ING kanyatahan, masyarakat Jawa wiwit jaman kuna makuna kawengku maneka kaelokan sing gawe gawok sarta penasaran tumrap bangsa kulonan. Contone kagunan tosan aji. Sanajan padha-padha sanjata karo pedhang Spanyol sing kondhang kaonang-onang, pambabare tosan aji isih kawengku misteri.
Sarjana kulonan nyoba ndhudhah mungguh piye carane wesi, waja sarta pamor (nikel) bisa manunggal sarana kababar sacara prasaja migunake geni areng kayu jati sing panase winates. Mangka miturut kawruh anyar, murih bisa manunggal, butuh panas nganti ewonan derajat sarta butuh wektu suwe.
Tosan aji kadhangkala uga gawe ngungun, merga ngerti- ngerti bisa mawujud ngono wae ing saweneh papan. Wose saka ora ana dadi ana. Lumrahe kayadene sulapan. Anggone mawujud kakanthi nindake laku tartamtu. Mangka miturut kawruh anyar, mujudake prakara sing mokal, ora klebu nalar.
Fosil jagung wewehan wewe
Kanyatan kaya iki uga lumaku tumrap barang liyane. Upamane fosil jagung tinggalan mbah Wali, saweneh wong linuwih asal Sleman. Laras karo jenenge fosil, mesthine umure atusan taun. Mesthi wae nuwuhake paran pitakonan tumrap para sarjana. Merga kagolong barang langka.
Wose bukti-bukti arkeologi nuduhake menawa tanduran jagung kagolong tanduran sing durung suwe kabudidaya, udakara nembe10.000 taun kepungkur. Kabudidaya dening masyarakat purba jaman neolitikum. Nalika masyarakat wiwit manggon ing guwa sarta nepake ulah tetanen.
Gotheking carita fosil jagung tinggalan mbah Wali wewehan wewe pinggir kali nalika nindake laku. Wujude saemper karo jagung sing isih seger. Semono uga ukuran, werna kuning edi nengsemake. Bedane mligi ing babagan bobot. Luwih antep semune mengku daya-daya linuwih.
Jaman sugeng, mbah Wali nate dongeng menawa wewe sarupa karo wong wadon. Penganggone, kayadene anggone wanodya lumrah. Sampiran slendhang sarta ana singnganggo gombel utawa anting-anting. Mula iku ana sing ngarani wewe gombel. Lumrahe manggon ing sendhang utawa pinggir kali. Lire papan sing anyep sarta hawane adhem.
Kagolong bangsa alus sing ora dhimen ngganggu pari gawe manungsa. Upama ana pawongan weruh ing saweneh sendhang utawa mancing ing pinggir kali, si wewe nedya nepungke jati dirine. Asring menehi suwekan kain putih kayadene kacu marang wong sing dhimen nindake laku.
Anggone menehake lumrahe titi wanci sore ngarepake magrib. Kain putih iku kadhangkala
ngetoke ganda wangi kaya wangine lenga cendhana. Tumrap pawongan sing diwenehi mujudake barang simpenan. Lire ora kena disilih-silihke marang liyan. Apa maneh diijolke dhuwit.
Paweweh barang arupa fosil jagung, nuduhake menawa barang iku mau kagolong barang istimewa sarta mengku kagunan tartamtu. Dening mbah Wali digunakake minangka sarana tetulung pawongan sing nembe kalimputan masalah ekonomi. Upamane seret anggone dodolan.
Carane nepakake, fosil jagung didunungke ing ndhuwur kembang telon, murih kesawaban daya-daya sing cumondhok ing fosil jagung. Banjur ngunjukake atur pandonga laras karo neton pawongan sing nembe kalimputan masalah. Sarampunge atur pandonga dileremke sawatara wektu.
Sekirane wis cukup, fosil jagung dibaleke ing papan panyimpen. Kembang telon diwenehke pawongan sing duwe masalah sarta digawa mulih. Tekan ngomah, wungkusan kembang telon dibukak sarta didunungake ing wadhah leter. Kadonganan luwih dhisik, murih andayani. Banjur didunungke ing meja utawa ndhuwur lemari.
Miturut dongeng sing uwis-uwis, masalah sing nembe disandhang, katon trontong-trontong antuk sing samesthine. Pancen ora malik grembyang langsung bisa apik. Anggone pulih mbaka sithik. Dadi ya kudu sabar sarta tawakal sajrone nglakoni sarta nampa kanyatahan.
Seneng lelungan
Unike, fosil jagung sing bobote watara seprapat kilogram iku kadhangkala murca saka papan panyimpenan. Tembung lumrahe seneng lelungan saparan-paran. Babar pisan tanpa ninggal tapak. Barang sing ana ing sakiwa tengene ora ana sing owah. Mung wae kadhangkala, menehi sasmita dhisik sadurunge.
Anggone lunga menyang ngendi, mbuh raweruh. Sawatara wektu candhake, ngerti-ngerti wis manggon ing papan sakawit. Merga asring murca, banjur dijarne ngono wae. Ora sah dadak digoleki manyeng-manyeng. Yen wis titi wancine bakal bali dhewe, tanpa ana sing ngeterke sarta ora bakal lali dalane.
Jaman sadurunge mbah Wali seda, nate ana kenalan sing nedya ngopeni. Karepe mono murih kesawaban. Yektine ya wis dituturi, yen fosil jagung iku ora kena diwenehke marang liyan, kajaba wis antuk dhawuh. Mung wae merga kepingin banget nyimpen, kanggo nglegani banjur diwenehke sarta digawa mulih. Kenalan iku mau mesthine seneng. Jalaran bakal bisa kesawaban daya-daya linuwih sing cumondhok ing njerone. Sawise tekan omah, diwadhahi sarta kasimpen ing njeron lemari. Bengine iya bisa turu angler. Babar pisan ora duwe pikiran sing aneh-aneh. Merga rumangsa wis diwenehke.
Eloke, dina esuke, nalika nedya ditiliki ing lemari, fosil jagung ilang saka panyawang. Salemari diubak-ubak. Meksa ora ketemu. Banjur sowan ing daleme mbah Wali sarta ngaturake kadadeyan ing omahe. Kandhane mbah Wali, fosil jagung bali menyang papan dununge sakawit.
Unike ora mung tekan semono. Jaman duwe rewang anyar, fosil jagung sing dilalah dideleh ing dhuwur lemari bareng karo sawatara barang aji liyane, katut diresiki. Pangirane rewang, jagung garing wae kok disimpen. Mula katut dilebokake tempat sampah sarta dibuwang ngono wae.
Andadekake wong saomah opyak nggoleki, semune karo muring-muring. Umyeg digoleki tempat sampah, ora ana. Semono uga ing papan anggone ngguwang, uga ora ana. Meruhi kaanan kaya mangkono, mbah Wali bisane ya mung pasrah. Eee ndilalah, tanpa kanyana-nyana fosil jagung bali dhewe.
Mung wae emane, bakda mbah Wali seda, fosil jagung mung dadi barang simpenan. Ora digunakake maneh. Jalaran ora ana sing marisi katiyasan mbah Wali.
***
Panulis: Dimas Rangsang
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







