Kontradiksi Gelar Pahlawan Soeharto lan Marsinah

Presiden Prabowo maringake tandha gelar pahlawan kanggo mantan presiden Soeharto marang putri pambayune,
Siti Hardijanti Indra Rukmana (Mbak Tutut) minangka ahli warise, diampingi ingkang rayi, Bambang Trihatmodjo,
Senen (10/11/2025). (Foto: Antara/Hafidz Mubarak)
Anugrah gelar pahlawan marang Pak Harto lan Marsinah mbingungake sacara logika awam, awit sikepe lelawanan. Yen samengko Marsinah diakoni minangka pahlawan, kudune wong-wong sing kembet karo tiwase digoleki lan dijaluki tanggung jawab.

MBOKMENAWA lagi taun iki panetepan sapa-sapa sing antuk anugrah gelar pahlawan nasional njalari rame. Kabeh mau kasebab dening keputusane pamarentah ‘ngotot’ paring pangaji-aji paling dhuwur iku marang mantan presiden Soeharto. Diarani ‘ngotot’ jalaran satemene Pak Harto wis rambah kaping pindho diajokake dening Propinsi Jawa Tengah duk jaman pamarentahane Presiden SBY taun 2010 lan Presiden Jokowi taun 2015, nanging tansah kontal.

Samengko, sawise sing madeg presiden ganti Prabowo Subianto sing ora liya putra mantune Soeharto dhewe, kalodhangan kuwi bali tinarbuka. Lan tanpa lika-liku njlimet, Prabowo terus wae oke. Ana sing alok, panetepan pahlawan sejatine luwih asipat politis. Buktine, nadyan wis ditulak kaping pindho, nanging bareng diajokake maneh isih bisa ditampa.

Ramene polemik anugrah gelar pahlawan nasional marang Pak Harto keconggah nyilep kondhange tokoh-tokoh liyane, utamane mantan presiden Abdurrahman Wahid (Gus Dur). Sapa ora ngakoni kawentare Gus Dur. Nanging dhestun pocapan lan pemberitaan media massa didhominasi dening pro lan kontra ngenani gelar pahlawan marang Pak Harto.

Semono uga anugrah pahlawan marang mantan komandhan RPKAD Jendral Sarwo Edhie Wibowo, pemberitaane mung nyamut-nyamut. Mangka bapak marasepuhe mantan presiden SBY kuwi uga kawentar ing taun 1965 jalaran pinitaya dening Soeharto numpes anggota lan simpatisane PKI.

Kejaba marang Soeharto, Gus Dur, lan Sarwo Edhie, gelar pahlawan nasional 2025 uga ditampakake marang Marsinah, Mochtar Kusumaatmadja, Rahmah El Yunusiyyah, Sultan Muhammad Salahuddin, Syaikhona Muhammad Kholil, Tuan Rodahaim Saragih, sarta Zainal Abidin Syah. Anugrah gelar mau diparingake dening Presiden Prabowo marang ahli warise para pahlawan ing Istana Negara, Jakarta, Senen, 10 Nopember 2025.

Pamarentah kabare wis ngantisipasi ramene panulakan marang Soeharto dening klompok aktivis hak asasi manungsa (HAM) kanthi gawe penyeimbang ‘masang’ Gus Dur lan Marsinah, buruh ing Sidoarjo kang tiwas taun 1993. Satemah lesane kritik marang Prabowo bisa dibendung dening paraga loro kasebut. Para pejabat pamarentahan uga kompak nyuwara yen anugrah gelar pahlawan marang Pak Harto ora ana masalah jalaran swargi ora tau dinyatakake luput dening pengadilan.

Adhine almarhumah Marsinah, Wijayati, nyawang potrete mbakyune kanthi trenyuh nalika nampa gelar pahlawan ing Istana Negara Jakarta, Senen (10/11/2025). (Foto: : Antara/Aditya Pradana Putra)
Kaco Logika

Wiwit isih mudha tumaruna mlebu dadi tentara, lan 32 taun lawase mimpin Indonesia, nglengkara yen Pak Harto ora duwe labuh-labet gedhe marang negara. Nanging ora sethithik pengamat politik sing ngarani Pak Harto ngatonake ‘pasuryan loro’ sasuwene ngasta presiden: semanak ing babagan sosial lan kejem ing bidhang politik.

Ing babagan sosial, mligine pangan, pendidikan lan kesehatan, Pak Harto ngatonake sikepe sing humanis. Grapyak kebak guyu keklek-keklek nalika tetinjo sawah lan sapejagong karo masyarakat desa. Pak Harto uga ngratakake pendidikan dhasar lumantar pambangunan SD Inpres sa-Indonesia.

Kosok baline, ing bidhang politik Soeharto ngetokake pasuryane sing otoriter. Dhemokrasi dipateni. Informasi ‘resmi’ dikontrol pamarentah liwat TVRI lan RRI. Radhio-radhio swasta wajib nggiyarake warta berita saka RRI sak jam sepisan. Sapa sing kumawani ndaga prentah, penjara pitukone.

Partai politik diringkes dadi telu, PPP, Golkar lan PDI. Nanging kabeh pana menawa PPP lan PDI mung bebasan timun wungkuk jaga imbuh. Sebab Golkar sing dikuwati militer sarta birokrasi, mujudake mesin politike orde baru sing bakal nggiles sapa wae sing wani-wani mancahi. Agegaman stabilitas nasional mau, Soeharto mithes kamardikan ngetokake panemu sing diekpresekake lumantar dhemonstrasi.

Soeharto ora kepengin dhemonstrasi buruh apadene mahasiswa njalari investor ing babagan industrialisasi keganggu. Akeh tokoh buruh sing diukum merga nggerakake unjuk rasa nuntut hakhake. Cekake, dhemostrasi dianggep pakarti kang nerak ukum sasuwene Pak Harto kuwasa. Ora arang aparat tumindak represif nalika mbubarake. Ya ing kene logikane pamarentah aweh gelar pahlawan marang Soeharto lan Marsinah krasa kontradiktif. Yen Prabowo nyengkuyung lekase Soeharto kang nggithes dhemonstrasi, yagene dheweke uga menehi gelar pahlawan marang Marsinah, buruh wanita sing nggerakake unjuk rasa ing Porong, Sidoarjo?

“Logikane Prabowo aweh gelar pahlawan marang Soeharto lan Marsinah kaco. Endi sing dienggo paugeran? Marsinah biyen dianggep musuhe pamarentah, saiki oleh gelar pahlawan bebarengan karo Pak Harto. Apa merga kedah-kedahe amrih Soeharto antuk anugrah njur logika mau ditabraktabrak,” ujare sutresna politik sejarah komunitas Begandring, Kuncarsono Prasetyo, marang Panjebar Semangat, Selasa, 11 Nopember.

Marsinah asal Nganjuk, klebu salah sijine buruh pabrik jam tangan PT Catur Putra Surya (CPS) sing melu dhemonstrasi lan mogok kerja nuntut undhake gaji tanggal 3-4 Mei 1993. Pentholan buruh PT CPS cacah 13 (ora klebu Marsinah) sing dianggep ngujuk-ujuki kanca-kancane amrih mogok kerja, wusana diceluk menyang markas Kodim 0816/ Sidoarjo tanggal 5 Mei 1993 wanci esuk. Ing tangsi militer mau buruh 13 iku diintimidhasi lan dipeksa nandhatangani surat pengunduran diri.

Awane, Marsinah dikancani rowange siji, kober teka menyang pabrik saperlu protes marang manajemen PT CPS, nanging ora digubris. Marsinah lan sawatara buruh CPS banjur ikrar arep madulake aparat Kodim sing ngintimidhasi kanca-kancane mau menyang pengadilan. Bengine, Marsinah isih diweruhi mulih menyang kos-kosane. Dheweke uga kober mampir menyang kose kanca-kancane, banjur pamitan lunga. Ora ngertiya kuwi wengi pungkasan tumrap Marsinah sadurunge jisime ditemokake kebak tatu pasiksan ing alas jati Wilangan, Nganjuk, 9 Mei 1993.

Engga seprene ora cetha sapa sing nyiksa lan mrejaya Marsinah. Nanging dinuga tanggal 5 bengi kuwi Marsinah banjur mara menyang markas Kodim Sidoarjo nuntut kancane 13 diluwari. Wusana dheweke katut dirangket lan dipilara ing markas tentara mau. Advokat senior Trimoelja D Soerjadi (swargi) sing dadi kuasa hukume 13 buruh, darbe pangira pasiksan tumrap Marsinah kebablasen engga dheweke tinggal donya. Bab kuwi dikuwati dening bukti asile otopsi.

Miturut Trimoelja, teror panangkepan, intimidhasi lan pasiksan marang aktivis buruh lan mahasiswa lumrah ditindakake dening tentara nalika kuwi. Tentara pancen diwenehi purba wasesa dening Soeharto kanggo ngreksa stabilitas keamanan mau ora preduli cara-carane nerak HAM. “Lan upama ana sing nganti kebacut tiwas, sapa sing mrajaya mesthi didhelikake, saengga angel dipatrapi pidana,” tuture Trimoelja marang Panjebar Semangat ing awal 2000’an.

Kuncarsono Prasetyo kandha, yen saiki Marsinah diakoni minangka pahlawan, kudune wongwong sing kembet karo tiwase nalika semana digoleki lan dijaluki tanggung jawabe sacara ukum, ora perduli pelakune mau klompok sipil utawa militer. Nanging yen pelakune ditogake wae, Kuncarsono saya kandel kapiyatane menawa gelar pahlawan iku sipate mung politis.

Menteri Sekretaris Negara Prasetyo Hadi mratelakake, gelar pahlawan tumrap Marsinah ora ana sambung rapete karo kasus rajapati sing dialami. Sebab Marsinah diakoni pahlawan jalaran mujudake simbul kuwanene buruh jroning merjuwangake keadilan.

“Luwih becik ayo saiki padha-padha nyawang mengarep wae, ora perlu mengo memburi. Merga saben mangsa kuwi mesthi ana paragane,” ujare Presetyo marang wartawan sawise Presiden Prabowo paring anugrah marang 10 tokoh.

Putri pambayune swargi Pak Harto, Siti Hardijanti Indra Rukmana (Mbak Tutut) nyumanggakake pihak-pihak sing ora setuju ngritik gelar pahlawan marang ingkang rama. Mbak Tutut ora arep nanggapi lan mbela dhiri. “Mangga wae,” tuture alus.

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *