Indonesia ngarepake Presiden Soeharto lengser ora beda karo negara tanpa ukum. Kerusuhan pecah ing Ibu Kota 13 Mei 1998, sedina sawise pametaking layon mahasiswa Universitas Trisakti cacah 4 kang ditembak dening pawongan misterius nalika demonstrasi. Jakarta kobong. Penjarahan isen-isen toko kedadeyan ing sadhengah papan, wiwit tengah nganti poncod kutha. Pulisi lan tentara ora keconggah nyirep anarkisme sing saya ndadi. Saisining kutha kekes.
Sesuke, 14 Mei, kerusuhan mrantak menyang kawasan Pecinan. Grombolan nom-noman kang nyandhang penganggo kaya satatane gembel, mlebu menyang kompleks perumahan elit karo nyekethem gaman landhep lan penthung. Solahe bedhigasan. Swarane braokan. Omah-omahe warga keturunan Tionghoa dadi sasaran pangrusakan lan jarah rayah. Kanggo nyingkiri sikara, omah-omah sing durung ditekani perusuh cepet-cepet masang tulisan ‘milik pribumi.’ Ana sing alok perusuh iku klompok terorganisir.
Ing kahanan ukum kang lumpuh mau, sruwang-sruwing keprungu kabar menawa puluhan wanita etnis Cina ing Pluit lan Glodok dirudapeksa. Sedina candhake lapuran ngenani prekara iku wimbuh akeh, antara liya ing Jembatan Dua, Pondok Bambu, Kemayoran, kepara nganti tekan Tangerang. Sebageyan etnis Cina sing giris marang ngrembakane swasana, age-age mlayu ngungsi menyang Singapura lan Australia.

Kasus rudapeksa uga dikabarake kedadeyan ing Surabaya, Solo lan Medan sing kasempyok ontran-ontran, nanging skalane ora gedhe kaya Jakarta. Indonesia dipencerengi donya. Nanggepi sorotane internasional, tanggal 23 Juli 1998 Presiden B.J. Habibie mbetuk Tim Gabungan Pencari Fakta (TGPF) sing anggotane dumadi saka unsur pamarentah, Komnas HAM, sarta LSM. Sawatara tokoh sing mlebu TGPF antara liya Marzuki Darusman, Todung Mulya Lubis, Sinta Nuriyah lan Asvi Warman Adam.
Sawise nganakake penyelidikan lan penelusuran, TGPF ngaturake asil kerjane mau marang presiden. Jroning lapurane TGPF dinyatakake tinemu kurban perkosaan cacah 52, diprawasa lan dilarani 14, dianiaya sacara seksual 10, lan pelecehan seksual 9. Presiden Habibie nampa lapuran kasebut, sing ateges sacara politis negara ngakoni pancen ana rudapeksa massal ing geger Mei 1998. Minangka wujud empati-ne marang kurban, Habibie banjur mbentuk Komisi Nasional Antikekerasan terhadap Perempuan (Komnas Perempuan).
Lapuran ngenani pangakuwane kurban rudapeksa ora dibukak mlaha, senadyan anggota TGPF ngaku antuk paseksen langsung saka sawenehe wanita sing ngalami tindak rudapeksa. Sikepe TGPF bisa dimaklumi jalaran urusane nggepok senggol masalah asusila. Kejaba iku, para kurbane lagi ngalami trauma abot.
Lelakon klawu kuwi wis mungkur pitulikur taun. Saiki pamarentahane Prabowo-Gibran lagi jroning proses nulis ulang sejarah bangsa lumantar Kementerian Kebudayaan. Ora sethithik pakar sejarah independen sing sumelang Menteri Kebudayaan Fadli Zon duwe karep ngresiki “rereged” sing isih tumeplek sariraning Presiden Prabowo magepokan karo ontran-ontran 1997-1998. Sebab Prabowo sing kala semana njabat Komandan Jenderal Kopassus dinuga aweh prentah nyulik para aktivis sing srempeng ngritik Presiden Soeharto. Telulas aktivis sing diculik ilang nganti saiki.
Sumelange para sejarawan independen menawa pamarentah duwe karep mbusak sejarah sing sensitif sajake numusi. Merga Fadli Zon sing pancen cinaket dening Presiden Prabowo, ora percaya ana kasus perkosaan massal 98. Fadli nganggep kasus kuwi saderma rumor, dudu fakta. Nyatane, kandhane Fadli, ora ana pangakuwan sing mitayani dening kurban, kalebu ing dhokumen lapurane TGPF. TGPF mung nyebutake cacahe kurban, tanpa kinanthen jeneng, kapan lan ana ngendi rudapeksa iku kedadeyan. Kejaba kuwi, kandhane Fadli, TGPF ora bisa mbuktekake apa sing dimaksud ‘massal’. Pulisi uga ora mroses ukum prekara iku, mertandhani bukti-buktine kurang kuwat.
“Perkosaan massal kuwi jarene sapa? Ora ana buktine. Kuwi mung crita. Yen pancen ana tenan, coba tuduhna (buktine),” ujare Fadli nalika diwawancarai media online IDN Times lan digiyarake YouTube.
Sok ngonowa Fadli nampik anggepan lamun dheweke bakal mbusak kasus rudapeksa iku saka proyek panulisan ulang sejarah sing lagi digarap. Kerusuhan Mei 98, kandhane Fadli, tetep dilebokake jrone buku. Nanging panulise bakal proporsional merga dicocogake karo kasunyatan sing sabenere.
Anggota Komnas Perempuan Yuni Asriyanti njaluk Fadli Zon njabel ucapane bab kasus perkosaan massal saderma rumor. Miturut Yuni apa sing diunekake Fadli mau natoni atine para kurban sing mataun-taun urip bareng karo rasa traumane. “Yen perlu Menteri Fadli Zon njaluk pangapura marang kurban minangka wujud tanggung jawab moral sarta komitmen-e marang prinsip-prinsip hak asasi manungsa,” ujare Yuni dikutip saka Kantor Berita Antara.
Perkosaan Mei ing Surabaya
Akhir Pebruari 2023 kepungkur Komnas Perempuan nglumpukake informasi ngenani kasus perkosaan massal Mei 1998 ing Surabaya. Komnas, antara liya, nemoni penguruse Perkumpulan Indonesia-Tionghoa (INTI), Lembaga Bantuan Hukum (LBH) Surabaya, lan Ikatan Keluarga Orang Hilang (Ikohi) Jawa Timur.
Aan Anshori, Koordinator Jaringan Islam Antidiskriminasi (JIAD), klebu sing dijaluki keterangan dening Komnas Perempuan jalaran dheweke tau nganakake riset ngenani perkosaan etnis Cina ing Surabaya. Aan maca disertasine Jemma Purdey saka Deakin Univercity Australia mawa judhul Anti-Chinese Violence in Indonesia: 1996-1999.
Senadyan kedadeyan Surabaya mung telung kaca (halaman) saka total disertasine Purdey, nanging mungguhe Aan isine lumayan detil nyingkap masalah dibandhingake karo riset-riset sing tau diwaca. Upamane, Purdey nyebutake menawa kerusuhan Surabaya kedadeyan tanggal 14 Mei 1998 wanci bengi nganti subuh.
Diwiwiti dening tekane 6-7 trek kebak uwong menyang kampung Semampir, Surabaya iring lor, ditutake konvoi sepedha motor kang nggeber-nggeber gas. Purdey darbe pangira jumlah kurban kekerasan seksual ing Surabaya kurang luwih 25 wanita. “Purdey kasil ngrimuk tokoh Konghucu Surabaya, Bingky Irawan, nyritakake pisambate kurban perkosaan sing tau wadul marang dheweke,” kandhane Aan.
Nem minggu bacute, 1 Juli 1998, Jawa Pos macak artikel asesirah Ketua Konghucu Surabaya Ungkap Perkosaan di Surabaya. Ing artikel kuwi Bingky nuturake ana rasa perih ing atine kurban, sarte banget kaweden. Pangakuwane Bingky ing Jawa Pos mau njalari Kapolda Jawa Timur nalika kuwi, Mayjen Muhammad Dayat, murina. Sedina sabanjure Dayat gawe bantahan ana koran Suara Indonesia kanthi judhul Yang Ada Hanya Perusakan, Bingky Ditunggu Pasal Kebohongan.
Aan Anshori kober nemoni Bingky kanggo nggenahake masalah bantah-bantahane karo kapolda. Suprandene Bingky sing uga Ketua Majelis Tinggi Agama Konghucu Indonesia (Matakin) iku gedheg. “Mripate tumlawung, pasuryane katon sedhih. Panjenengane ngendika ‘sing uwis ya uwis, ora perlu diungkit-ungkit maneh’,” ujare Aan.
Tanggal 3 Juni 2018 Aan lan kanca rowange saka etnis Tionghoa nganakake refleksi lan ndonga bareng mengeti tragedhi kemanusiaan 1998. Kegiyatan sing meh dibubarake ormas iku digelar ana kampung Pecinan Jalan Tambakbayan Surabaya. Miturut Aan, acara kasebut sing sepisanan dileksanani kanthi tinarbuka ing Tambakbayan saploke Mei 1998. Bingky Irawan rawuh.
Nalika diulungi mic Aan supaya nyampekake pesen-pesene ngenani kasus perkosaan, Bingky ora akeh omong. “Panjenengane mung ngucapake parikan: klemben-klemben, roti-roti. Biyen-biyen, saiki-saiki,” pratelane Aan.
Bingky tinggal Donya 31 Mei 2021. Matine tokoh pengayom etnis Cina umur 71 taun iku, miturut Aan, njalari tlacak kasus rudapeksa ing Surabaya saya peteng. Satemene, kandhane Aan, Bingky tau crita bab kasus perkosaan iku marang Ketua Gerakan Pemuda Ansor Jawa Timur Choirul Anam. Bingky ngiras njaluk pangayomane Ansor. Bingky banjur nemokake Choirul Anam karo kurban-kurban perkosaan mau.
Maret 2023 Panjebar Semangat tau kirim WA marang Choirul Anam saperlu nakokake isine pirembugan antarane dheweke lan Bingky. “Aku wis lali,” jawabe. Choirul Anam tinggal donya setaun kepungkur.
Ketemu ing Singapura
Miturut Aan Anshori, jrone kupiyane ngumpulake keterangan bab kasus perkosaan 1998, Komnas Perempuan iya nemoni anggota pakumpulan Gema Sukma, Astrid Wiratna. Aan kaget nalika ing sapatemon kuwi Astrid waleh tau ketemu karo salah sijine kurban kekerasan seksual wektu dheweke lagi transit ing Singapura.
Marang Komnas Perempuan Astrid sing uga psikolog lan dhosen kampus swasta pinunjul mau ngaku terus terang menawa maune ora percaya yen kasus pangrusakan ing Surabaya 14 Mei 1998 wanci bengi iku disartani tindak perkosaan. Tumrap Astrid, anggepan ana perkosaan kang ndhompleng aksi perusakan iku ora logis.
Nanging sawise krungu pangakuwane kurban sing ora wani bali menyang Surabaya saploke ngungsi menyang Singapur taun 1998, Astrid ngowahi sikepe sing wiwitane ora ngandel dadi percaya. “Katrangane Mbak Astrid iku ngagetake tumrap aku. Dheweke mbukak fakta anyar yen sejatine kasus perkosaan iku ana tenan,” ujare Aan. Ditakoni bab anggone sapatemon karo kurban perkosaan ing Singapura, Astrid irit komentar. Dheweke mung kandha lamun kurban perkosaan 98 isih trauma nganti seprene. “Yen ora ditangani kanthi becik, kedadeyan iku isih terus ngganggu psikologise kurban,” kandhane Astrid.
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







