Umume, jinise jagung mung ana loro, yaiku jagung biyasah lan jagung manis. Pancen arang kaweruhan yen uga ana jagung kang rupane wungu. Senajan ta warnane seje, rasane jagung wungu isih padha wae karo jagung salumrahe. Nanging, jagung wungu kuwi pranyata kebak mupangat tumrap kasarasan badan hlo, utamane kanggo ngawekani diabetes.

JAGUNG wungu minangka jinise jagung kang asale saka Meksiko. Ewasemono budidayane jagung wungu saiki wis sumebar warata menyang maneka negara. Dene ing Indonesia, jagung wungu pancen arang banget diweruhi, ya merga isih sithik pambudidayane. Banjur geneya kok wernane wungu? Ora liya, krana jagung wungu ngandhut antosianin kanthi cacah kang kaluwih-luwih. Zat kasebut mi- nangka pewarna alami kang umume ditemokake sinandhingan klawan klorofil ing woh-wohan, janganan, kembang, lan tanduran liya-liyane. Ora mung kuwi wae, asil panliten kang kapacak ing situs Very Well Health, nuduhake yen antosianin bisa didadekake minangka antioksidan lan nundhung radhikal bebas.
Nutrisi jrone Jagung Wungu
Methik saka situs US Department of Agricul- ture, jagung wungu ngandhung kadhar bahan kimia alami kang luwih dhuwur tinimbang jagung biyasah. Bahan kimia kasebut kang dipercaya bisa mungsuhi obesitas, peradhangan, diabetes, lan lelara kardiovaskular (lelara ing jantung lan pembuluh dharah). Jrone 100 gram jagung wungu, ana watara 186 kalori, 39,84 karbohidrat, 8,1 gram karbohidrat, 8,1 gram protein, 3,1 gram serat, 0,168 miligram vitamin B-6, 1.58 miligram zat besi, 43 miligram magnesium, 94 miligram fosfor, lan 0.82 miligram seng. Njur apa wae kasiyat liyane kang bisa dipikolehi sawise ngonsumsi jagung wungu?

Sumber: Google.com
Kasiyate Jagung Wungu
Kaya dene panliten kang diterbitake ing SAGE Journal, jagung wungu bisa kanggo ngemonah tekanan dharah. Iki mono karana perbawane antioksidan ing jagung wungu. Antioksidan kuwi bisa mepalangi penggumpalan sel dharah kanthi ngundhakake prodhuksi nitrit oksida (NO). NO migunani kanggo ngambakake pembuluh dharah saeangga aliran dharah luwih lancar. Saliyane kuwi, zat antosianin uga mujarab banget kanggo ngawekani obesitas saha ngu- dhunake potensi diabetes. Zat kasebut uga kang bisa ndadekake weteng bisa awet wareg. Mula jagung wungu uga cocog banget kanggone sing nduwe program diet.
Ngolah Jagung Wungu
Para maos bisa ngolah jagung wungu kanthi dikusus. Pamrihe, supaya zat-zat penting jarone jagung wungu bisa kajaga. Ngolah jagung wungu kanthi dikukus luwih becik tinimbang digodhog. Sebab, nggodhog bisa mbuwang cairan antosia- nin ing jagung wungu. Dene yen ngersakake digodhog, ora apa-apa. Nanging diupayakake banyu godhogane ora dibuwang. Mangkono karana banyune isih bisa dipigunakake minangka ombenan terapis. Ya merga cairan antiosianine kuwi mau. Dene nggodhoge gumantung kahanane wae. Banjur yen bisa jagung wungu ora diolah kanthi dibakar. Krana kangutan ing jagung wungu bisa nuwuhake zat-zat kang mbebayani tumrape badan kaya ta heterocyclic aromatic amine (HCA) lan polycyclic aromatic hydrocarbon (PAH). Anut saperangan panliten, rong zat kasebut kang bisa dadi sebab tuwuhe kanker ing jro badan. (ARW)
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Redaksi Panjebar Semangat







