Taun iki Paguyuban Raden Sawunggaling bali nggelar Donga lan Ngangkat Budaya kaya taun kang uwis-uwis. Acara kang digelar ing Pendhapa Agung Cagar Budaya Radèn Sawunggaling Kalurahan Lidah Wetan, Kecamatan Lakarsantri, Surabaya nalika dina Kêmis 10 Oktober 2024 iki lumakurancag.
Kanthi ngundang para tamu undangan kang dumadi saka para dhosèn lan budayawan Surabaya, acara kang mbabar tema Misteri Perjalanan R.Sawunggaling babat alas Suroboyo dan Bubarnya VOC iki uga ditekani para mahasiswa Fakultas basa lan seni Unesa Surabaya.
Acara Donga lan Ngangkat Budaya kang diwiwiti kanthi pasugatan Tari Remong iki mengku tujuane kanggo nyadhar-
ake para warga, mligine para nom-noman yen Kelurahan Lidah Wetan nduwéni sejarah tokoh wigati sing kudu diuri-
uri yaiku Radèn Sawunggaling.
“Kelurahan Lidah Wetan ndhisik nganti tekan saiki nduwéni pendhekar kondhang sing kudu dijaga sêjáráhe” jlentrehane ketua LPMK (Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Kelurahan) Lidah Wetan, Mochamad Andi. Kejaba ngundang mahasiswa lan mahasiswi Fakultas Basa lan Seni UNESA, ing acara iki uga nekakaké Cak Karjo lan Cak Wijoyo (Budayawan Surabaya) lan Sugeng Adipitoyo (Dhosèn Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa Universitas Negeri Surabaya).
Para tamu undangan mau ngrembug maneka warna bab gegayutan karo sejarahe Radèn Sawunggaling, wiwit jênêng jangkepe radèn Sawunggaling, garis keturunan, makame, nganti njlentrehake satemene tokoh asli apa mung folklor sing mung kerep dadi cerita gethok tular.
Manut panemune Sugeng Adipitoyo yen nyebut jenenge Radén Sawunggaling ora oleh ngawur lan kleru, kudu kánthi bener lan jangkêp yaiku Radèn Sawunggaling Qulmaksasranegara. Ing sarasehan budaya mau Sugeng Adipitoyo uga ngajak para warga masarakat Lidah Wetan nyinaoni cêrita uripe Radèn Sawunggaling Qulmaksasranegara sing sengsara nanging ora wedi golek sing jenenge keadilan.
“Radèn Sawunggaling iki lair kanti nistha banget, mbokne Dewi sangkrah. Sangkrah uga bisa diarani larahan sing lumrahe ana sing kali. Sadurunge diangkat dadi Radèn Sawunggaling Qulmaksasranegara, mangsa enome diarani Joko Berek. Joko sing tangine awan lan ora duwé pegawéyan, senadyan mangkono dheweke ora pasrah, dheweke mara menyang Kraton Sura-
baya melu sayêmbara nyodor umbul-umbul Tunggul Yudha. Lan wusanane bisa ngganteni bapake, Jayengrana lungguh ing Keraton Surabaya,” jlentrehe Sugeng Adipitoyo.
Pungkasan Sugeng Adipitoyo ngajak para mahasiswa lan mahasiswi UNESA, mligine saka Fakultas Basa lan Seni nglestarekake budaya lan cerita Raden Sawunggaling Qulmaksasranegara iki digawé dadi Komik, vidheo animasi, sinema lan sapanunggalane. Supaya cerita Raden Sawunggaling Qulmaksasranegara bisa dingertèni wong awam, mligine bocah-bocah jaman saiki. (Lina Larasati)







