadi gula encer sarta pupuk organic encer (POC).
Tim dumadi saka mahasiswa cacah lima. Yaiku Fathia Thaurika Rahma (Mikrobiologi Pertanian 2021), Hafsah Dwi Nurhaliza (Mikrobiologi Pertanian 2021), Shinta Firdha Amalia (Mikrobiologi Pertanian 2021), Ayu Mela (Pembangunan Sosial sarta Kesejahteraan 2021), sarta Audi Mutia (Teknik Sipil 2021). Kaampingan dosen Diah Fitria Widhiningsih S.P, M.Sc.
“Tim Cassava ngecakake program pemberdayaan tumrap Ibu-ibu PKK Dusun Klepu minangka salah siji cara ngundhakake kualitas lingkungan sarta pangasilan,” ujare Fathia Selasa (19/9/2023) marang ugm.ac.id.
Fathia nambahke, kandhutan kalori gula encer asal kulit tela pohung luwih endhek katimbang konsumsi gula padinan. Kurang luwih 1,13 kalori. Kanthi mangkono kandhutan kalori sing endhek, cocok kanggo para warga sing nandhang penyakit diabetes. Wose andayani tumrap kasarasan.
‘sanajan kandhutan kalori gula encer saka kulit tela pohung, nanging babagan rasane tetep legi kaya legine gula liyane. Ing mengkone gula encer bisa kaolah dadi produk turunan kanthi pengaji luwih gedhe’ imbuhe.
Sauntara kuwi carane ngolah gula encer yakuwi, kulit tela pohung luwih dhisik diolah dadi pathi. Banjur kacampur banyu kanthi takeran siji bandhing telu. Kaudhak nganti warata sarta ora ana sing njendhel. Candhake digodhog sarta katambahan enzim alfa amylase. Werna pathi sing sakawit putih salin rupa dadi soklat.
Sawise plenik-plenik werna putihe ilang, dijarne wae nganti suhune ngancik 60 derajat. Enzim amiloglukosidase dileboke sarta diudhak warata kurang luwih 10 menit. Diinepke paling ora sewengi. Candhake proses sakarifikasi. Katambahan areng aktif sarta dipanaske sajrone 5 menit. Pungkasan kasaring migunake kain jins. Gula encer siap digunakake.

Kaolah dadi pupuk organik encer
Fathia nandhesake, saliyane kaolah dadi gula encer, limbah kulit tela pohung bisa uga kaolah dadi pupuk organik cair (POC). Bisa digunake minangka gentine pupuk kimia. Ngiras pantes ngundhakake kualitas kesuburan lemah sing rusak merga nggunakake pupuk kimia sing sasuwene iki lumrah digunakake.
‘pangolah pupuk organik cair POC kagolong gampang, cukup nggunakake piranti sarta bahan sing murah regane, saengga Ibu-ibu PKK bisa ngolah sacara mandiri’ imbuhe.
Fathia nyatake, tumanduke kagiyatan pengabdian, ora ngemungke edukasi ngolah produk, uga dadi sarana ngembangake diri pribadi lumantar sistim Training of Trainers (ToT). Kaajab bisa dadi sarana mbangun jiwa kompetensi ibu-ibu PKK Dhusun Klepu sarta mandireng pribadi.
***
Panulis: Dimas Rangsang
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







