Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Jawa Timur mentasake drama tari modern asirah Rebellion in Wilwatikta. Ngangkat blegere Gayatri kang duwe labuh wigati nylametake kaprajan saka pangrebute Ra Kuti.
Jroning sejarah Kraton Majapahit, Dyah Gayatri kang uga katelah Sri Rajapatni, duwe andhil gedhe nylametake dhampar keprabon saka upayane grombolan Ra Kuti ngrebut panguwasa. Dicritakake, klompoke Ra Kuti ndeleng komplange Majapahit minangka kalodhangan becik kanggo mungkasi dhinastine Raden Wijaya sing kena diarani isih saumure jagung.
Kalodhangan kanggo mancik tlundhaganing kawiryan iku tinarbuka mungguhe Ra Kuti nalika Prabu Jayanegara sing isih yuswa timur, tinggal donya lantaran diracun dening tabib Ra Tanca. Ing jaman Raden Wijaya mangreh kaprajan, Ra Kuti lan Ra Tanca padha-padha anggota pasukan inti pengamanan raja kang diarani Darmaputra. Kejaba lelorone, anggota Darmaputra liyane yaiku Ra Banyak, Ra Wedeng, lan Ra Yuyu.

Sawise Raden Wijaya ya Sri Kertarejasa Jayawardana murud mring kasedan jati, Gayatri satemene wis nyingkur saka karameyane donya kanthi madeg dadi bhiksuni. Nanging nyumurupi swasana gawat Kraton Majapahit, Gayatri kang wis sepuh kuwi kepeksa mudhun gunung. Panjenengane ngreksa dhampar kanalendran amrih ora direbut dening Ra Kuti.
Gayatri uga ngatur strategi supaya Ra Kuti ora nganti nggepok senggol kursi raja. Awit saka kecermatan-e Gayatri mau, Majapahit slamet saka upaya kudeta. Lan sawise kraman Ra Kuti kasil ditumpes dening Gajah Mada (anggota pengawal inti Jayanegara), Gayatri banjur njumenengake putrine, Tribhuwanotunggadewi, minangka raja.
Crita sejarah kemelut Majapahit iku diangkat jroning pementasan drama tari modern asesirah Urban Youth: Rebellion in Wilwatikta ing Gedung Kesenian Cak Durasim Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali 85 Surabaya, Jumah bengi, 20 Juni 2025. Saka pemain cacah 67, 90 persen ing antarane mujudake generasi mudha perkotaan sing lagi kuliyan ana Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta (STKW) Surabaya.
Dene 10 persen sisane disengkuyung saka Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, sing sebageyan pemain seniore oleh dhapukan penting jrone pementasan kuwi, yaiku dadi Ra Kuti, Ra Tanca, Jayanegara lan Gajah Mada. Siji ing antarane Ahmad Dipoyono (dhapuk Ra Kuti).

Nyawijine instrumen musik lan gamelan, dibarengi karo koreografi sing rancak lan atraktif, nuwuhake segere tontonan kang dhurasine kurang saka rong jam kuwi. Visualisasi panggung sangsaya katon megah merga sinengkuyung teknologi layar LED, tata lampu show, 3D lan audio sing gumleger. Monolog lan dialog ditindakake langsung, ora mung saderma sulih swara.
Art Director pementasan drama tari, Abing Santoso, mratelakake sengaja mitontonake lelabuhane Gayatri minangka wanita kang cermat maca situasi sarta pinter ngatur strategi. Gayatri uga ditokohake minangka bleger ‘ibu’ sing wibawa nanging wicaksana. Miturut Abing akhir-akhir iki sangsaya katon menawa generasi zilenial sing lagi tumuju menyang generasi Alpha, kurang diarahake dening blegere ibu.
“Mangka ing mangsa kawuri kita duwe wanita hebat, pengatur strategi kang jitu, yaiku Gayatri,” kandhane Abing.
Supaya pesen kang disampekake lumantar drama tari kuwi tekan menyang atine para nom-noman perkotaan, ujare Abing, crita sejarah iku sengaja dibungkus kekinian lumantar entertain kang mikat ati nanging ora ninggal pilar-pilar tradhisi sing kinandhut ana sanjerone. Busanane pemain upamane, Abing tetep ngukuhi 75 persen motif tradhisional majapahitan, dene 25 persen dikembangake salaras karo ancase drama tari kanggo narik kawigatene generasi milenial.

“Khusus busana ora diowahi akeh, supaya mlumpate mengarep ora kadohan,” tuture Abing sing uga guru tari SMK Negeri 12 Surabaya.
Saengga, kandhane Abing, drama tari kang disutradharani Dhimas Respati Palguna kasebut pantes ditonton generasi zilenial langsung menyang Gedhung Cak Durasim, apadene lumantar media sosial. “Ora kok ateges generasi sepuh ora diolehi mirsani pagelaran, nanging bungkuse drama tari iki pancen diarahake marang generasi zilenial sing lagi tumuju generasi Alpha,” kandhane Abing.
Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Jawa Timur Evy Afianasari ngajap pementasan drama tari modern iku kuwawa aweh sesurupan marang generasi mudha lamun Jawa Timur iki sugih tradhisi lan crita sejarah. Sebab sebageyan gedhe bocah enom kutha, manut Evy, ora paham karo crita leluhur.
Evy uga ora yakin nom-noman jaman saiki mudheng karo sapa Gayatri, wanita sing nylametake Majapahit saka crah. Miturut Evy, adoh sadurunge Raden Ajeng Kartini, Gayatri wis nindakake tugas-tugas penting kenegaraan.
“Mula saka kuwi sethithik mbaka sethithik Disbudpar bebarengan karo seniman-seniman mudha mbudidaya nyusun konsep kepriye bisane sejarah leluhur kuwi diweruhi dening para generasi milenial perkotaan kanthi gampang,” tuture Evy.
Tumrap Evy sejarah ora kena kandheg dadi kenangan, nanging kudu terus diuripake nganggo basa lan tampilan sing dingerteni dening generasi ing jamane. Mula Disbudpar lan para seniman mudha ngudi nyusun ulang crita sejarah mau dadi tontonan anyar kang ngasilake pengalaman estetika sing uga anyar.
Evy darbe tekad terus ngupaya ngenalake sejarah-sejarah asli Jawa Timur marang generasi mudha lumantar maneka konsep sarta platform. Pambudidaya iku ora kena mandheg murih nilai-nilai luhur sejarah ora pedhot kelangan oyod lajere. “Keagungan sejarah Jawa Timur kanthi lelandhesan naskah kuno, wigati terus diurip-urip,” kandhane Evy. (KSW)
Panulis : Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







