Jaga Kasarasan Tanpa Kapusan

PIRANTI kanggo nyebarake informasi saiki wis tansaya canggih. Ora mung pariwara ing kalawarti kaya ta koran, tabloid, majalah. Nanging radhio lan televisi uga dadi srana kang bisa nglarisake. Paling ora, sing krungu lan nonton akeh, pariwara uga tekan ngendi-endi.

Salah sijine iming-iming sing jarene njalari pasuryan mulus.

Tambah maneh, saiki ana medhia sosial. Meh saben wong bisa antuk informasi saka internet. Lan ora kudu ngadhep komputer. Nganggo handphone (HP) wae wis bisa.

Sing ora gelem kalah anggone mupangatake piranti-piranti iki yaiku prodhuk kang ana embel-embele “kesehatan”. Alat kesehatan, ramuan herbal, cairan ngandhut zat kang bisa ngundhakake kesehatan, lsp. Umume padha njupuk kalodhangan kanthi negesake yen saiki mono jamane wong akeh kang padatan uripe ora sehat, akeh polusi, akeh panganan instan, lsp.

Contone, ana sing nawakake koyok kanggo detoks. Jarene, kanthi nganggo koyok iku sewengi, bisa mbuwang racun sing ana ing awak. Ana maneh sing udreng tawa ramuan herbal, saka kulit woh-wohan, sing jarene bisa mrantasi maneka penyakit. Wis mesthi, anggone tawa karo nganggo ukara sing ngunggulake prodhuke lan ngasorake prodhuk liyane. Contone, ngandhakake yen obat kang adate diwenehi dhokter iku saka bahan kimia, ora alami. Banjur ngajak masyarakat pilih sing jarene “herbal”.

Dokter Marya Haryono, M. Gizi, SpGK ngandharake, becike aja gampang percaya marang imingiminge pariwara. Apamaneh yen sawijining wong wis ing kahanan saras, becike ora susah imbuh tetuku prodhuk kanthi embelembel “kesehatan”. Yen pancen kepengin sing alami, ya memangan sing ngandhut gizi satimbang. Uga, olah raga sing ajeg.

Ngati-ati kepincut obat sing jarene herbal, ananging wujude kapsul.

Dene yen pancen nduweni lelara, lan wis diusadani kanthi obat saka dhokter, becike dibacutake lan sregep priksa. Porsi obat kang diwenehake bisa mundhak utawa dilongi, saben sawise dipriksa. Lha yen tuku “obat herbal” iku rak dosis-e digebyah uyah, kabeh dipadhakake. Gek apa ya klebu nalar, lelarane beda, kok obate padha?

Aja nganti, amarga salah anggone konsumsi obat, ora sida sehat malah banjur kesrakat. Jalaran ora ngerti efek sampinge, bisa wae sawise ngonsumsi obat “herbal” utawa nganggo “alat kesehatan” iku banjur malah nandhang lelara liyane.

Psikolog Agustina Dwi Rahmawati, S.Psi, M.Psi, saka RSUD Mardi Waluyo Blitar uga urun rembug, “Adate saben wong sing arep tetuku apa wae, mesthi wis mikir, iki perlu apa ora, jumbuh karo butuh apa ora,” kandhane. Nanging, uga asring dumadi, sanadyan ngrumangsani ora perlu ya tetep tetuku. Umume, yen wong kasebut ora nduwe butuh liya sing luwih wigati, utawa lagi turah dhuwit.

Kejaba saka iku, ana maneh wong kang meksa tetuku sawijining barang, malah kanthi direwangi ngutang. Ora amarga butuh lan mangerteni benerbener mupangate. Nanging amarga katut kancane, tanggane, utawa wis kepincut marang pariwarane. “Ya iki sing kudu diendhani,” imbuhe ibu saka Rahma lan Azam kasebut.

Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *