Diakoni apa ora, lakune sejarah Indonesia wiwit 1965 dadi menggok merga akeh sing dipotong mrana-mrene dhek jaman Orde Baru. Trajange Bung Karno kesilep dening Pak Harto. Paling ngglethek wae, dhokumen Supersemar sing asli nganti seprene tetep misteri. Megawati putrine sang proklamator, ora maido yen melu njontong, saengga ndhawuhake Mendikbud Nadiem Makarim bisa nglempengake sejarah mau.
Fotoe Gedhong Arsip Nasional, akeh film ngenani Bung Karno sing dirusak.
Awal Nopember 2008 penulis nate wawancara karo Kolonel (purn) Ali Ebram (81 taun), Asisten I/Intelejen Cakrabirawa, anak buwahe Brigjen Sabur, Komandan Cakrabirawa. Ala-ala dheweke kuwi pengetik naskah Supersemar, sing asline nganti seprene isih misteri, ilang apa disingidake ana ngendi. Ngendikane marang penulis kala semana, “Nggonku ngetik nganggo driji siji kaya Petruk, dadi asline ora temata ngono kuwi tulisane.”
Sing genah dayane layang Supersemar mau klakon ngrombak sejarah Indonesia sakayange. Presidhen Sukarno lengser taun 1967, lan Pak Harto dadi Presiden RI 32 taun lawase merga tafsir nalisir UUD 1945. Wong-wong sing pendhukung setia Bung Karno disapu bersih. Yen ta ana sing kliwatan mung kari siji loro, merga saking bisane mancala putra mancala putri, ibarate penari sing bisa ngenut wiramane kendhang.
Kanggo mikuwati kuku-kuku panguwasane, Pak Harto sing “adhem tangane” iku nyoba mbusak pengaruh-pengaruh Sukarno saka rakyat Indonesia. Carane, antara liya kanthi ngenggokake sejarah. Jroning film asesirah Janur Kuning utawa Pembrontakan G 3 .S/ PKI upamane, trajange Pak Harto digawe luwih menjila. Nganti nate ana wong sing nyaruwe film Janur Kuning marang Sul- tan Hamengku Buwana IX, geneya inisiator Serangan Umum 1 Maret 1949 kok dadi Pak Harto dudu Ngersa Dalem? Ning wangsulane Sri Sultan, “Wis ben wae, karang kaya ngono kersane.”
Desukarnoisasi Orde Baru
Jroning webinar Pembukaan Pameran Daring & Dialog Sejarah, Selasa (24/ 11) kepungkur, Megawati Sukarnoputri nguwuh marang Mendikbud Nadiem Makarim. Isine, supaya sejarah Indonesia sing dipotong Orde Baru dhek taun 1965-1967 bisa dilempengake maneh. Ora dupeh panjenengane putri Bung Karno, nanging kabeh mau wewaton panaliten kang obyektif ngenani tokoh Sukarno. Ngendikane, “Pemikiran-pemikiran Sukarno kuwi pantes disinaoni dening para generasi mudha saiki.”
Akeh kedadeyan sejarah sing gawe njontong merga dipotong lan disambungsaksire dhewe. Eloke para elit kekuwasaan padha blangkemen yen kudu nyebut Bung Karno minangka proklamator. Mula diajab para ahli sejarah enggal bisa nglempengake. Megawati paring conto, Konprensi Asia Afrika 1955 ing Bandung kuwi gagasane Bung Karno. Nyatane, berkahe KAA mau akeh negara-negara sing padha merdika.
Geneya Mendikbud Nadiem sing dadi lesan? Jalaran kementrian mau sing kajibah ndhidhik lan mbangun karaktere generasi mudha. Utawa mbok menawa panjenengane rumangsa ketatalan, awit jaman Orde Baru ndhisik ana Mendikbud sing mentala ngowahi sejarah utawa dienggokake merga pesenane Pak Harto.
Jaman bakda sedane Mendikbud Nugroho Notosusanto Juni 1985, dumadi polemik ngenani buku Sejarah Nasional Indonesia sing dadi buku cekelan jroning mapel PSPB (Pendidikan Sejarah Perjuangan Bangsa). Jroning buku sejarah kanggo SMP jilid III mau ing alinea kapindho kaca 154 unine: “Dalam pada itu Presiden Soekarno sendiri menerima komisi dari perusahaan asing yang melakukan impor ke Indonesia. Pada pelbagai bank di luar negeri tersimpan uang jutaan dollar atas nama Presiden.”
Ora ngemungake kulawarga agung Sukarno wae sing murina marang isine buku kasebut, bebrayan umum utamane para sejarawan lan para akademisi uga ora narimakake. Lembaga Penelitian Sejarah Nasional (LPSN) Untag (Universitas Tujuhbelas Agustus) protes pandakwa negatip marang Presiden Sukarno jroning buku mau. Malah koran Sinar Harapan edisi tgl. 10 September 1985 nulis gedhen: “PSPB Produk Nugroho Almarhum Jatuhkan Nama Soekarno-Hatta”.
Minangka jalan tengah antarane sejarawan sing kritis karo pemerintah, Prof. Dr. Fuad Hasan minangka Mendikbud penggantine, enggal ndhapuk tim anyar kanggo ngrevisi buku-buku sejarah kanggo kalangan sekolahan. Asile buku PSPB edisi 1985 wis ngilangi alinea sing ngasorake Presiden Sukarno.
Ewasemono meksa dikritik sejarawan Abdurrachman Suryomiharjo, materi PSPB kurang murni amarga kebak dening “titipan” penguasa. Sing jeneng sejarah, apa maneh kanggo generasi mudha, kudune ora dimomoti wawasan-wawasan slenca kang mikolehake penguasa. Yen sejarah nganti kaworan niyat kanggo nyeblokake satru politik utawa mojokake golongan tinamtu, iku wis dudu sejarah maneh.

Soeharto ing antarane AH Nasution lan Bung Karno, Supersemar ngowahi sakabehe.
Mula bener panemune sejarawan kondhang dinane iki, Dr. Asvi Warman Adam, penulisan buku sejarah jaman Orde Baru kebak dening rekayasa, utamane dening sejarawan militer Brigjen Nugroho Notosusanto kang wekasane diangkat dadi Mendikbud (1983-1985). Kanggo tujuwan desukarnoisasi liwat rekayasa sejarah Pak Harto nyoba mbleretake popularitas Bung Karno saka rakyat.
Jroning bukune asesirah Bung Karno dibunuh 3 Kali? Asvi Warman Adam darbe alasan geneya judul utawa irah-irahane buku kaya mengko. Sepisan, rikala Bung Karno seda 21 Juni 1970, sasuwene gerah ora diupakara samesthine dening pamarentah. Ingatase mantan Presiden RI, obat-obat saka apotek ora ditebus, malah mung disimpen ana laci. Kapindho, 1 Juni dina klairan Pancasila, ora entuk dipengeti dening Kopkamtib, mangka Pancasila kuwi asil karyane Bung Karno. Katelu, buku Sukarno File, Berkas-berkas Sukarno 1965-1967, Kronologi Suatu Keruntuhan kang ditulis Antonie CA Dake nyebutake yen Bung Karno kudu tanggung jawab marang dumadine pembrontakan G 30 S/PKI, klebu rajapati Pahlawan Revolusi pitu.
Kaya sing dipratelakake Megawati, jaman Orde Baru pemikiran-pemikirane Bung Karno dadi larangan kanggo dhiskusi lan disebarake. Buku-buku karyane Bung Karno kaya dene Dibawah Bendera Revolusi ora entuk diwaca. Foto-fotone Bung Karno ora entuk dipasang ing saben omah. Dalasan film-film ngenani Bung Karno ing Arsip Nasional akeh sing dirusak.
Megawati Kepancal Sepur
Kanggo nglempengake sejarah Indonesia, satemene Megawati kepengin wawan rembug langsung karo Mendikbud Nadiem Makarim sing pantese dadi wayahe kuwi. Emane jaman PSBB Corona iki panjenengane “dilockdown” putrane, Puan Maharani. Lagi kena lelungan mung yen ditimbali Presiden. Elok tenan pancene, ingatase Ketum PDIP kok “dicekal” Ketua DPR. Nanging iki urusan kulawarga, ora perlu dipolitisir!
Senajan nggarahi njontong, yen digagas kersane Megawati mau wis “kepancal sepur”. Geneya lagi saiki elik-elik marang Mendikbud, sing panguwasane sangisore presidhen? Dheweke dhewe wis nate dadi Presiden RI sing ka-5. Iku harak kalodhangan gedhe kanggo nglempengake crita sejarah sing menggok lan mung disambung-sambung kuwi. Kenang apa ngasta presiden RI 3 taun lawase kok ora nguthik-uthik bak iku?
Ana uga PR sing jan-jane Megawati kuwasa, nanging rikala jumeneng Presiden ora kersa nggarap. Yaiku bab Tap MPRS No XXXIII/1967 kang nyebutake yen Bung Karno kembet karo pembrontakan PKI 1965. Paling ora ngundha isyu mau, kareben dadi bahan dhiskusi pihak-pihak kang kawogan klebu MPR. Awit iki kang mujudake stigma negatip Bung Karno, kang bakal diwaris dening generasi penerus bangsa, klebu trah Sukarno pribadi.
Dhek pertengahan Juni 2016 Ketum PKB Muhaimin Iskandar nate ngucik bab Tap MPRS No XXXIII/1967 mau, supaya dijabel MPR kareben asmane Bung Karno resik minangka Bapak Proklamasi. Pengamat hukum tata negara Universitas Andalas Padang, Feri Amsari, uga nyengkuyung banget. Jer isine Tap mau sawijining pandakwa kang tanpa bisa dibuktekake liwat sidhang pengadilan.
Nanging dening Wakil Ketua MPR Hidayat Nurwahid, panemune Muhaimin Iskandar mau dianggep ora perlu. Pawadane, Tap mau wis rampung, ora perlu diuthik-uthik maneh. Samubarang apa wae yen wis rampung ora perlu dijabut. Wooo…, senajan priyayi Prambanan, sajake Hidayat Nurwahid ora nate nonton wayang. Apa yen wis tancep kayon (bubar) lan dhalange mulih, wayang-wayange ora dibedholi saka bonggol?
Panulis: Gunarso TS
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







