Mangsak Lawuh Buka lan Saur

Ibu-ibu wiwit ajeg nyepakake mangsakan kanggo buka? Ing kalodhangan iki ana saperangan resep kang bisa dicoba. Ayo milih wae, sing bahane gampang golekane. Utawa pancen kepengin njajal sing rada suwe olah-olahane? Sing cetha, wajib nggawe lawuh sing ngandhut protein dhuwur.

Iwak Kuwah Santen

Bahan

  1. Iwak (bisa nganggo iwak kakap utawa nila) – 500 gram
  2. Santen kenthel – 400 ml
  3. Godhong jeruk – 3 lembar
  4. Sere – 2 iji, dikeprak
  5. Laos – 2 cm, dikeprak
  6. Brambang – 4 siung, dirajang alus
  7. Bawang – 3 siung, dirajang alus
  8. Lombok abang – 2 iji, iris serong
  9. Uyah sacukupe
  10. Gula pasir sacukupe
  11. Banyu bening – 500 ml

Carane mangsak:

  1. Iwak diresiki lan dikethoki ukuran sedhengan
  2. Panasake lenga ing panci, gangsa brambang, bawang, laos, lan sere
  3. Yen wis sedhep, tambahi godhong jeruk lan lombok abang, diudhak rata
  4. Cemplungake iwake lan dicuri banyu bening
  5. Alon-alon anggone ngudhak amrih iwake ora remuk
  6. Yen wis umob, dibumboni uyah lan gula. Banjur diicipi. Yen wis pas, genine dicilikake, mangsak nganti bumbu rumesep.

Sapi Bumbu Wijen

Bahan

  1. Daging sapi – 700 gram, dikethok dadi 4
  2. Kecap asin – 2 sendhok
  3. Gula – 1 sendhok teh
  4. Jae parut – 2 sendhok teh utawa jae bubuk sasendhok teh
  5. Saos tabasco sethithik wae
  6. Lenga goreng – 1 sendhok
  7. Wijen – 2 sendhok

Carane ngolah:

  1. Kecap, gula, jae, tabasco, lan lenga dicarup. Banjur dinggo ngekum daging sapi. Aja lali sawise sejam, daging diwalik;
  2. Daging ditata ing loyang, dimangsak nganggo micorwave tenaga pol, mung 3 menit wae;
  3. Ditokake banjur diwur-wuri wijen. Mangsak maneh tenaga 50% suwene 3 menit maneh;
  4. Ditokake banjur dinengake sedhela (2-4 menit) sadurunge disugatake.

Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *