Kuwe Leker Cak Maskan, Creppes ‘Jadul’ kang Legendaris

Kuwe leker bisa diarani jajanan kuna (jadul) sing isih ora kalindhes serbuane maneka jajanan modern utawa weton pabrik. Sanajan wis arang tinemu,  jajanan iki isih bisa diprangguli ing sadhengan papan, ing desa engga kutha gedhe kanthi cara didol mider utawa manggrok ing papan panggonan rame. 

Sawijining bakul kuwe leker sing banget legendaries ing Lamongan yakuwi Cak Maskan.  Puluhan taun anggone dodolan ing punjere kutha Lamongan ora nate sepi saka pelanggan. Saking larise  wong sing padha tuku rila padha antri. Nyatane kuwe leker cak Maskan ora mung disenengi generasi jadul nanging  bocah-bocah uga akeh sing padha seneng. 

Cak Maskan dodolan kue leker nganggo gerobak (Foto istimewa)

“Wis kawit taun 2001 anggonku dodolan kuwe leker. Alhamdulillah, nganti saprene isih tansah laris, sanajan akeh bakul-bakul jajan liyane,” ujare Cak Maskan. Mung nggunakke gerobak sing wis katon amoh, olehe dodolan Cak Maskan ing jalan Lamongrejo,Lamongan  kaya-kaya kasilep megahe gedhung-gedhung sing ngrenggani papan kono. Ing antarane yakuwi gedung RS Citra Medika lan MUI Lamongan. Sanajan papan dodolane prasaja nyatane saben bukak dhasaran, kuwe leker Cak Maskan sing tuku ajeg rame.  Malahan sok-sok nalika lagi miwiti dhasaran para pelanggane wis padha nunggu. Olehe dodolan dhewe kawit jam 08.00 egga jam 15.00. Pelanggane Cak Maskan maneka kalangan. Ana pegawai kantoran, pelajar engga mahasiswa, buruh, tukang becak lan sapanunggalane.

Nganggo Areng

Yen dibandhingake karo  bakul kuwe leker liyane, priya kanthi pawakan lemu iki olehe masak kuwe leker isih tradisional. Sing mbedakake yakuwi anggone mangsak isih nggunakake areng. Beda karo bakul leker liyane sing padha nganggo kompor gas amrih luwih praktis.  “Nggunakake areng karana rasane luwih sedhep lan khas. Yen nganggo kompor gas, bener luwih cepet nanging cita rasane wis beda,” ujare pria asal Desa Moropelang, Kec.Babat iki. Anggone masak kuwe leker mau Cak Maskan nggunakake wajan mini cacah telu 

Kue leker Cak Maskan mangsake nganggo areng (Foto Istimewa)

Nalikane ngladeni wong sing tuku, pria sing tansah sumeh iki katon rikat lan prigel. Jladen  glepung disok  ing wajan tipis-tipis dibentuk bunderan. Nalika setengah mateng ing tengahe adonan mau diwenehi irisan gedhang lan  disawuri  gula uga meses soklat. Sawise kuwi adonan mau banjur ditekuk nganggo suthil cilik  lan diseleh nang wadah pesagi saka kaca. Sing  uga dadi nilai plus kuwe leker Cak Maskan yakuwi  dheweke nambahi kuwe lekere nganggo cengkeh. Saka cengkeh iki nuwuhake rasa luwih gurih lan arum. Rasa kuwe leker gaweane Cak Maskan pancen gurih lan mirasa. Kuwi sing ndadekake para pelanggane padha nagihi. Sisih pinggiran garing kemrenyes, nalika di cokot krasa kress. Wondene tengahe sing diiseni  gedhang krasa empuk manis, ndadekake tansaya mirasane jajanan jaman lawas kuwi. 

Eloke, nalika pelanggan wis padha kemruwel antri, Cak Maskan ngentuki wong sing tuku njupuk dhewe kuwe leker nganggo wadhah plastik sing wis  cumawis. Dheweke ora nate ngetung pirang iji sing diwadhahi wong sing tuku mau. Angger wis dibayar wis cukup. “Percaya wae. Mosok kok tega ngapusi aku” kandhane karo ngguyu ngeklek. Saben kuwe leker regane mung sewu rupiah. 

Puluhan taun anggone dodolan kuwe leker, pria 47 taun iki  ngakoni  ora nate ngowahi resep utawa piranthi mangsak sing digunakake. Sanajan akeh maneka jinis kuwe leker nganggo maneka jinis isian utawa toping kanggo luwih narik pelanggan, Cak Maskan tetep nganggo isi  gedhang. 

Cak Maskan bakul legendaris kue leker (Foto Istimewa)

”Kawit bukak kawitan mung nggunakake campuran isi  gedhang, ora tau neka-neka” ujare. 

Nyatane rasa original mau sing isih tetep disenengi para pelanggane. Rata-rata saben dinane Cak Maskan bisa ngentekake 6-8  kilogram glepung lan 17 lirang gedhang. Yen ngepasi dina sabtu minggu utawa pas ana tontonan ing alun-alun Lamongan, bisa tikel kaping pindhone. 

Senajan wis prigel anggone nggawe leker, sok-sok ya ana  wae kuwe leker sing gosong. Yen wis nggono, Cak Maskan ora meksa ngedol nanging ditawakake marang sing tuku, gelem apa ora diwimbuhi kuwe leker rada gosong mau. Mesthi bae sing ditawani ora nampik lan kanthi seneng nampa ‘bonus’ ksb.

Resep Turunan

Kue leker cak Maskan regane mung sewu rupiah (Foto Istimewa)

Resep nggawe kuwe leker diandharake cak Maskan minangka turunan saka paklike. Diandharake Cak Maskan, ing tahun 1997 dheweke melu dodolan kuwe leker paklike kanthi cara mider ing kutha Surabaya. Mataun-taun ngawula lan rumangsa wis nguwasani  resep  lan prigel anggone  nggawe kuwe leker, wusanana ing tahun 2001 Cak Maskan mbukak usaha dewe. 

“Wis dadi dalan rejeki dodolan kuwe leker. Disyukuri bae,” ucape Cak Maskan sing wis kasil mbangun omah magrong-magrong ing desane saka dodolan kuwe leker mau. 

Mutiara, pelanggan sing antri tuku, ngaku wis suwe dadi pelanggan kuwe lekere Cak Maskan. Rasane sing legit lan regane sing murah ndadekake dheweke ora kepincut golek jajane liya. 

“Kanggo cemilan nalika ing kantor,”ujare pegawai Pemkab Lamongan iki. Kuwe leker dhewe manut gethok tular wis ana kawit jaman penjajahan Walanda. Akeh bangsa Walanda sing dhemen karo jajajan kuwi. Karo mangan jajanan kuwi  wong Landa mau tansah ngelem rasane sing mirasa kanthi pocapan “lekker!” sing tegese “enak!” saka kono jajanan kuwi banjur diarani leker, nganti saprene.

Panulis : Supiyati
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

2 Comments

  1. Thank you a bunch for sharing this with all
    folks you actually understand what you are speaking approximately!
    Bookmarked. Please also visit my web site =). We may have a hyperlink exchange contract between us

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *