Kiprah Surabaya Mawujudake Kutha Metropolitan

Bale RW Serbaguna

Tunnel Surabaya, nyambung saka Terminal Joyoboyo tekan Kebon Binatang Surabaya

Ing taun 2024 iki uga, Pemkot Surabaya bakal ngrampungake pembangunan Tunnel utawa trowongane wong mlaku sing nyambungake Terminal Intermoda Joyoboyo (TIJ) lan Kebun Binatang Surabaya (KBS).

“Alhamdulillah, pembangunan trowongan iki mung kari 30 meter, yen ditotal 80 persen fisike wis rampung. Kari finishing sing 30 meter wae” ujare PJs Restu Novi, nalika mertinjo lan mesthekake garapan proyek strategis sing digagas Walikota Surabaya Eri Cahyadi sadurunge cuti kepungkur.

Ditargetake 15 November 2024, pembangunan Tunnel TIJ-KBS iki wis rampung, ujare PJs Restu Novi.

Tunnel TIJ-KBS mujudake salah sijine upaya kanggo nggampangake pengunjung KBS sawise parkir kendaraane ing TIJ, sabanjure bisa nggunakake akses tunnel nuju regol kidul KBS.

Sauntara kuwi, jroning upaya ngrampungake masalah banjir ing Kutha Pahlawan, sajege kepemimpinane Eri Cahyadi-Armuji, Pemkot Surabaya wis mbangun ilen-ilen dawane 109.506.722 meter. Malah, Pemkot uga mbangun omah pompa anyar ccah 7, yaiku omah pompa Undaan, Gersikan, Merr, Bulak, Kebraon, Boezem Aquatic lan omah pompa Bukit Barisan saengga total omah pompa ksb nganti taun 2024 iki ana 76 lokasi.

Kanthi kapasitas 76 titik omah pompa kang nggayuh total 513 meter kubik per dhetik, diajab bisa ngatasi 250 lokasi banyu ngembeng ing kutha Surabaya kanthi efektif.

Apa maneh kanthi rampunge proyek ilen-ilen ing Jalan Mayjen Sungkono lan Ciliwung sing luwih siap nampung debit banyu akeh mula bakal ngluwari Surabaya saka banjir.

Sing ora kalah penting maneh yaiku anane gerakan sosial kang jenenge Surabaya Bergerak kang nduweni tujuan kanggo mbangun budaya gotong royong ing antarane warga sajrone njaga lingkungan. Klebu uga kanggo ngadhepi ancaman bencana hidrometeorologi lan mangsa rendheng.

Gerakan sosial Surabaya Bergerak Jilid II sing mentas diluncurake PJs Restu Novi iki mbacutake programe Walikota Surabaya Eri Cahyadi sing sadurunge sukses ing taun 2022. Ing program iki kabeh elemen padha gerak gotong royong, utamane RT – RW nindakake kerja bakti massal resik-resik saluran tersier ing lingkungane dhewe-dhewe. Kegiatane ing antarane yakuwi reresik sampah, suket, pang-pang wit, enceng gondhok, plastik, godhong garing lan sapanunggalane. 

Kanthi sregep resik-resik kampunge, mula diajab bebas uga saka anane banyu ngecembeng alias banjir.

Kajaba iku, nganti taun 2023, Pemkot uga wis mbangun lan ndandani 1.177 baleRW kang ana ing Surabaya. Saikine, Bale RW – Bale RW mau ora mung nduweni fungsi minangka gedhung pertemuan wae, nanging uga digunakake kanggo nambah akses layanan publik, apa kuwi kang asipat administrasi apadene non-administratif. Salah sijine yaiku arupa program ‘Sinau lan Ngaji Bareng ing Bale RW’. Program sing wis mlaku setaun luwih iki, nduweni tujuan kanggo ngasah lan ningkatake kabisan kreatif bocah-bocah ing kutha Surabaya.

Program Sinau lan Ngaji bareng ing Bale RW iki mujudake rangkaian saka anane program Sekolah Orang Tua Hebat (SOTH) ing Surabaya.

“Dadi wong tuwa hebate nyinaoni anak-anake, saliyane kuwi, dibacutake kanthi Sinau lan Ngaji Bareng,” ujare Walikota Eri Cahyadi, nalika kuwi.

Program iki wis mlaku ing 238 titik Bale RW sa-Surabaya. Gunggunge terus mundhak wiwit diresmekake Walikota Eri Cahyadi tanggal 2 September 2023, kang nalika iku mung ana ing 220 titik Bale RW. Kajaba iku, sumber daya manusia (SDM) tenaga pengajar minangka panyengkuyung program iki uga terus ditambah. Pemkot sedya nggandheng luwih akeh maneh Karang Taruna engga mahasiswa ing program kasebut.

Perlu dimangerteni, program iki uga mujudake upaya Pemkot jroning mawujudake Surabaya dadi Kota Layak Anak (KLA) Dunia, yaiku kanthi aweh papan sing aman kanggo bocah-bocah amrih luwih produktif lan kreatif. Ing program iki, pemkot ngajak ewon tenaga pengajar sing dumadi saka tokoh agama, mahasiswa engga guru.

Sing paling anyar, Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngluncurake program Integrasi Layanan Primer (ILP) kesehatan lumantar inovasi 1 RW 1 Tenaga Kesehatan (R1N1).

Program R1NI dirancang kanggo nyedhiyani layanan kesehatan ing 1.177 Bale RW kanthi mapanake saben petugas kesehatan (nakes) ing saben Bale RW. Layanan kesehatan R1N1 duwe tujuan nggampangake akses masyarakat tumrap layanan medis.

Walikota Eri ngandhakake, program iki diajab bisa ngurangi antrian ing Puskesmas kanthi aweh papriksan rutin ing Bale RW.

Jroning nyedhiyani layanan R1NI, Pemkot Surabaya ora nyambut gawe dhewe. Nanging nggandheng Ikatan Bidan Indonesia (IBI) Kota Surabaya lan Persatuan Perawat Nasional Indonesia (PPNI) Kota Surabaya.

Kajaba iku, layanan R1N1 uga dipepaki piranti medis sederhana kaya upamane alat priksa gula darah lan kolesterol. Dinas Kesehatan (Dinkes) Surabaya kepara arep nambah dokter penanggungjawab ing saben layanan primer ing taun 2025 mengko.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *