Kembang Kenanga Bisa Kanggo Tamba Lara Asma, Encok lan Rematik uga bisa sirna

Wit kenanga klebu tetuwuhan kang mawa kayu (perdu) kang bisa bisa gedhe lan dhuwur. Kayune atos, umure bisa ngancik puluhan taun. Ing laladan Boyolali (Jateng) lan sakiwa tengene wit kenanga sing umure wis tuwa kayune bisa kanggo prabotan omah utawa mebel.

Nanging ing wewengkon perumahan tanduran kenanga umume kanggo pethetan (pasren). Wite sing asale saka cangkokan (stek) bisa thukul ngrembuyung lan cepet ngembang. Kembange ngandda arum, apamaneh yen bubar ketiban banyu udan.

Kenanga (Canangium odorantum) mungguhing para sedulur ing padesan wis suwe digunakake kanggo tamba sing ana gandheng cenenge karo pernapasan. Kayadene asma, sesak napas, lan bronkitis, uga lara puyeng (ngelu).

Tamba watuk lan asma

Kanggo ngusadani lelara asma kita bisa mundhut kuncup kembang kenanga sing isih seger utawa sing wis digaring- ake cacahe 5-6 iji, banjur banyu 2 gelas. Kembang nuli digodhog nganti umob. Sawise disaring, banyu godhogan kem- bang kasebut diwadhahi botol. Bisa diunjuk pendhak esuk sawise sarapan, kanggo rong ndina. Yen ambegane wis krasa entheng bisa dilereni.

Kanggo kang nandhang lara bronkitis bisa kanthi mundhut kuncup kembang kenanga kehe 5-6 iji. Digodhog nganggo banyu 1⁄2 liter. Yen wis umob lan kari kira-kira 200 cc ditambahi gula batu sethithik (watara 25 gram). Bubar disaring bisa diunjuk kaping pindho wayah esuk lan sore. Cara nggawe iku bisa diambali nganti 10 dina.

Kanggo sing nandhang lara sesak napas bisa kanthi mundhut kembang kenanga seger 1⁄2 gegem. Banyu kehe 300 cc lan gula batu 30 gram. Racikan iki nuli digodhog nganti umob lan disat kira-kira kari sagelas (230 cc). Sawise disaring banjur diunjuk kaping sepisan. Kanggo putra-putra cukup setengahe wae.

Dene kanggo sing nandhang gerah puyeng bisa mundhut kuncup kembang kenanga 3 iji lan parutan jahe 15-20 gram. Racikan iki digodhog nganti umob nganggo banyu 300 cc. Yen wis kari sagelas banjur dientas nuli disaring lan diunjuk manget-manget bisa diambali wayah esuk lan sore.

Encok utawa rematik

Lelara encok kabare uga bisa diusadani nganggo racikan kembang kenanga. Kuncup kembang kenanga sagegem, godhong srikaya 15 lembar, godhong ketapang rong ler, parutan jahe 20 gram lan mrica bubuk sasendhok teh, sarta injet sakdulit. Kabeh racikan iki didheplok lembut banjur digosok-gosokake ing perangan sing lara. Bobokan kasebut bisa kanggo wayah esul lan sore sawise adus.

Kejaba iku, kembang kenanga uga cukup ampuh kanggo nambani tatu merga dicokot utawa dientup kewan mawa wisa. Kayadene ula, klabang utawa kalajengking.

Carane, kuncup kembang kenanga rong iji, kuncup kembang mawar siji, kuncup kembang melathi 10, lan lenga klentik sasendhok makan. Kembang-kembang kasebut didheplok lembut banjur dicampur lenga klentik. Racikan iki bisa kanggo bobokan ing panggonan kang abuh.

***

Panulis: Syt
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *