Presiden Prabowo Subianto paring dhawuh marang pejabat kawogan amrih maedahake lahan tanpa idin digarap negara dadi lahan pertanian lan perkebunan. Instruksine Presiden mau diandharake jrone rapat winates ing dalem pribadine, Bukit Hambalang, Kabupaten Bogor, Jawa Barat, Rebo bengi, 20 Agustus 2025. Rapat diestreni dening Menko Bidang Pangan Zulkifli Hasan, Menteri Investasi dan Hilirisasi sing uga CEO Danantara Rosan Perkasa Roeslani, Menteri ESDM Bahlil Lahadalia, Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman, lan Menteri Kelautan dan Perikanan Sakti Wahyu Tranggono.
Sekretaris Kabinet Teddy Indra Wijaya ngandharake, rapat Rebo bengi kuwi satemene sing kaping telu saka rerangkening sapatemon. Awane, Prabowo uga mimpin rapat karo para direktur utama BUMN ing babagan pertanian lan perkebunan ngrembug prekara nggenjot prodhuksi pangan kanggo nggayuh swasembada. Nanging Teddy ora mrinci keterangane jalaran rapat kasebut sipate tinutup.
Nalika Pidato Kenegaraan ing DPR tanggal 15 Agustus 2025, Presiden Prabowo nemenake yen jroning wektu 10 sasi iki wis ngleksanani program intensifikasi lan ekstensifikasi lahan kanggo nggenjot prodhuksi pangan nasional. Saengga kanggo sing sepisanan sawise puluhan taun Indonesia bisa ekspor beras lan jagung. Miturut Prabowo samengko Indonesia surplus prodhuksi beras. Lan stok cadhangan beras luwih saka 4 juta ton, kang paling dhuwur jroning sejarah Republik Indonesia.Prabowo nandhesake, ora ana negara kuwat sing ora bisa nyukupi pangane dhewe. “Pamarentahan sing dakpimpin bakal srempeng mbudidaya supaya ora gumantung maneh karo impor, carane kanthi mbukak jutaan hektar lahan anyar ing Kalimantan Tengah, Kalimantan Barat, Sumatera, Papua, lan dhaerah-dhaerah liyane,” ngendikane Prabowo. (Antara)








Apa strategi utama Prabowo supaya Indonesia ora gumantung karo impor pangan?