Merah Putih One for All: Nasionalis kang Mung Ujar Lamis?

Bab edipeni lan orane sawijining karya kuwi mono pancen relatif lan individual. Endah mungguhe sijine, durung tamtu endah mungguhe liyane lan kosokbaline. Ewadene, pambijene karya racake uga asipat kolektif. Ateges, tetimbangan bab kaendahan karya ora uwal saka pasarujuke wong akeh.

Jepretan layar filem Merah Putih One for All (sumber Historika Film)

Filem animasi 3-D bocah Merah Putih One for All kang diprodhuksi kanggo mengeti ambal warsa ka-80 Republik Indonesia keri-keri iki mecut tuwumuhe ruhara satengahe masarakat, mligine bab kritik pedhes marang kuwalitas animasi lan aluring crita kang kaanggep kurang sulistya. Apamaneh kinanthi anane isu gedhene dana kang ora satandhing kalawan asiling filem kasebut.

Pancen pambijene masarakat tumrap filem kasebut kaya-kaya ora netepi adil jalaran fileme wae durung tayang ing layar amba. Nanging trailer filem kasebut kang wis diwetokake saka pehak prodhuksi tamtu ora bakal apus-apus krama.

Manut rejaning jaman iki, kabeh wis padha ngerti lamun trailer kinarya gegambaran awal sakabehing wosing filem kang bakal ditayangake. Trailer uga minangka gaman utama mungguh pehak prodhuksi anggone mromosekake fileme utawa ora ketang kanggo ngukur panyruwene pasar kang disasar.

Wondene tumrap trailer filem Merah Putih One for All, masarakat racake rumangsa ora marem marang kuwalitase. Ing saindenging jagading medhia sosial, akeh semliweran maneka unggahan kang nyebutake menawa filem iki isih adoh saka ekspektasi jumbuh karo rasa kurang sengseme masarakat.

Sawijning adegan sajrone Merah Putih One for All kang dadi gegambaran kurang edipenine filem iki

Omah prodhuksi kang manggone ing Yayasan Pusat Perfilman H Usmar Ismail kinarya panggarape filem iki. Disutradharani Endiarto binarung Bintang Takari kang tinanggenah minangka panulis naskah, edhitor, lan animator-e.

Film iki nyritakake wolung bocah saka maneka suku dhaerahe kang piniji minangka Tim Merah Putih. Wajibe tim kasebut njaga Sang Dwiwarna ya gendera abang putih nganti gumelare upacara pengetan 17 Agustus. Ewadene, telung dina nuju gumelare upacara, genderane malah ilang. Wolung bocah kasebut banjur njajah bumi milang kori nuju sakehing papan panggonan saperlu mbalekake gendera kang ilang kasebut.

Ora Slaras karo Kang Dikarepake

Isu kang digegerake ing satengahe masarakat yaiku dana kang diglontorake kanggo filem iki gedhe banget. Kerta-ajine tembus nganti watara 6.7 M. Tur proses panggarape ora kemput sawulan. Ngeling-eling sejatine panggarape filem kang kuwalitase apik bisa mbutuhake waktu mataun-taun. Akeh uga kang mitakonake bab transparansi anggaran lan alokasi danane filem Merah Putih One for All.

Sing agawe gawoking manah yakuwi filem Merah Putih One for All kasil ngolehake jadwal tayang ing bioskop tanggal 14 Agustus 2025 senajan isih akeh filem Indonesia liyane kang antre. Bab kasebut mecut sorota marang sistem dhistribusi filem ing Indonesia kang kaanggep ora adil.

Wondene satengahe ruhara iki, Prodhuse Eksekutif filem Merah Putih One for All, Sonny Pudjisasono njaluk supaya masarakat ora kesusu ngudhal kritik dhisik. Dheweke nyumanggakake masarakat kanggo nonton dhisik filem iki ing bioskop, banjur bisa menehi pambiji.

Hanung Bramantyo ora ketinggalan ngaturake panyruwene bab filem Merah Putih One for All kang rinasa kurang netepi pantes

Hanung Bramantyo, sutradharane filem-filem kesuwur ing Indonesia, uga ngaturake panyaruwene marang ramene filem Merah Putih One for All ing satengahing jagad maya. Lumantar unggahan akun Instagram pribadine, ujare Hanung, filem animasi kang apik yekti ora bakal kacukupan mawa anggaran 7 M.

“Filem animasi sing apik racake mbutuhake anggaran saora-orane 30 M, lan 10 M kanggo promosine. Dene wektu sing dibutuhake lumrahe 5 taun,” ujare Hanung kaya dene ing unggahan akun Instagram pribadine.

Hanung uga mratelakake yen pasulayan sajrone filem iki dudu mung krana pehak prodhuksi, nanging pehak kang asung proyeg. Pandugane Hanung, ana pandheseg bab filem iki kang kudu ditayangake ing wulan Agustus kanggo nyasar momen tontonan pejabat kementerian kang isih mengku wajib.

Filem Merah Putih One for All nyata uga ditandhing-tandhingake karo filem Jumbo dening masarakat. Iki mono wis lumrah sebab kekarone kaanggep minangka karyaning siwi bangsa. Perlu kauninga dene Jumbo digarap suwene limang taun kanthi anggaran sandhuwure 40 M. Filem Jumbo kang wis tayang duk Maret 2025 wingi nyata bisa mikat kawigatene masarakat lumantar detail animasi lan sinematografine kang sarwa tata.

Dene Merah Putih One for All kosokbaline. Prodhuksine kesusu, sumber dayane winates, lan asile kurang patitis. Lamun filem Jumbo dialembana minangka landhesan anyar animasi lokal, Merah Putih One for All kapinujon mecut geger bab standar minimal kang pantes ginawa menyang layar amba.

Apa Bener Nasionalis?

Pehak Badan Bahasa Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah ngunggah postingan kang kaanggep nggepok senggol anane filem Merah Putih One for All. Ing akun Instagram resmine, unggahan kang asesirah Nasionalis, tetapi Pakai Bahasa Asing? tetela wimbuh ramene isu satengahe jagad maya iki.

Unggahan Badan Bahasa ing akun Instagram resmine

Lumantar unggahane kasebut, Badan Bahasa nyethakake dene basa Indonesia kudu dicakake kanggo ing maneka werna panggonan, klebu judhul filem. Apamaneh yen ancase ginayut karo bab nasionalisme Indonesia. Landhesane yaiku Undang-Undang Nomer 24 Taun 2009 ngenani Gendera, Basa, lan Lambang Negara sarta Lagu Kabangsan.

Nggunakake basa manca minangka judhul filem sing apepunjer bab nasionalisme lan kabangsan, nanging nglirwakake basa Indonesia kuwi cetha paradoks utawa ora slaras karo landhesan kuwi mau. Yen kepengin generasi mudha nresnani ibu pertiwi, rak ya prayogane kawiwitan saka tumindak memundhi basa Indonesia?

Ing pamungkase unggahan kasebut, Badan Bahasa uga nandhesake lamun basa kuwi kinarya tengara utawa identitas. Nasionalisme dudu mung bab simbul dwiwarna abang putih, nanging uga bab njejaga panganggone basa Indonesia kang temempel ing ruang publik.

Nasionalis kang Mung Ujar Lamis

Pancen, filem Merah Putih One for All kang mengku gati bab pasinaon nasionalisme kuwi tayang ing swasana kang strategis, yaiku ing wulane kamardikan bangsa. Ewadene, kuwi ora nyatane ora bisa jumbuh karo kekarepane masarakat bab selera filem.

Semono uga, sejatine ora kabeh karyaning siwi bangsa kudu dipepundhi rikala antuk embel-embel nasionalis. Menawa kurang netepi standar paugerane, ya pancen idheale kudu dikritik lan dievaluasi. Kurang lan tambahe dititipriksa murih dadi lelandhesan undhak-undhakane kuwalitas karya. Saka ruharane panonton iki, bisa kadudut menawa indhustri animasi filem lokal yekti ora mung saderma mbutuhake semangat lan rancangan kang tharik-tharik, nanging uga standar prodhuksi lan panyengkuyung kang kuwat.  Pitakone, apa filem nasionalis kuwi pantes ditayangake nalika teknise durung mateng?

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 20

One comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *