
Watara 46 persen lahan perkebunan teh ing Indonesia digarap dening rakyat, 34 persen sisane dikelola BUMN Perkebunan, dene sisane diurusi swasta. Tegese puluhan ewu kulawargane petani nggantungake rejeki saka komodhitas kasebut, senadyan lahan sing diduweni kurang saka sahektar. Sok ngonowa pasokan saka perkebunan rakyat mau ora bisa disepelekake merga nggayuh 35 persen dhewe saka total prodhuksi teh garing nasional ing taun 2020. Diakoni apa ora, petani-petani cilik mau duwe andhil gedhe.
Nanging dhestun para petani teh rakyat mau ngandhepi tantangan kang umum sambung karo prodhuktivitas kebon sing susut jalaran umure taneman saya tuwa sarta kurang diupakara. Winatese modhal njalari taneman sing kudune wis wayahe dianyari mau durung bisa diremajakake. Kebutuhan ekonomi sing saya gedhe nyebabake sebageyan petani teh ing sentra pakebonan Jawa Barat pilih ninggalake lahan saperlu golek pengasilan sing luwih mingsra ing kutha gedhe. Sauntara kuwi anak-anake petani uga luwih seneng nyambut gawe pabrik utawa ngulandara tinimbang methik pupus teh. Satemah lahan teh dadi ora kerumat. Upamaa isih ana sing nggarap, saperangan diganti komodhitas liya sing luwih nguntungake.
Kahanan kuwi njalari ekspor teh Indonesia susut kari 32 persen (45 ewu ton) ing taun 2022. Sebageyan dituku dening industri makanan-minuman dhalem negri sing sabanjure dikonsumsi rumah tangga. Kamangka satemene kebutuhan teh donya tansaya mundhak dadi 6,89 juta ton taun 2022 lan dikira-kira wimbuh dadi 7,44 juta ton taun 2025. Ing kalangan industri teh donya, Indonesia satemene ‘pemain lawas.’ Ironise, tinarbukane pasar manca mau ora bisa dimanfaatake, kosok baline Indonesia saya kedheseg minggir dening pemain anyar.
Cina samengko dadi pemasok teh donya kang paling unggul (1,47 juta ton per taun), disusul India (1,33), Kenya, Sri Lanka, Turki, lan Vietnam. Indonesia mapan ana urutan kapitu kanthi kotribusi mung 2 persen saka output global. Ing sisih liya prodhuksi dhalem negri saya mrosot, saka 137 ewu ton taun 2021 kari 124 ewu ton taun 2022. Sejene petani wiwit ninggalake teh, uga kasebab lahane saya rupak. Ing wektu 20 taun pungkasan, lahan teh iya susut, saka sing maune 167 ewu hektar taun 2001 kari turah 100-110 hektar.
Negara-negara sing biyene dudu pemain utama ing bisnis teh internasional, samengko kasil nyalip Indonesia, utamane Vietnam sing keri-keri iki saya agresif lan adaptif. Sauntara negara-negara importir teh kaya dene Pakistan, Mesir lan Inggris luwih seneng tuku menyang Kenya, India, Sri Lanka lan Vietnam ketimbang marang Indonesia. Ewasemono ora ateges tanpa ana pangarep-arep babar pisan. Merga isih ana konsumen tradhisioal kang luwih seneng nyruput teh Indonesia. Yaiku Malaysia (8.559 ton), Russia (6.618 ton), Amerika (3.258 ton), Cina (2.780 ton), lan Pakistan (2.746 ton).
Cilakane, ing dhalem negri teh Indonesia kudu sesaingan karo teh impor sing regane luwih miring. Sawatara prodhusen makanan minuman ngimpor teh kuwalitas asor mung betheke kepengin ngeruk bathi akeh. Teh asing sing nguwasani pasar teh curah lan pasar teh kemasan Indonesia, njalari petani rakyat saya megap-megap. Kalahe Indonesia sesaingan karo teh mancanegara antara liya disebabake karo kurange hilirisasi (industri pengolahan sing duwe nilai tambah). Sasuwene iki Indonesia luwih seneng ngedol teh mentah kang arupa godhong garing menyang manca tinimbang wujud omben-omben teh kemasan.
BUMN Perkebunan wis kupiya ngetokake prodhuksi teh siap com, upamane merek Walini dening PTPN VIII. Nanging pangaruhe isih kalah karo kompetitor. Industri swasta nasional pancen keconggah ndominasi pasar lokal. Nanging mligi teh com premium, pasar dhomestik malah dibanjiri prodhuk-prodhuk impor. Upamane teh ijo saka Jepang, chamomile lan earl grey Eropa, lan milk tea instan saka Thailand. Teh-teh kemasan saka luwar negri mau luwih akrab ing kalangane kawula mudha Indonesia tinimbang teh gaweyan lokal.Kanggo mbalekake kedaulatane teh Indonesia, dibutuhake strategi nasionalisme ekonomi kanthi dhasar teh. Sepisan, mikuwati hilirisasi lumantar investasi industri olahan. Kapindho, ngayomi pasar dhomestik saka serbuan teh impor sing luwih murah. Katelu, ora kendhat kampanye ‘Cinta Teh Nusantara.’ Kapapat, pamarentah menehi panyengkuyung teknologi lan modhal marang UMKM supaya bisa ngasilake prodhuk kang duwe nilai tambah. Kalima, mbangun identitas geografis kanggo ngangkat citrane teh dhaerah, upamane Teh Java Preanger, utawa Teh Sumatera, kang didol ing pasar global. (Kuntoro Boga Andri/Antara)