M. Ali Soeparmantoro: Umur Meh Sa-abad, Maca PS wiwit 1937

M. Ali Soeparmantoro (99 taun) ing Mojokerto, lan Sumiah (89 taun) ing Kebumen, klebu pelanggan setiane Panjebar Semangat. Kekarone lengganan kalawarti iki luwih saka setengah abad lawase tanpa gothang. PS wis mbalung sungsum jroning uripe. Positipe, hobi maca njalari lelorone ora pikun ing dina tuwane.

Ature: Kukuh S. Wibowo

Mungguhe M. Ali Soeparmantoro, Panjebar Semangat (PS) bebasan wis mbalung sungsum jrone uripe. Kaya umume wong kecanduan, yen ora maca kalawarti tinresna iki seminggu wae, rasane ana sing kurang. Tumrap M. Ali St -mengkono paraban akrabe yen nyerat ing rubrik Layang saka Warga- sesambungane karo PS wis banget suwene. Trepe wiwit 1937 nalika umure ngancik 11 taun. Sepisan maca, cocog sateruse. Nganti yuswane 99 taun dinane iki, panjenengane ora tau pedhot nyemak isine PS. 

“Taun ngarep umurku wis sa-abad,” tuture nalika disambungi lumantar video call dening Panjebar Semangat, Rebo, 20 Agustus 2025. Semonoa, Ali isih genah. Yen ditakoni wangsulane runtut. Pangeling-elinge landhep, mertandhani panjenengane ora pikun. Isih sanggup ‘nglalap’ isine PS ing wektu telung jam! Siji-sijine sing suda mung pamirenge. Lan, temtu wae, ragane sing saya ringkih.

Miyos ing Madiun, Jawa Timur, 17 Agustus 1926, Ali ngandharake srawung sepisanan karo PS brekat kangmase sing nyambut gawe ana Surabaya. Saben kakange mau mulih menyang Madiun seminggu pisan, ajeg karo nyangking PS. Ali sing wektu semana isih klas III sekolah dhasar lan pinuju ajar maca, nggunakake kalawarti kuwi minangka sarana sinau. 

“Sekolahku biyen kawit SD diajari basa Landa. Kanthi anane PS aku banjur sinau basa Jawa,” ujare bapak peputra pitu, putu 17 lan buyut 12 iku.

Anggone langganan PS ora pedhot nganti diwasa. Kepara nalika panjenengane lunga  menyang Surabaya saperlu golek gaweyan, PS tetep dadi wacan sing ora kena ditinggal. Ing kutha gedhe sa-Jawa Wetan kuwi Ali wekasan oleh pakaryan minangka guru SD negeri lan SMA swasta. Panjenengane banjur dedalem ana Jalan Gading, Kecamatan Genteng. Rehne kantore PS uga ing Surabaya, tur jarak saka omahe ora adoh, Ali merlokake mbayar dhewe abunemen langsung menyang bagian Tata Usaha.

“Aku biyen tepung karo Pak Moechtar lan Pak Srihono (lelorone wis swargi). Karo mbayar langganan kadhang kala takperlokake ngobrol-ngobrol sedhela karo panjenengane,” kandhane Ali.

Staf Tata Usaha PS sing ngurusi bageyan pembayaran, Sri Makartiningsih, nuturake Ali Soeparmantoro klebu pelanggan sing mbayare rutin. Saben sasi ora tau gothang. Kathik anggone mbayar langsung menyang kantor. Sangertine Sri, nganti seprene Ali ora tau nunggak mbayar lengganan. “Rikala panjenengane isih manggon ana Jalan Gading biyen, dhuwite ajeg diterake dhewe,” ujare Sri Makartiningsih, karyawan senior PS.

Sawise yuswane sansaya sepuh, Ali banjur diopeni sacara giliran dening putra-putrane. Saiki panjenengane manggon ana omahe salah siji putrane kang asma Dyah Nurhandayani ing Desa Tunggalpager, Kecamatan Pungging, Kabupaten Mojokerto. 

Miturut Dyah, nadyan saben dinane bapake mung lumah-lumah ana peturon, sarta kadhang kala mlaku menyang plataran sarana disurung ing kursi rodha, nanging anggone maca PS ora tau kether. Saben majalahe teka dina Setu sore, terus diwaca wiwit bubar magrib. Yen wis kadhung nggethu maca PS, kandhane Dyah, bapake ora gelem diganggu gugat. “Ing wekdal tigang jam sampun telas diwaos sedaya isinipun PS. Kula nggih gumun, kok taksih kiyat netranipun,” kandhane Dyah.

Yen pengirimane PS telat, miturut Dyah, bapake mau katon mbingungi. Bola-bali nakokake yagene PS-e ora ndang dikirim. Kaya lagi ngenteni pawongan kang ditresnani sing ora teka-teka. Dyah kandha yen majalahe ora enggal teka ngono kuwi, dheweke mesthi diprentah nilpun menyang kantor Surabaya. “Kula dikengken nangletaken, kenging menapa kok pengirimane telat,” ujare Dyah sing kanthi sabar ngrumat bapake mau.

Sawijine dina Dyah tau nggodha bapake iku kanthi ndhelikake PS sing durung diwaca. Ali mbingungi, kaya-kaya lagi kelangan barange sing paling aji. Rehne suwe-suwe mesakake weruh simbahe lanang bingung, anake Dyah banjur menehake majalah sing maune disingidake kuwi. Sanalika guwayane Ali sumringah.

Dyah uga tau ngguyoni Ali menawa bakal nglereni anggone langganan PS. Krungu omonge Dyah mau, Ali nangis nggugluk. Dheweke ngrerepa supaya Dyah mbacutake anggone abunemen. “Jan muwun nggugluk nika lo wekdal kula sanjangi yen ajeng mandheg lengganan,” ujare Dyah karo ngguyu.

Samengko maca PS dadi kegiyatane Ali ngisi dina-dina sepuhe. Manut panjenengane, kabeh rubrik ing kalawarti mau diwaca tuntas. Nanging sing paling ditunggu yaiku Pangudarasa, Kawruh Agama Islam lan Padhalangan. Nalika ditakoni darbe usulan apa kanggo PS, Ali mratelakake menawa isen-isene udayana iku wis komplit tumrape. “Upama oleh usul, aku pengin PS nulis pengalaman-pengalaman jaman Orde Baru,” tuture.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *