Direktur Pencegahan Badan Nasional Penanggulangan Terorisme (BNPT) Irfan Idris ngelingake wigatine mbetengi donyaning pendidikan saka pangaruh idheologi intoleranisme, prilaku kasar, lan bullying. Pepeling iku diucapake Irfan nalika ngisi acara Sekolah Damai ing Bali, Kemis, 6 November 2025. Sedina candhake, kekuwatirane Irfan kabukten, sawenehe siswa SMAN 72 Kelapa Gading, Jakarta Utara, njeblugake alat peledak rakitan meneri salat Jumat.

Pulisi ngati-ati banget nylidiki kasus sing nyebabake 96 kurban nandhang tatu merga statuse pelaku pelajar umur 17 taun. Pelaku dhewe uga nandhang tatu abot. Pangati-ati nindakake penyelidikan, klebu ngati-ati ngungkap motife prekara, penting amrih ora mimbuhi rasa girise insan-insan pendidikan. Nanging panduga awal nyebutake, pelaku nekad tumindak mengkono jalaran ngigit-igit kerep dipoyoki (bullying) ing sekolahan dening kanca-kancane.
Dibutuhake keseriusan lan pangati-ati nangani masalah intoleran lan “kekerasan” ing kalangane bocah-bocah remaja. Jalaran mangsa remaja mujudake wanci sing lagi nggoleki jati dhiri. Ing proses-proses nggoleki jati dhiri mau remaja gampang kapengaruh dening idheologi sing ora cocog karo nilai-nilai kebangsaan.
Nanggepi kedadeyan ing SMAN 72, Menteri Pendidikan Dasar dan Menengah Abdul Mu’ti majibake kabeh guru nduweni kemampuan konseling kanggo nyegah murid-muride saka pangaruh konten-konten terorisme ing jagad digital. Senadyan nggathuk-nggathukake pelajar sing njeblugake SMAN 72 mau karo idheologi terorisme mbokmenawa keluwih-luwih, nanging lingkungan pendidikan kudu tetep waspada awit bisa wae wis ana bibit-bibit pemikiran radhikal sing ‘disinau’ saka media sosial. Satemah nalika atine dikebaki dhendham kesumat krana poyokane kanca-kancane, si bocah bisa tumindak nekad.
Senadyan motife dhendham pribadi, pakarti mau njalari pelajar liya sing ora ngerti apa-apa katut dadi kurban. Kanggo ngawekani buntune ekspresi sing mbokmenawa dipendhem murid, Mu’ti nemenake pentinge aweh ruwang sing longgar marang siswa kanggo ngungkapake gagasan-gagasan kreatif. Ruwang kalonggaran mau diajab bisa nyegah ekspresi-ekspresi sing mbebayani liyan.
Remaja sing jiwane durung stabil, mbutuhake ruwang ekspresi sosial sing aman lan nyaman. Ruwang ekspresi kang mampet mung bakal nglairake generasi-generasi sing mrepel. Ing medsos generasi “rapuh” mau sok dijuluki generasi stroberi, yaiku woh sing katone legi mencutake, nanging jebul isine gampang bosok. Sekolah lan wong tuwa duwe tanggung jawab nyiptakake ruwang ekspresi sing aman lan nyaman. Yen swasana kuwi bisa mawujud, siswa ora golek ruwang ekspresi liya sing tundhone malah sasar-susur.
Ing sisih liya, guru ora mung cukup maspadani muride sing rawan di-bully kanca-kancane, nanging uga maspadani murid sing duwe potensi negatif dadi pelaku bully. Bocah mau butuh dituturi ngenani hakekate kekancan amrih nduweni watak welas asih marang sasamaning kanca. Saka kono timbul rasa padha dene nyengkuyung sarta padha dene nyemangati ing antarane murid sakelas. Kanthi mengkono sekolah ora mung dadi panggonan transfer ngelmu lan kawruh, nanging uga papan kanggo ngrembakane jiwa lan mental sing sehat lan positif.
Nyiptakake lembaga pendidikan sing “ramah anak” kudu dadi komitmene kabeh warga sekolahan, wiwit saka kepala sekolah, guru, murid, tukang kebon, ibu kantin, nganti satpam. Kabeh sing ana lingkungan sekolahan meneri proses belajar mengajar kelakon, perlu diwenehi pemahaman ngenani kaciptane ruwang ekspresi sing aman lan nyaman.
Pihak sekolah uga duwe tanggung jawab nularake swasana aman lan nyaman mau marang wong tuwane murid. Mula saka kuwi komunikasi intensif antarane pihak sekolah karo wali murid klebu bageyan saka nyiptakake pendidikan kang nguwongake bocah. Kolaborasi becik antarane sekolah, wali murid, sarta masyarakat sakiwa tengening lembaga pendidikan bisa dadi pondhasi rosa nyamaptakake generasi mudha tanggon sing ngisi ‘Indonesia Emas 2045.’ (Antara/Masuki M. Astro)
Panulis : Antara/Masuki M. Astro
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







