Kiprah Surabaya Mawujudake Kutha Metropolitan

Owah-owahan gedhe

Jalan Rajawali nuju kawasan Kota Lama pancen mulus lan temata rapi. Nanging, sing jelas program perbaikan infrastruktur fisik iki ora mung ing Jalan Rajawali utawa ing jalan-jalan protokol utama wae, nanging uga marang kabeh wilayah ing kutha Surabaya.

Mula ora nggumunake yen sajrone 3,5 taun wiwit taun 2021 nganti 2024, total dawa lan jembare dalan sing wis dibangun lan didandani Pemkot Surabaya terus mundhak. Ing taun 2021, dawane 1.906,97 meter kanthi jembar 19.538,64 meter pesagi. Ing taun 2022, mundhak dadi 4.643,42 meter kanthi jembar 29.817,50 meter pesagi. Sabanjure, taun 2023  mundhak maneh dadi total 28.150,50 meter kanthi jembar 345.295,59 meter pesagi. Lan ing taun 2024, dalan sing wis dibangun lan didandani dawane 64.972,54 meter lan ambane 753.406,71 meter pesagi.

Sing luwih mongkogake maneh, sawise luwih saka 20 taun nggunakake cara tambal sulam jroning ndandani dalan, Pemkot Surabaya saiki ngecakake dandan-dandan sing luwih warata lan terstruktur, yaiku lumantar teknik flexible pavement utawa rigid pavement. Walikota Eri Cahyadi njlentrehake, ngaspal cara ngene iki ditindakake kanthi warata ing sakabehing wilayah sing padha sadurunge pindhah menyang wilayah liyane. Bab iki sekaligus kanggo mesthekake kualitas dalan amrih rata lan nyuda anane aspal sing nggelombang.

“Dadi nggarap dalan iku kudu sak wilayah-sak wilayah. Yen wis rampung lagi pindhah wilayah, saengga dalan mau bisa nyuda macet amarga dalane rata” jelase Cak Eri, undang-undangan akrabe Walikota Surabaya ksb.

Owah-owahan gedhe jroning maneka infrastruktur pancen lagi ditindakake kutha Surabaya. Sawenehing pembangunan liyane kasil dirampungake ing taun 2024 iki. Iki sawise ‘ngempet’ ing taun 2021 fokus nangani Covid-19, banjur ing taun 2022-2023 Pemkot Surabaya fokus marang pemulihan ekonomi lan pemberdayaan Sumber Daya Manusia (SDM) liwat program Padat Karya, nganti kutha Surabaya bebas saka kemiskinan, pengangguran lan stunting. Lan pungkasane, ing taun 2024 iki, Walikota Surabaya Eri Cahyadi bali ‘nggeber’ marang pembangunan infrastruktur.

Salah sijine prioritas pembangunan infrastruktur sing ditargetake rampung ing taun 2024 iki yaiku Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Surabaya Timur. Rumah sakit tingkat 8 sing dibangun wiwit tanggal 5 Oktober 2023 iki dikebut mbangune jroning upaya nyepetake aweh layanan kesehatan sing warata tumrap warga Kutha Pahlawan.

RSUD Surabaya Timur utawa diarani uga RS Ekacandrarini

Jroning tetinjone, PJs Walikota Surabaya Restu Novi mratelakake yen pembangunan RSUD kang dumunung ing Jl. Medokan Asri, Rungkut iku, wis nggayuh 98 persen. Saengga diajab bisa wiwit operasional ing sasi Nopember 2024 iki kanthi bertahap.

Restu Novi ngajab, RSUD iki bisa dadi salah sijine pilihan warga Kutha Surabaya golek layanan kesehatan sing apik.

“Kabeh layanan kanggo ibu lan bocah pepak ing kene. Spesialis Kebidanan lan Ginekologi (Obgyn), vertilitas engga layanan kanggo ibu lan bocah. Mau aku uga weruh ana ruangan khusus KDRT sing kapisah saka kamar liyane, iki arang diduweni dening RS liya. Ana uga ruang gaduh gelisah, ruang terapi uga lengkap kanggo ibu lan anak” jlentrehe.

Kanthi madege RSUD iki, Pemkot Surabaya maneh-maneh nyediyakake lapangan kerja sing cukup akeh marang masyarakat. Ana wong 640 sing direkrut kanggo nyukupi SDM utawa tenaga kesehatan (nakes) ing RSUD Surabaya Timur iki, dumadi saka dokter spesialis, dokter umum lan perawat. Iki kabeh ditindakake liwat rekrutmen CPNS.

Pemkot Surabaya uga ngebut jroning pembangunan lan pemasangan Penerangan Jalan Umum (PJU) ing maneka wilayah kutha. PJU iki dipasang engga kampung-kampung. Pamasangan PJU iki ditindakke kanggo ningkatake kenyamanan lan keamanan warga.

Sasuwene 3,5 taun iki, jumlah PJU sing dipasang saya tambah akeh yakuwi nggayuh total 113.426 titik. Peprincene, 93.252 titik ing taun 2021, mundhak dadi 96.252 titik ing taun 2022. Banjur ing taun 2023, PJU ing kutha Surabaya ditambah maneh dadi total 105.846 titik. Dene ing taun 2024 nganti awal Maret ana tambahan 7.580 titik PJU anyar ing kutha Surabaya.

Pemkot Surabaya wis ngrancang masang 8.185 titik PJU anyar engga pungkasan taun 2024 iki. Tegese, saka 7.580 titik PJU sing wis dipasang, isih ana kira-kira 605 titik maneh sing bakal dipasang ing taun 2024 kanthi kemungkinan jumlahe isih bisa tambah terus.

Adrenge nambah PJU sing ditindakake ing jaman kepemimpinane Walikota Eri Cahyadi iki oleh maneka tanggapan positif saka warga Surabaya. Warga nganggep yen tambahan PJU saya nambahi rasa aman lan nyaman nalika nindakake kegiatan ing wayah wengi. Pemkot dhewe ngajab Surabaya bisa bebas saka pepeteng saengga dadi kutha sing luwih aman lan nyaman kanggo dipanggoni kabeh wargane.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *