Melik Nggendhong Lali Oknum Pulisi

Sawenehe anggota pulisi ing Probolinggo mentala mrajaya adhine ipe sing isih aktif kuliyah. Dinuga ana pepinginan nguwasani donya brana warisan ing walike rajapati wengis mau.
Aparat pulisi ngevakuasi jisime Faradila saka njero ilen-ilen ing Wonorejo, Pasuruan. Inzet: Faradila.
Foto: repro Radar Bromo

Pandom jam nuduhake angka 06.30 nalika Rohim (45 taun), warga Klampisrejo, Kecamatan Kraton, Kabupaten Pasuruan, nguwot kalen saperlu arep mokleki jagung  sing pancen wancine ngerah, Selasa, 16 Desember 2025. Sawah sailat duweke Rohim iku mapan ana tepine dalan gedhe Malang-Pasuruan, trepe ing Desa/Kecamatan Wonorejo, Kabupaten Pasuruan. Saka ratan gedhe menyang sawahe Rohim disigar dening ilen-ilen sing banyune kanggo ngoncori tanduran.

Ora njarag mripate Rohim nyumurupi jisime wanita mengkurep ana njero kalen. Sandhangan arupa jaket ireng, clana krem isih jangkep. Malah kepara helem rupa pink barang isih dianggo ana sirahe. Sekawit Rohim ngira jisim kuwi kurban tabrak lari. Rohim agahan madulake apa sing diweruhi mau marang Su’ud (55 taun), paklike, sing uga arep manen jagung ing sawah kuwi. Su’ud banjur nerusake lapuran kuwi menyang Kepala Desa Wonorejo, Lukman Hakim.

Pulisi sing teka menyang lokasi ora butuh wektu suwe kanggo ngenali idhentitase kurban. Saka dhokumen sing isih digawa ana sanjerone tas, diweruhi menawa kurban aran Faradila Amalia Najwa (21 taun), warga Desa/Kecamatan Tiris, Kabupaten Probolinggo. Dheweke uga kacathet minangka mahasiswi Fakultas Hukum angkatan 2024 Universitas Muhammadiyah Malang.

Kepala Bidang Hubungan Masyarakat Polda Jawa Timur Kombes Polisi Jules Abraham Abast.
Foto: Antara

Lan kurang saka 24 jam, Unit III/ Tindak Kejahatan dan Kekerasan (Jatanras) Direktorat Reserse Kriminal Umum Polda Jawa Timur mikut Brigadir Polisi Kepala (Bripka) AS, anggota Provost Polsek Krucil, Polres Probolinggo Kabupaten. Oknum aparat sing kapernah kakang ipene kurban kasebut dinuga dadi dhalange rajapati.

Kepala Bidang Humas Polda Jawa Timur Komisaris Besar Polisi Jules Abraham Abast nuturake, wiwit mula pulisi wis nyujanani AS. Kasujanan mau wimbuh kuwat sawise hape-ne Faradila kasil ditemokake penyidik lan isine komunikasi antarane kurban karo AS dijingglengi. Sejene kuwi, pulisi wis ngamanake rekaman CCTV ing lokasi kang nuduhake mobil Mitsubishi Triton dhobel kabin wira-wiri kaya-kaya lagi golek enggon kanggo ngguwang jisim.

“Penyidik wis entuk alat bukti, pituduh lan katrangan saksi kang arahe tumuju marang AS. Mula dheweke langsug ditetepake minangka tersangka lan ditahan ana sel polda kanggo kapentingan penyidikan,” ujare Jules Abraham ing markas Polda Jawa Timur, Surabaya, Kemis, 18 Desember 2025.

Sedina bacute, Jumuah, 19 Desember 2025, pulisi mikut Suyit (38 taun) meneri dheweke nyepedha motor ana Jalan Raya Panglima Sudirman, Kraksaan, Kabupaten Probolinggo. Warga Krucil kuwi disujanani mbiyantu AS mrajaya Faradila. Maune pulisi kober kangelan nggoleki tlacake Suyit jalaran saploke rajapati iku kawiyak, dheweke mbudidaya mlayu kanthi ngolah-ngalih pandhelikan ing Probolinggo,  Lumajang lan Pamekasan, Medura.

Jumuah bengi watara jam 23.00, glibete Suyit disumurupi penyidik ana Jalan Raya Panglima Sudirman, Kraksaan. Suyit sing krasa ditutake pulisi, rerikatan mbandhangake kendharaan. Rekane arep mbudidaya  lolos saka sikepane pulisi, nanging tanpa guna. Kober dumadi oyak-oyakan ing dalan gedhe mau sadurunge dheweke pasrah dirangket. “Pulisi isih nglarah apa ana wong liya maneh kejaba AS lan Suyit sing kembet karo prekara iki,” kandhane Jules.

Ewasemono kanthi pawadan kasuse isih didalami,  Jules Abraham durung gelem ngungkap apa satemene motif-e rajapati daksiya kuwi. Penyidik, ujare Julis, isih ngenteni asil otopsi jisime Faradila saka Rumah Sakit Bhayangkara Polda Jawa Timur.  Jules uga durung gelem mrinci apa peran sing dilakoni Suyit ing prekara kuwi. Panduga sementara kurban tinggal donya merga ditekak gulune.

“Sing cetha lelorone wis mupakatan  mrejaya kurban, klebu ngguwange jisim uga bebarengan. Nanging apa peran siji lan sijine durung bisa dakomongake saiki merga isih ditliti dening penyidik, klebu nunggu asile otopsi. Kita tunggu wae,” ujare.

Jules nemenake, Polda Jawa Timur ora arep nutup-nutupi kasus rajapati kuwi senadyan pelakune oknum pulisi. Kepara AS bakal diseret menyang rong pengadilan, yaiku pengadilan kodhe etik internal kapulisen lan pengadilan umum. Yen kabukten luput, ora mung statuse minangka anggota pulisi wae sing dipocot, nanging uga isih dilebokake pakunjaran.

Pengin Nguwasani Warisan?

Kober timbul panyakra bawa  menawa ana sesambungan peteng sing didhelikake antarane Bripka AS lan Faradila ing walike rajapati mau. Eling-eling mahasiswi kang ayu rupane kuwi kapernah adhi ipe. AS nyraya Suyit mbiyantu mateni kurban merga kurban kebacut ngandheg. Nanging pandumuk mau dibantah dening kulawargane Faradila. Apa maneh anggepan mau ora kinanthen bukti medhis resmi.

Pihak kulawarga kurban malah sujana rajapati kuwi sinartan motif Bripka AS kepengin ngrebut warisan donya sarta aset-aset perusahaan  sing tembene ditinggalake dening maratuwane aran H. Ramlan. Dikutip saka portal berita beritajatim.com H. Ramlan pancen mujudake pengusaha kondhang sarta tokoh masyarakat sing disungkani dening warga Krucil. Salah siji krabate Ramlan, Agus Subianto, ngandharake, AS wis ngatonake tindak-tanduk kepengin ngehaki warisane maratuwa saploke rabi entuk mbakyune Faradila. 

Nadyan satemene wis diwenehi bageyan dhewe dening maratuwane, antara liya arupa toko lan mobil,  nanging AS sajak kurang marem. Dheweke isih mbudidaya ngrayah jatah warisan duweke sedulure. Pakartine AS sing kaya mangkono mau wekasan njalari kulawargane Ramlan dadi congkrah. “Malah ana anggota kulawarga sing kepeksa pindhah omah merga ora betah tukaran karo AS terus,” ujare Agus.

Faradila minangka anak ragil, kandhane Agus, dinuga wis diwenehi bageyan sing luwih strategis dening bapake. Kepara ana unit usaha mencutake sing dicawisake dening Ramlan kanggo Faradila ing tembe. Nanging unit usaha sing bakal diwarisake Ramlan marang Faradila iku njalari AS melik. AS nuli gawe krenah piye bisane supaya bisnis sing arep diwenehake Faradila kuwi bisa ceblok marang dheweke. Ora ana dalan liya, adhi ipe kuwi kudu disingkirake.

Kanggo mujudi niyat candhalane mau AS banjur ngajak Suyit. Tumrap AS Suyit kena diarani dudu wong liya awit dheweke tau nyambut gawe ana tokone AS suwe. Suyit wekasan metu awit duwe utang Rp 2,5 yuta marang juragane lan nganti seprene durung bisa nyaur. Sok ngonowa, AS lan Suyit isih sok komunikasi. Suyit ora nulak nalika diajak AS mungkasi nyawane Faradila.

Marang wartawan sing nemoni, H. Ramlan ngakoni menawa wis suwe anggota kulawargane ora akur merga pokal gawene anak mantu. Nanging Ramlan babar pisan ora nyana yen sesatron kuwi nganti niwasake Faradila, anak ragil sing paling ditresnani. “Aku ora mbayangake yen nganti tega mateni,” ujare sedhih.

Ramlan ngajab AS diukum saadil-adile laras karo kaluputane. Sebab pakartine sing wengis mau padha karo ngrampas dina tembene anak ragil sing isih aktif kuliyah mau. “Panjalukku supaya dheweke diukum saabot-abote,” kandhane Ramlan.

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *