Jasmince Marcia. Sebut wae Jasmine. Upama dijawakake, jenenge mengku teges mlathi. Arum jenenge semono prestasine. Durung suwe iki, siswa SMPN 2 Prambon Sidoarjo kuwi kasil ngukir sawernane prestasi ing bidhang akadhemik, mligine ing bidhang basa. Lire nyabet juwara jroning Olimpiade Bahasa Indonesia, saka platform Olimpiade Siswa Indonesia.

Kejaba kuwi, kawasisan basa Inggrise Jasmine uga patut diacungi jempol. Katitik saka medhali perak kang digayuh nalika melu Olimpiade Bahasa Inggris kang diadani dening platform Puskasnas (lembaga sayembara sains gedhe dhewe sa-Indonesia) sawatara wektu kepungkur.
Yen ditakoni ngenani mata pelajaran klangenane, wangsulane Jasmine yaiku bab basa. “Kita bisa dulinan tetembungan lan ukara. Mula bab basa kuwi tumrapku nyenengake banget. Bisa kanggo sarana nguntabakae ekspresi dhiri. Beda kelawan matematika kang kudu ngapalake sakehe rumus, hehehe,” ujare Jasmine sinambi pringisan.
Luwih jeru maneh, Jasmine adreng banget tresnane marang donyaning maca puisi. Buktine apa? Nom-noman klairan 18 Maret 2012 uga kasil dikepyakake minangka juwara harapan 3, makili SMP 2 Prambon jrone sayembara Puisi kang digelar dening MGMP Bahasa Indonesia SMP tingkat Kabupaten Sidoarjo.
Gandhes-luwes patrape tur lageyane sarwa edipeni. Kanthi direnggani swara kang nges, sarta pamacane puisi kang pantes tur mentes. Mula nalika pengetan Hari Anak Nasional taun kepungkur, para juri sayembara maca puisi sa-Sidoarjo ora wigih netepake Jasmine minangka juwara loro.
Manut lumakune jaman, pancen sapa wae pancen ora bisa cucul saka panganggone gadget. Klebu si Jasmine. Ewasemono, prinsipe Jasmine kuwat; teknologi kudu tansah dimanfaatake kanggo samubarang kang positif. Jasmine ngaku yen sasuwene iki dheweke ngundhakake prestasine lumantar panganggone gadget. Embuh kuwi kanthi sinau lumantar media sosial, lan ngasah kaprigelane kanthi nggunakake sawernane aplikasi.
Sauntara iku, bakat senine Jasmine pancen agawe bombonging manah. Wiwit lungguh ing bangku SD, dheweke wis nggembol sawernane juwara ing sayembara tataran kabupaten. Kaya dene antuk juwara 1 sajrone sayembara maca puisi kang diadani dening SMP Islam Insan Mulia Sidoarjo, sarta juwara 2 lomba maca puisi gelarane SMP Muhammdiyah Tulangan Sidoarjo. Ora kandheg semono wae, dheweke uga tau dinubatake minangka Pelajar Teladan Kabupaten Sidoarjo duk ing taun 2021.
Kang narik kawigaten, Jasmine ora mung ngasah kaprigelane ing babagan maca puisi. Keri-keri iki dheweke uga njajal seni tari lan panggung banyolan kang dibungkus kanthi format dhigital. Miturute, donyaning seni iki seru banget. Karana bisa kanggo sarana nglandhepake daya ripta (kreativitas) sisan njembarake wawasane.
Jasmine uga tau tampil sajrone acara ndongeng ing TVRI Jawa Timur lan Radio Sonora Surabaya. Mungguhe Jasmine, ndongeng dudu sakadhar seni atur carita wae. Nanging uga minangka sarana kanggo andum sesurupan positif tumrap liyan. Dene kang dadi jejimating uripe yaiku mung prasaja wae; tawakal kanthi binarung ngupaya lan manekung puja. Pawitan saka kuwi, Jasmine terus jumangkah. “Murih bisa asung inspirasi kelawan liyan,” pangajabe Jasmine mungkasi rembugane karo PS. Jempol loro kanggomu, Jasmine!
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







