Kyrgyzstan ngripta Lagu Kebangsaan

Kyrgyzstan, kang ndhisike pecahane Uni Soviet, nganakake sayembara ngripta lagu kabangsan anyar. Pamarentah Kyrgyzstan rancangane bakal ngganti lagu kabangsan kang sasuwene iki dikumandhangake. Angkahe minangka srana nyirnakake wewayangane Uni Soviet.

Lagu kebangsaan Kyrgyztan sing bakale diganti.

Negara ing Asia Tengah kasebut wis nduwe lagu kebangsaan dhek 1992, sawisé ucul saka Uni Soviet. Ananging surasane tembang umume adhedhasar lagu jaman Soviet. Lagu kasebut karipta dening Vladimir VlasovAbdylas Maldybaev, lan Vladimir Fere. Dene lirik utawa ukarane karyane Kubanychbek Malikov, Tulgebai Sydykbekov, Mukanbet Toktobaev, lan Aaly Tokombaev.

Saiki, pamarentah negara kasebut kandha manawa lagu kebangsaan kasebut ora jumbuh maneh. Jalaran ora nggambarake negara anyar sing asale saka sejarah kuno uwong-uwong Kyrgyz sing ngolah-ngalih uripe.

Kyrgyztan tansaya ngadoh saka wewayangane Soviet. Foto saka monitorday

Bangsa Kyrgyztan sepisanan nggamblok marang kekaisaran Tsar lan sabanjure Soviet. Negara kasebut isih ngugemi pengaruh kenceng saka Rusia. 

Tekan dina iki, wis ana atusan lagu kang ditampa dening panitiya sayembara. Salah sijine komposer sing melu ngirim lagu yaiku Balasaguyn Musayev. Priya 36 taun kasebut kandha, nduweni pangajap bisa menang. “Menang sayembara iki padha karo sukses gedhen,” ujare marang AFP.  

Mapan ing konservatori musik ing ibu kota Bishkek, Musayev kandha yen dheweke butuh wektu sesasi kanggo nemokake gagasan. “Lan banjur olehku nulis musike rong dina,” ujare nalika ditemoni juru warta ing satengahe gladhen.

Musayev kandha, gubahane musik digathukake karo lirik anggitane kancane, penyair. “Lagu kebangsaan anyar kudu luwih apik saka sisih ngendi wae. Yen ora, bakale dadi rerasanan ngakeh, geneya kok digawe,” jlentrehe.

Manut rancangane wiwitan, pamenang sayembara bakal dibiwarakake April. Ananging satengahe laku, aturan-aturane kontes ana kang diowahi. Lan tekan saiki durung ana pepesthen kapan bakale ana wara-wara pamenang.

Sasuwene iki, ing Asia Tengah, isih arang pamarentahan negara njaluk panemu lan nampung gagasan saka warga negarane. Ananging iki uga mbuktekake yen sistem pulitik ing Kyrgyztan luwih tinarbuka, beda karo negara-negara tangga teparone.

Putusane Kyrgyztan iki pancen perangane program ngrombak lambang-lambang negara, kang dikepyakake Presiden Sadyr Japarov. Owah-owahan total lagu kebangsaan alias diganti anyar, tanpa ana ontran-ontran pulitik bakale dadi bab kang ngungunake.

Keri-keri iki ana negara-negara sing uga ngowahi lagu kebangsaane. Kaya ta Australia, Austria, lan Kanada. Ananging ora dirombak sawutuhe. Amung saperangan tembung wae, minangka srana nengenake panyengkuyung marang isu gender lan etnis.

Dene Kyrgyztan, dhek 2021 Japarov nggawe reformasi konstitusional lan dibacutake ngowahi gendera rong taun candhake. Gambar srengenge ing tengahe gendera diowahi dadi wis ora memper kembang. Pamrihe kanggo ngundhakake kawibawane negara.

Japarov sing uga kasil ngundhakake ekonomi lan mbrastha korupsi, nyipati isih akeh bebadan hak asasi nyuwarakake pandheseg marang warga sipil. Mula dheweke ngritik ukara ing lagu kebangsaan kang surasane ngandhakake Kyrgyztan isih jumangkah nuju kamardikan. Bab iku, kandhane, ora aweh rasa minangka warga negara sing wis mardika puluhan taun. “Apa kita bakale nyanyi satus taun maneh yen kita iki lagi wae mardika? Kita saiki nduwe negara dhewe, mula perlu nulis lagu kebangsaan sing bisa aweh greget marang nom-noman lan anak turun mbesuke,” ujare. (lie)

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *