Layang Tresna Katur Bapak Ibu

Wetuning luh ora bisa diampet nalika bocah-bocah remaja kuwi nulis layang tresna marang bapak lan ibune. Swasana trenyuh nglimputi ruwang kelas SMAN 2 Bondowoso, Jawa Timur, Senen, 1 September 2025. Diiringi lantunan lagu wirama lembut “Terimakasih Ibu”, para murid konsentrasi ngesokake isining ati mligi ngenani kabecikane wong tuwane loro, meyang kertas buku. Pratelan sing sasuwene iki mbokmenawa ora tau dilairake langsung marang bapak lan ibune.

Koordinator Guru Bimbingan Konseling (BK) SMAN 2 Bondowoso Tuti Marwati ngandharake, kegiyatan nulis layang tresna katur bapak ibu mau ngiras kanggo mengeti Dina Nulis Surat Sadonya kang tiba saben tanggal 1 September. Lumantar nulis layang, Tuti ngajab wong tuwa mudheng marang kekarepane anak. Jalaran akeh wong tuwa sing kurang ekspresif jrone ngesok kasih sayange marang anak, mligine bapak. 

Kanthi metodhe pembelajaran nulis layang, bocah-bocah bebas nelakake uneg-uneg sing kependhem. Lan sawise layang iku diwaca wong tuwane loro, thukul hubungan psikologis sing saya rumaket lan kuwat antarane anak lan wong tuwa. Tuti Marwati ngaku melu trenyuh sumurup murid-muride mbrebes karo nulis layang. Sebageyan malah ana sing sesenggrukan.

Miturut Tuti rumaketing hubungan emosional antarane wong tuwa lan anak bisa dadi beteng kuwat mbentuk jiwane bocah-bocah remaja, mligine nalika ngadhepi masalah-masalah panguripan. Kanthi sesambungan batin kang rosa mau, si anak ora gampang keplesed menyang prilaku negatip. Mula beteng rosa mau kudu diciptakake wiwit lingkungan kang paling cilik, yaiku kulawarga.

Tumrap Tuti Marwati lan guru-guru BK ing SMAN 2 Bondowoso, satemene akeh cara kanggo nguwatake iketan batin antarane wong tuwa lan anak. Nanging rehne wancine pas karo momentum pengetan Dina Nulis Surat Sadonya, Tuti wekasan njupuk metodhe kasebut kanggo mbudidaya naleni sesambungan emosionale wong tuwa lan anak.

Reinelda Qhair, guru Basa Indonesia kang ngampingi siswa nulis surat, ngandharake kegiyatan mau ora saderma nglatih bocah ngesok isining ati, nanging uga sinau nggambarake rasa pangrasane. Bocah-bocah uga bakal kulina nyusun ukara kanthi tumata, laras karo pesen sing kepengin diaturake marang bapak lan ibune, kang mbokmenawa ora bisa diucapake sarana lisan.

Kepala Sekolah SMAN 2 Bondowoso Hofifah Nurazizah ngalembana metodhene guru BK sing kolaborasi karo guru Basa Indonesia  jrone mbudidaya mbangun mental spirituale anak didik. Miturut Hofifah, bangku pamulangan ora mung saderma ngasah kemampuan intelektual akademik, nanging uga nukulake jiwa kharakter sing becik. Ing kegiyatan kolaborasi kuwi rong tujuwan langsung kecakup. Nggalakake semangat literasi oleh, mbangun kharaktere bocah uga oleh.

Nulis layang kanthi manual uga mengku karep mbalekake maneh semangate bocah-bocah milenial marang tradhisi nulis lan maca sacara manual amrih pakulinan sing biyen tau kelakon kuwi ora kalindhih dening budaya instan sing ngendelake akal imitasi (AI).  Saka segi program sing dikampanyekake dening Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah, program nulis layang tresna iki uga wujud implementasi sinau sing jero, yaiku nyenggol aspek kesadharan jiwa, pembelajaran bermaka, lan pembelajaran menyenangkan.Senadyan nalika nulis layang tresna sebageyan bocah-bocah mau ora kuwat ngampet tangise, nanging ekspresi iku ora ateges sedhih. Kosok baline tangis mau gambaran saka jiwane sing bagya wektu diajak ngeling-eling kabecikane wong tuwa sasuwene ngopeni kawit bayi cenger nganti remaja. Yen kegiyatan iku nduweni dhampak positip marang ngrembakane jiwa si anak, diyakini masalah-masalah nyimpang sing biasane nemahi bocah-bocah remaja sing tingkat emosine durung stabil, bisa disuda. Suwening suwe bocah bakal nemokake kharaktere sing kuwat, kang sabanjure kulina tinarbuka nglairake uneg-unege kanthi langsung marang bapak lan ibune. (Novi Husdinariyanto/Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *