M. Ali Soeparmantoro: Umur Meh Sa-abad, Maca PS wiwit 1937

Sumiah, Maca PS wiwit 1957

Yen ing Mojokerto ana Ali Soeparmantoro, ing Kebumen ana Sumiah (89 taun) sing uga padha-padha pelanggan setiane PS. Ora beda Ali, sendayan suk Desember 2025 iki umure Sumiah genep 90 taun, nanging panjenengane uga isih genah nalika ditakoni lumantar video call. Merga seneng memaca, ngendikane, pikirane isih kajaga. Ora gampang lalen marang pengalaman-pengalaman sing wis mungkur suwe.

Miturut Sumiah, dheweke lengganan PS wiwit 1957 nalika isih ngetutake sisihane sing asma Sugiman, nyambut gawe ing PT Permina (saiki Pertamina) Jambi. Ing omah dhinese wektu semana, Sugiman lengganan surat kabar Suluh Indonesia (Sulindo) kanggo wacan padinan. Ya saka surat kabar kuwi Sumiah sumurup iklane kalawarti PS kanthi pemimpin redhaksi Imam Soepardi. Rehne seneng memaca, Sumiah uga kepengin lengganan PS sing jrone iklan mau kacetha didegake dening pahlawan nasional dr Soetomo.

“Aku banjur nulis layang katur Pak Imam Soepardi, sing wigatine kepengin lengganan PS. Suratku tinanggapan, sing wekasane aku entuk kiriman rutin PS seminggu pisan,” tuture Sumiah.

Taun 1968 Sugiman pensiun saka Permina banjur bali menyang dhaerah asale ing Desa Plarangan, Kecamatan Karanganyar, Kebumen, Jawa Tengah. Sok ngonowa, Sumiah ora medhot lengganane. Dheweke mbacutake maca PS nganti seprene. Ing dina tuwane iki Sumiah diopeni dening putra wuragil saka sedulur papat, Sri Budayati, ing Plarangan, Kebumen.

Satemene baline Sugiman menyang Kebumen mau atas panjaluke Sumiah sing ora krasan manggon ana Jambi. Mangka ing kana Sugiman wis investasi kanthi tuku lahan kebon sing lumayan amba. Nanging merga kabeh sedulure Sumiah manggon ing Kebumen, dheweke pilih bali. Sedhenge ing Jambi tangga teparone Sumiah akeh-akehe wong saka Padang, Sumatera Barat, sing budayane beda. “Aku ora krasan, pilih bali menyang Jawa,” ujare simbah peputu 9 lan buyut 5 iku

Saploke lenganan sepisanan taun 1957, nganti saiki Sumiah terus maca PS lumantar agen ing Karanganyar. Ora tau leren babar pisan. Manut panjenengane kabeh rubrik diwaca, nanging sing didhisikake ajeg Kawruh Agama Islam. Panjenengane ngrasa gothang yen seminggu wae ora maos kalawarti kang terbit wiwit taun 1933 iki.

Sri Budayati, sing kawit setaun pungkasan iki ngopeni ibune, ngandharake pihak kulawarga tau mutusake mandheg lengganan setaun suwene mbeneri pageblug Covid-19 nrajang Indonesia. Anak-anake Sumiah sumelang ibune ketularan virus sing mbokmenawa wae wis nemahi agen sing sok ngeterake majalah menyang omahe mau. Kejaba kuwi, lurung sangarep omahe Sumiah uga ditutup (lockdown). 

Tanpa PS, kandhane Sri Budayati, ibune katon nglangut. Klowang-klawung kaya wong sing kelangan klangenan paling diasihi. Panjenengane bola-bali nakokake geneya kokora lengganan maneh. Akhire Sri bali langganan, lan PS sing ora dikirim saploke mutusake leren abunemen, ditebas kabeh kanggo ijole. “Ibu katon bunggah banget pirsa PS-PS sing setaun ora ditampa iku wekasan dikirim kabeh,” ujare Sri.

Sri Budayati nuturake, dheweke kanthi meneng-menengan tau nggatekake ibune yen pinuju nyekel PS. Diwaca tenan apa ora. Miturut Sri, Sumiah pancen njingglengi isine PS. Yen kesel maos, panjenengane banjur sare. Wungu sare dibacutake maca maneh. “Ibu tau omong ‘Sri, regane brambang mundhak.’ Daktakoni ‘kok ngerti, mbah (Sri mbasakake anake)?’ Jarene ngertine saka PS,” tuture Sri.

Gedhong Panjebar Semangat ing Surabaya

Sri ngandharake Sumiah katon adreng memaca surat kabar. Kejaba PS, Sumiah iya lengganan koran Kedaulatan Rakyat. Sri ngerti ibune hobi maca nganti dina tuwane. Mula dheweke ora kabotan nglangganake rong surat kabar kuwi kanggo hiburane keng ibu. “Ora apa-apa, kena kanggo hiburane ibu. Kabukten merga hobi maca panjenengane ora pikun. Mangka ibuku kuwi ora tamat SD, nanging aku gumun kokduwe hobi maca sing kaya ngono,” tuture Sri.

Nanging Sri ngakoni menawa setaun pungkasan iki daya pamikire ibune rada suda saploke kena lelara herpes. Akibate, Sumiah ngalami gejala dimensia, yaiku sudane fungsi kognitif uteg sacara progresif, mligine lalen. Sri banjur nerapi ibune menyang dokter syaraf seminggu sepisan, klebu disorot nganggo sunar infra merah. Sawise diterapi, daya pangeling-elinge Sumiah bisa pulih senadyan ora sampurna kaya sadurunge lara. Senadyan grengsenge memaca rada susut, nanging hobine mau ora ilang babar pisan. “Sadurunge njenengan tilpun mau, PS anyar pas lagi teka diterake agen. Lha iki langsung diwaos dening ibu,” ujare Sri karo ngadhepake hape-ne menyang pernahe Sumiah sing lagi ngolak-alik PS ana sandhuwure kursi rodha.

Sejene maca, kegiyatane Sumiah  saben dinane sembahyang menyang mushola sing dibangun pihak kulawarga ing ngarep omahe. Rehne Sumiah wis ora kuwat mlaku, Sri Budayati nyurung ibune mau ing kursi rodha. Sawise salat jamaah, kadhang kala Sumiah ora terus mulih, nanging ngoberake maca Al-Qur’an. “Jarene si Mbahe, tinimbang wektu kothong mung kanggo gibah (rasan-rasan) sing bisa njalari dosa, luwih becik dienggo ngaji kareben tambah ganjaran,” kandhane Sri.

Senadyan wis sepuh nanging Sumiah seneng yen diajak dolan-dolan. Rong taun kepungkur malah tindak umrah menyang Tanah Suci bebarengan karo putra-putrane. Sasuwene ibadah umrah kursi rodhane Sumiah disurung Sri Budayati. Ing umrah sing pungkasan taun 2024, miturut Sri kahanane Sumiah rada ngedrop. Nanging sacara umum bisa ngleksanani tahapan-tahapan ibadah mau tanpa ana sing kecicir.  “Yen tindak haji, Mbahe iki wis taun 1996 kepungkur,” tuture Sri. Sri dhewe kadhang kala uga bukak-bukak PS yen weruh majalah mau gumlethak ora dhong diwaos dening ibune. Rubrik sing disenengi Sri Alaming Lelembut, Apa Tumon lan Cergam. Sinambi maca dheweke uga menehi pangerten marang anak-anake bab wigatine sinau basa Jawa. Dheweke ngakoni, ing babagan memaca, semangate isih kalah dibandhingake ibune senadyan umure wis 89 taun (*)

***

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *