Pendidikan
Sabanjur ing babagan pendhidhikan, prestasi Harapan Lama Sekolah (HLS) ing Surabaya terus saya mundhak. Taun 2021 HLS ing Surabaya nggayuh 14,81 taun, taun 2022 HLS nggayuh 14,83 taun, lan taun 2023 HLS ing Surabaya nggayuh 14,85 taun.
HLS yaiku suwene sekolah sing diajab bakal dirasakake dening bocah-bocah umur tinamtu ing mangsa tembe. Angka iki bisa digunakake kanggo mangerteni kondisi pembangunan sistem pendidikan ing maneka tingkatan.
Maneka upaya uga terus ditindakake jroning upaya ningkatake akses pendidikaniki, apa kuwi liwat beasiswa utawa bantuan pendukung pendidikan. Kanggo sing beasiswa diwenehake marang kabeh siswa SD negeri lan 9 ewunan siswa SDswasta/MI, uga diwenahake marang kabeh siswa SMPN lan 9 ewunan siswa SMPSwasta/MTs, lan uga siswa SMA/SMK/MA kang gunggunge luwih saka 20 ewu siswa, sarta Perguruan Tinggi 3.196 mahasiswa kanthi peprincen 3.186 beasiswa PTN lan 10 beasiswa profesi.
Ana uga bantuan pendukung pendidikan sing diwenehake awujud seragam disalurake marang luwih saka 30 ewu luwih siswa SDN lan 7 ewu luwih siswa SD lan MI, diwenehake uga seragam marang 12 ewu luwih siswa SMPN lan 6 ewu luwih siswa SMP Swasta lan MTs. Kajaba iku, Pemkot uga mbantu nebus ijazah marang 487 siswa SMA lan tebus ijazah kanggo 1.243 siswa SMK/MA. Tebus ijazah iki nggandheng Badan Amil Zakat Nasional (BAZNAS) Kota Surabaya gunggunge 1.730 ijazah saka periode 2022-2023.
Saliyane infrastruktur lan pendhidhikan, Walikota Eri Cahyadi bebarengan jajaran Pemkot Surabaya uga fokus ing bidang sosial lan kesejahteraan rakyat. Mula ora nggumunake yen Indeks Pembangunan Manusia (IPM) Surabaya terus mundhak. Ing taun 2021 ana ing angka 82,94, banjur ing taun 2022 ing angka 83,32, lan ing taun 2023 ana ing angka 83,99.
Pemkot uga terus mawujudake Program Dandan Omah utawa Rutilahu (Rumah Tidak Layak Huni) sing tujuane aweh papan ngeyup sing pantes tumrap masyarakat ing Kutha Surabaya.
Ing taun 2023, luwih saka 3 ewu omah wis didandani ing program Rutilahu, kang ragade asale saka APBD 3.140 unit lan 769 unit saka non APBD utawa gotong royong. Lan ing taun 2024 iki, ndandani 1.804 unit Rutilahu, kanthi dana saka APBD cacahe 1.500 unit, Baznas 240 unit, Gereja Victory 4 unit, lan saka Bangga Surabaya Peduli 60 unit.
Sauntara kuwi, upaya Pemkot Surabaya kanggo ningkatake kesejahteraan wargane difokusake liwat program Padat Karya lan Penyaluran Bekerja. Lumantar program iki, Pemkot kasil nyediakake gaweyan marang 36.194 warga. Kanthi program iki uga, wusanane perekonomian Surabaya tuwuh. Ing taun 2020 utawa nalikanepandemi Covid-19, tingkat ekonomi Surabaya -4,85 persen, banjur ing taun 2021 mundhak dadi 4,29 persen lan ing taun 2022 dadi 6,51 persen, sabanjure ing taun 2023 dadi 5,70 persen.

Program padat karya, kasil nyuda tingkat kemiskinan ekstrem ing Surabaya
Amarga wis akeh wong sing nyambut gawe lan ekonomi tuwuh, wusanane Tingkat Pengangguran Terbuka (TPT) uga terus mudhun. Adhedhasar data saka Badan Pusat Statistik (BPS) Kota Surabaya, TPT Surabaya sajrone pandemi Covid-19 taun 2020 ana ing angka 9,79 persen. Banjur, ing taun 2021 angka TPT iku dadi 9,68 persen, lan ing taun 2022 mudhun maneh dadi 7,62 persen, nganti pungkasane ing taun 2023 mudhun dadi 6,76 persen.
Kasile program iki mesthi wae duwe pengaruh marang mudhune angka kemiskinan lan kemiskinan ekstrem ing kutha Surabaya. Adhedhasar data Badan Pusat Statistik (BPS), tingkat kemiskinan ing Surabaya taun 2021 ana ing angka 5,23 persen utawa udakara 152,49 ewu jiwa, banjur ing taun 2022 mudhun dadi 4,72 persen utawa udakara 138,21 ewu jiwa, lan ing taun 2023 mudhun maneh dadi 4,72 persen utawa watara 136,37 ewu jiwa.
Dene tingkat kemiskinan ekstrem Surabaya ing taun 2021 ana ing angka 1,2 persen utawa udakara 35 ewunan, banjur ing taun 2022 angka kasebut mudhun dadi 0,8 persen utawa udakara 23 ewunan.
Sing ora kalah penting maneh, salah sijine fokus utama Walikota Eri bebarengan karo jajaran Pemkot Surabaya yaiku nyuda angka stunting lan pungkasane angka stunting Surabaya mau sing paling endhek ing Indonesia. Tumekane awal Maret 2024, angka stunting ing Surabaya tetep kari 255 bocah lan 47 kecamatan ing Surabaya wis padha zero stunting aktif sarta 5 puskesmas uga wis zero stunting aktif. Sauntara kuwi, Angka Kematian Ibu (AKI) uga terus mudhun saka 57,27 saka saben 100.000 kelahiran urip ing taun 2021 dadi 32,59 ing taun 2023. Mudhune iki uga dieloni mudhune Angka Kematian Bayi (AKB) saben taune, saka 4,96 saben 1000 lair urip ing taun 2021, dadi 4.04 ing taun 2023.
Surabaya uga wis 100 persen UHC (Universal Health Coverage), tegese kabeh warga kutha Surabaya wis dicover BPJS Kesehatan, tandhese Cak Eri Cahyadi.
Maneka terobosan lan inovasi iki wusanane ngasilake woh sing manis. Sajege dilantik tanggal 26 Februari 2021nganti tengahe Maret 2024, Walikota Eri Cahyadi wis ngumpulake 111 penghargaan, sing dumadi saka 30 penghargaan personal, 78 penghargaan nasional, lan 3 penghargaan internasional. (don)
Tulisan ing ndhuwur mujudake Karya Jurnalisitik kang tau dielokake lomba jurnalistik kang dianakake dening Dinas Kominfo Kota Surabaya sasi Nopember kepungkur. Karya iki wis dimuat ing PS edisi 45 lan 46 tahun 2024 kepungkur. Senajan ora oleh nomer unggulan, nanging lumayan PS isih bisa oleh nomer kehormatan, jalaran bisa nyisihake 50 karya wartawan liyane kang biasa ngepos ing Pemkot Surabaya. (Red).







