Mujarabe Si Pitik Walik Saba Kebon

Dudu pitik kewan abur-aburan kang cekere kerep dadi mangsakan iku lho! Ananging iku cangkriman pepindhan, kang adate para maos wis kerep krungu. Batangane yai- ku nanas. Woh kang wujude bun- der rada dawa, ukurane luwih saka sakepel, lan kulite ana sisike. Umume wernane kuning semu abang yen wis mateng.

(SHUTTERSTOCK/ITUMMY)

Nanas kerep dadi salah sijine woh kang dinikmati minangka nyamikan utawa sawise dhahar. Lumrahe mung dioncek lan diirisi, banjur dirahabi ngono wae. Ana- nging ana uga sing migunakake nanas kanggo sarana njaga kasu- listyaning badan.

Contone, nanas bisa kanggo bahan ngalusake kulit kang mbe- kisik lan tungkak sikil kang mbengkerok. Yaiku kanthi marut daging nanas, banjur dileletake kulit lan kanggo kosokan udakara 5 menit. Sawise iku dinengake dhisik, banjur dibilas banyu resik. Yen katindakake ajeg seminggu pindho, kulit mbekisik malih mrusuh, tungkak dadi alus.

Nanas kang uga kadhar serate dhuwur, uga cocog dadi asupan kanggone sing kepengin dhiet. Ananging, sepira gunggunge, ya kudu diselarasake. Aja nganti keladuk.

Karyawan pusat gizi ing RS Islam A. Yani Surabaya, Arini Wulandari Amd, ing kalodhangan iki urun pengalaman ngenani inuman asil racikane. Salah siji bahan bakune yaiku nanas.

(Pixabay/WonderfulBali)

Bahan

  • Nanas 1⁄2 iji
  • Kunir 1⁄2 ros, dibakar sedhela
  • Jae sakros, dibakar sedhela
  • Kurma 3 iji, buwang wijine
  • Jeruk nipis siji, diperes
  • Uyah 1⁄4 sendhok teh
  • Wedang bening 500 ml

Carane Nggawe

1. Nanas, kunir, jae, lan kurma diblender nganti alus,

2. Tambahake peresan jeruk, uyah, lan wedang bening,

3. Saring ing gelas,

4. Yen kepengin luwih legi bisa diimbuhi madu.

Saka inuman kasebut, kejaba legi kecut seger, uga akeh gizine. Yaiku:

  • Energi 156,0 kal
  • Protein 2,9 gram
  • Lemak 1,9 gram
  • Karbohidrat 38,4 gram
  • Serat 6,1 gram
  • Vitamin C 26,2 gram

Dene pigunane, ora mung kanggo nyuda ngelak wae. Sawise diunjuk, gizi saka woh-wohan lan empon-empon mau sinerep badan lan bisa nyengkuyung kasarasan. Apamaneh, yen olehe ngombe ajeg, ora mung sepisan.

Khasiyate yaiku:

1. Nyegah kanker: nanas ngandhut bromelain kang efektif kanggo nangkal kanker.

2. Ngawekani bakteri ala ing tutuk: kunir lan jae bisa mrantasi bakteri ala ing tutuk, mbiyantu ngatasi radhang gusi, lara untu, uga abab kang mambu.

3. Ngundhakake daya tahane ba- dan: jeruk nipis (ana sing ngarani jeruk pecel), kadhar vitamin C-ne dhuwur, kang piguna kanggo njaga daya tahane badan.

4. Sumber antioksidan: kurma mujudake salah sijine sumber antioksidan kang bisa ngayomi badan saka radhikal bebas. (lie)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *