
Program Makan Bergizi Gratis (MBG) wiwit dicakake ing tataran sekolah dhasar tanggal 6 Januari 2025 kepungkur. Pancen isih wiwitan, ora mokal menawa ing kana-kene kurang rapi pangleksanane. Upamane tekane panganan sing telat saengga nganggu proses belajar mengajar, menu sing winates, sarta sawatara bocah alergi karo rampadan sing dicawisake. Yen wis mlaku ajeg, program kasebut temtu bakal saya tumata.
Maune saben saporsi sega salawuhe dianggarake Rp 15 ewu. Nanging merga dietung-etung cebloke anggaran gedhe banget, wusana dening pamarentah pusat disuda dadi Rp 10 ewu tanpa susu. Nadyan tibane amung panganan prasaja, nanging wis lumayan mungguhe bocah. Sebab ora saben bocah oleh sarapan sing murwat saka kulawargane krana maneka sebab. Ana sing pancen kulawargane sekeng, ana sing ora kober nyawisake sarapan merga kaselak nyambut gawe, ana sing repot, lan sapanunggalane.
Program MBG sing lagi dicakake mau pancen durung kabeh ngleksanani. Ana sawatara dhaerah sing lagi nyusul seminggu candhake utawa rong minggu candhake. Sok ngonowa diajab mengkone kabeh sekolah dhasar rata nampa program MBG iki supaya ora ana maneh murid sing keluwen ing sekolahan.
Ing desa-desa plosok, MBG prelu digiyatake awit isih akeh murid SD durung klebon sega nalika budhal sekolah. Tumrap warga sing uripe kecingkrangan lan kudu enggal budhal makarya, biasane amung nyangoni anake kanggo tuku jajan. Mangka yen weteng wis kadhung kulina diisi sega, ora mangan sega rasane isih panggah luwe.
MBG pancen program kampanyene Prabowo-Gibran dhek semana. Maune program mau karan makan siang gratis. Nanging bareng Prabowo wis menang program iku banjur diowahi dadi MBG mligi siswa SD. Prabowo ngerigake kabeh sumber daya sing ana jrone ngleksanani MBG mau. Pihak militer uga dilibatake cecawis panganan.
MBG mujudake program becik. Nanging muga tansah diwaspada amrih anggarane sing gedhe banget mau ora ngganggu keseimbangane APBN. Malah bisoa MBG ngungkih uripe pelaku usaha mikro kecil menengah (UMKM) luwih makmur. Upamane kanthi kerja sama nyediyakake kebutuhan lawuhe utawa wadhah panganane.
Aja nganti ana pihak-pihak sing monopoli MBG kanggo kapentingan bisnis pribadi. Sebab ana slenthingan menawa pasokan bahan MBG mau ditindakake dening pemodhal gedhe. Yen wis ditarik menyang arah bisnis, tetimbangane mung untung rugi. Kaya unen-unen sing wis jamak kae, ngendi ana mangan awan sing gratis?

Kalungguhane Kulawarga sajrone Program MBG
Program Makan Bergizi Gratis (MBG) wus dilaksanakake wiwit Senen (6/1/2025) ing sawernane sekolahan saka tataran SD nganti SMA. Program iki minangka prasetyane Prabowo kang kawitan wis mikat kawigatene bebrayan merga saka alasan anggaran nganti sepira kehe porsine.
Menawa program MBG iki didadekake solusi kanggo nyukupi kebutuhan gizine anak, ora dadi baya pangapa yen iki dudu kanggo jangka panjang. Program iki mono sejatine bisa kanggo sarana ngenalake kepriye kang aran “makanan bergizi”. Apamaneh kanthi rega 10 ewu wae.
Tamtu iki narik kawigatene kita banget yen pamrentah bisa sung tuladha bab edhukasi makanan bergizi kuwi mau tumrap sekabehe lapisane masarakat. Bisa dadi referensi menu rampadan ing omah.
Tantangane yaiku kepriye carane supaya kita bisa ngulinakake ngonsumsi rahaban kang kebak gizi nganti dina tembe. Apa iki mung kandheg ing program MBG wae? Rasane banget emane yen mangkono.
Prayogane lingkungan kulawarga uga wis samesthine cawe-cawe sajrone nyukupi kebutuhan gizi saben warga kulawargane. Sebab, apa ya cukup yen nggemateni gizi tumrap rahaban kuwi mung ing sekolahan wae? Ning lirwane yen ing sajabane sekolahan, mbalik maneh ngon- sumsi rahaban kang kurang gizine. Apa perkara iki wis ana sing nyoroti?
Kulawarga tamtu dadi papan kawitane anak sajrone mangun karakter dhiri lan pakulinane. Yen ngonsumsi rahaban kebak gizi wis dikulinakake wiwit saka lingkungan kulawarga, ora mokal yen angka kurange gizi ing Indonesia bakal suda anut lumakuning wektu. Wusana nuwun.
***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital



