Klompok Musik Street Punk Indonesia Saliyane Sukatani kang Cocog dadi Rerepenmu

KERI-keri iki, jagad mayane Indonesia digegerake dening pambredhele lagu “Bayar, Bayar, Bayar” karyane klompok musik aliran street punk saka Purbalingga, Jawa Tengah aran Sukatani. Peredharane lagu kuwi ditarik saka maneka warna platform musik krana dirasa “ngabangake kuping” tumrap sawijining pehak. Apamaneh ing cakepane lagune kuwi akeh sing nggepok perkara polisi.

Tujune pancen ndadekake lagu kasebut minangka sarane panyaruwe lan kritik kanggo aparat kang “mlakune ora manut sela-selaning garu”. Tumindake dianggep saanggere dhewe lan nrajang aturan. Slaras karo pangakune personile Sukatani, Syufa Al Lutfi lan Novi Citra Indayati, yen gagasane sajrone lagune kuwi tinuju marang oknum tartamtu wae.

Ewadene, jan-jane wis akeh klompok musik liyane, mligine kanthi aliran street punk kang karyane ora doh bedane karo lagune Sukatani. Klompok musik iki wis akeh ngasilake lagu kang wose nguntabake krenteg unege bab theg kliwere kahanan paprentahan ing Indonesia.

Nanging perlu kauninga, ora ana niyatan anane promosi apa dene nggiyarake klompok musik street punk kuwi sajrone tulisan iki. Tulisan iki mung kanggo sarana rekomendhasi lan wawasan satleraman wae tumrap kanca-kanca. Eh mbokmenawa ana sing kepengin weruh lan ngrungokake karya-karya lagu mligine saka klompok musik street punk saliyane Sukatani.

The Sabotage

Mbokmenawa kanca-kanca isih durung akrab karo klompok musik asal Jakarta iki. Ewasemono kumandhange lagu-lagune The Sabotage nyatane wis ngulandara njajahe donyaning musik, mligine musik bab kahanan sosial politik ing Indonesia wiwit 1996. Nganti seprene, The Sabotage isih cukup ibut nggarap lagu-lagune. 2024 wingi, The Sabotage ngrilis lagu anyare kang asesirah Secret Army. Nyuwarakake bab tatanan ing pamrentah kang kawengku dening pehak militer.

Crewsakan

Pindha The Sabotage, Crewsakan uga ibut nggarap lagu bab panyaruwe marang pamrentah wiwit taun 90-an. Malah, isu sing diangkat luwih njlimet lan princi maneh. Akeh-akehe ngenani kahanan sosial politik ing blusuke kutha nganti isu ngenani palagan Palestina. Karya-karyane minangka wujud panguntabe rasa-pangrasa kang umume dirasakake dening kaum siti.

DOM 65

Klompok musik aliran street punk sabanjure yaiku sing asale saka Yogyakarta, DOM 65. Sing dadi sumber inspirasi utamane yaiku isu sosial ing Yogyakarta. Salah siji lagune kang asesirah “Tiga Puluh Tahun Pengangguran” aweh kaca benggala tumrap masarakat ngenani jerowane panguripan ing Yogyakarta kang arang diweruhi.

Keotik

Yen sadurunge iki ngrembug bab klompok musik kanthi aliran street punk. Wondene saiki kita tumuju klompok musik kang karyane mawa aliran anthem. Aliran musik kang wujud sora-swara (umume kepenak yen dinyanyekake bebarengan) kang nggagas perkara pangabdian, patriotisme, lan gerakan buruh. Larase lagu-lagu karyane Keotik dibungkus kanthi cakepan kang kenthel ngenani perjuwangane kalangane pekerja. Kaya dene lagune kang asesirah “Kaum Pekerja”.

Panulis : ARW
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *