Staf Ahli Sekretaris Deputi Promosi dan Kerjasama Badan Gizi Nasional (BGN) Rustandi Wira Manggala nuturake, program Makan Bergizi Gratis (MBG) kuwawa ndhongkrak lakune ekonomi Nusa Tenggara Barat lumantar usaha mikro kecil lan menengah utawa UMKM sing entuk keuntungan. Sebab akeh klompok UMKM sing temahan digandheng BGN kanggo masok bahan pangan marang Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi (SPPG).
“Akeh UMKM oleh garapan minangka supplier kang nyawisake bahan pangan sing dibutuhake pawon SPPG,” kandhane Rustandi ing kegiyatan Festival Kemudahan dan Perlindungan UMKM ing Lombok, NTB, Selasa, 16 September 2025.
Miturut Rustandi, anane MBG otomatis nguntungake prodhuk lokal merga pamarentah ngajak tembayatan UMKM ing dhaerah kasebut kanggo nyetok kebutuhan pokok pangan kaya dene beras, endhog, tahu, tempe, iwak pitik, iwak laut, sayuran lan woh-wohan. UMKM sing gegayutan karo rante pasok bahan pangan mau, kandhane Rustandi, sacara ora langsung nduweni sesambungan karo koperasi lan pihak sekolah, saengga njembarake aksese UKMK mau marang pasar kanggo kulakan kebutuhan pangan.
“Yen UMKM ora melu program MBG lumantar SPPG, mbokmenawa dodolane rada angel jalaran akeh saingane. Kanthi anane SPPG, UMKM minangka supplier akhire oleh rejeki,” ujare Rustandi.
Dheweke yakin puteran rodha ekonomi lokal saya banter brekat anane program MBG merga bahan bakune dipasok saka petani, peternak, nelayan lan prodhusen-prodhusen cilik ing sakiwa tengene sekolah kang murid-muride oleh jatah mangan awan gratis. Menteri Koordinator Bidang Pemberdayaan Masyarakat Muhaimin Iskandar ngalembana upayane BGN ndhongkrak UMKM lokal liwat rante pasok bahan pangan MBG. Muhaimin ngajab MBG bisa mbentuk ekosistem sing sansaya mikuwati UMKM saengga kabeh methik keuntungan saka program andelane Presiden Prabowo Subianto kuwi. “Yen kabeh oleh keuntungan, ekonomi lokal wimbuh kuwat,” tuture Muhaimin. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







